Rabu, 10 Februari 2010

KALIREN


Tengahing ratri wis tumapak nanging sunar kauntungan durung durungbisa madhangi Muhamad Abdel Qawi.Nom-noman saka kulawaraga sugih brewu iku wis bola-bali ngalami kekalahan main kertu, kekalahane saya tambah kliwat saka patang puluh poun ing dalem telung jam.Iki meh saben bengi.Sing luwih cilaka maneh babar pisan ora perduli kekalahane mau. Terus anggone main, ngombe lan main karo kancane.
Nalika sikile wiwit jumangkah ninggalake meja main, dheweke wis lali karo apa sing ditindakake.Bengi iku leren anggone main,jalaran kepengin banget mlaku-mlaku ngiras nyegerake awak.Dalan-dalan wiwit sepi, hawa seger temenan, sawijining rasa sing bisa mulihake otot-otot kang lungkrah. Jangkahe alon-alon singsot-singsot lirih kadhangkala rada banter sithik, mlaku terus tanpa tujuan.Bareng wis rada sawetara, menggok manengen ngener kreteg Kasrel Nil. Disawang bae kreteg iku adoh tekan kana nglangut,nyebabake lakune dirikatake. Sikile wiwit munggah kreteg, alon-alon maneh lakune, dimen bisa nikmati hawa bengi. Kendaraan sing liwat sawetara wae, lete lan cepete padha.Lakune wis oleh saprotelon kreteg,ora kasengaja meruhi wong lanang manganggo rowak-rawek, sendhen neng pagere kreteg sangga uwang nyawang kali.Ora dadi kawigatene, lakune diterusake. Tekan watese kreteg mbalik wong mau isih ana kono, tingkahe iya isih tetep sangga uwang ora owah sethithik. Mananwa wae keturon ora krasa. Ora kanyana-nyana wong mau kejungkel, trengginas Abdel Qawi aweh pitulungan. Kurang sadetik mesthi kejegur kali, untung tangane kiwa kecekel. Sing ditulung nguwasi kalem, kaya-kaya ora ana kedadeyan apa-apa.Abdel Qawi lagi ngerti yen wong iku kuru lan praupane pucet.
"Apa sing kok karepake ?".Ora ana wangsulan,wong mau meneng bae. Kena apa wani tumindak kaya ngene? Kewan wae ora gelem nglalu, pikire.
"Apa kowe temen-temen arep nglalu? Geneya?Apa kowe mabuk utawa gendheng? Demi Allah critakna, he kewan !".
"Aku kaliren"wangsulane alot.
"Kowe ngapusi! Asu bae bisa nemokake panganan, lan aku ora percaya yen ing negara kene ana wong mati kaliren. Kowe mesthi tumindak ora bener, adol obat bius mbokmanawa?".
"Aku ora nyalahke kowe.Apa kowe ngerti tegese aliren? Wis nate menangi? Wis kok rasakake nalika nahan weteng perih kaliren? Lan tangise bocah-bocah wis tau nggrebegi kupingmu?Terangna kowe sing ngaku-aku dadi manungsa! Yen pancen ora ngerti golekana wangsulan apa sing jenenge kaliren keparat iku". Abdel Qawi rumangsa kagugah atine, rasa welase thukul banjur takon.
"Temen kowe duwe bojo lan anak?".Wong mau iya mangsuli kebak kekendelan.
"Biyen aku duwe omah.Aku nyambut gawe ana pabrik, duweke Abdul Qawi Shaker".Nom-noman mau kaget krungu jenenge bapake disebut, meh ilang kesabarane, nanging isih bisa nyandhet.
"Dadi kowe nyambut gawe ing kono?".
"Bener. Bayaranku nem piaster(dhuwit Mesir pen)sedina.Aku disenengi lan diregani.Aku bisa ngeneng-ngeneng tangise bojoku lan anakku enem. Kesabaranku cukup tinimbang juragan pabrik, sebab aku matur nuwun karo apa sing tak asilake.Juraganku sambat, mider-mider golek rekadaya kanggo nambah bayaran pegawaine lan ngetung-etung dhuwit sing aku ora ngerti.Pancen uripkuadoh saka cukup,nanging aku duwe pengarep-arep wektu kang bakal teka". Wong iku leren.Wewayangane wektu kepungkur, kaya-kaya ngentekake kekuwatan lan tenagane. Abdel Qawi dadi ora sabar.
"Bacutna , critamu nganti ana kedadeyann mangkene!".
Wong mau ngangkat tangane sing tengen, utwa apa sing isih ana ing ngisore lengenan klambi. Bisa dideleng sawijining balung nongol dudu sebaine.Tangan kiwa nudingi.
"Kowe weruh iki?Mesin nibani tanganku nugel perangan sing dak andelake.Aku dadi barang sing tanpa guna.Sawise aku waras, aku ngadhep juraganku atiku kebak pengarep-arep.Dheweke emoh nampa tekaku mung diwelasi sithik.Kuwi kesalahanku dhewe lan nyalahake sembranaku. Kanthi sinis juraganku menehi pesangon sethithik. Tak jelasake yen dhuwit samono bakal ora suwe lan aku bakal mati kaliren.Juragan janji arep menehi telung puluh piaster saben wulan, aku iya ora kuwawa jaluk luwih saka iku.Lagi tak ngerteni yen uripku ajur,ibuku, bojoku, enem anakku lan aku dhewe pancen ditakdirake kaluwen urip sangsara.Aku ngacungake tangan sing buntung neng dalan, supaya wong-wong mesakake.Gusti ngerti,apa tegese tindakku mau. Meh ora oleh apa-apa klebu nyuthiki tong larahan kanggo nemokake sisa panganan. Wates kekeuatanku kanggo ngregani awakku entek, aku wiwit nglokro. Kepeksa barang sing ana dak dol, malah barang sing banget dak butuhake uga katut. Panganggo entek anak-anakku prasasat wuda.Kaliren saya dak rasakake, tangise anakku banget nyusahake.Sajroning kaliren luwih gampang tinimbang nyawang anakku, nyawang bapake, eluhe dleweran:"pak aku luwe".Pasiksan sing banget nandhese.Aku ora seneng urip iki, aku ora seneng jagad saisine.Salah sijine kanca ngemis ngomong ngene"kowe ku kaya prawan sugih lan ugungan bae, sing biasa mangan setengah kilo daging saben dina. Kowe bisa biasa, kaya apa sing biasa dak tindakake yen ngadhepi anak-anakku.Gepuken nganti bisa lali luwene...."Wong iku leren anggone crita, ambegane menggeh-menggeh.Abdel Qawi sing sugih mau ora sabar, golek wangsulan sing sakira bisa kanggo ngadhepi persoalan iki.
"Apa iku sebabe kowe arep nglalu ?".
Wong mau gedheg, kaya-kaya kepengin yen critane durung entek. lan dicritakake maneh."Bengi nalika aku mulih,gumun weruh anak-anakku padha turu kepati. Apa wis biasa turu weteng kothong, nganti ora duwe rasa luwe? Anakku sing gedhe dak gugah, alon-alon dakjak lungguh. "Aku mari mangan roti panas"ngono omonge sajak ora nglegewa"saka sapa?" dak takoni."Saka paman Suliman tukang roti".Jeneng iku banget ngagetake atiku.Tanganku nyekel tangane sing cilik iku, nunggu tanggapane kanggo wangsulan tanggapanku dhewe:"apa makmu dikongkon jupuk nyang pabrike?".Anakku mangsuli"paman kongkonan anake lanang, ngeterke mrene".Sanajan ora ana alasan kanggo nyalahake, aku nesu banget.Mripatku natap bojoku.Ambeganku seseg.Bojoku turu kepati sawise wetenge isi sarana cah cilik anake tukang roti sing babar pisan ora ditresnani lan nupuk kauntungan sasuwene iki. Aku uga ngerti.....aku ngerti yen aku duwe rasa cemburu,nesu,kejahatan mesthi dak tindakake. Apa dak tekak wong wedok iku?Pikiran ala ngebaki dhadhaku, nganti pandelengku tumuju bocah-bocah.Kepriye yen nganti ora duwe emak lan bapak? Aku bingung.Nanging kanggo nyandhet nesuku angel, sikilku wis kadhung ndhupak sadurunge aku lunga maneh. Tangise sing memelas mbarengi lakuku. Aku bali mlaku-mlaku maneh kaya sakawit. Ngemis? Krenteg kanggo ales ukum banget nyiksa ati.Apa tukang roti Suliman dak pateni? Apa Abdel Qawi Shaker bae?Apa sing daktindakake tanpa anane tanganku sing tengen? Lakuku tekan kene weruh kali.Kali Nil banget dak idham-idhamke.Tekadku wis gembleng lan nuduhake kepriye kanggo ngaso kanggo salawas-lawase. Tembung mati sithik mbaka sithik krasa, yen sawiji dina mesthi tumiba awakku, sajroning aku mikir nasibku, kaliren, sambate bocah-bocah lan piye kabeh mau bisa katulungan. Aku matur nuwun karo Gusti sing Maha Agung, dene ora ana pepati sing nemahi bojoku.Aku arep ngidini mangan kanthi jujur,apa iku saka Suliman utawa wong liya.Aku siji-sijine wong sing kudu nggolekake pangan, dadi aku wani korban.Lan nalika kabeh mau arep dak tindakake,kowe ngalang-alangi.Ngerti saiki kesalahanmu?".
Abdel Qawi ngrungokake crita mau temen-temen.
"Apa kowe arep mbaleni aneh?".
"Ora perlu takon".sawijining wangsulan sing kalem nanging nandhes.Abdel Qawi mesem,tangane rogoh-rogoh sak lan nemokake dhuwit sepuluh piaster, diwenehake wong mau.
"Iki ana dhuwit tampanen.Sesuk esuk tekaa nyang pabrik olehmu nyambut gawe biyen. Aku ana kono, iki kertuku. Tuduhna sapa bae sing wani ngalang-alangi kowe mlebu". Wong mau diseret adoh saka kreteg.
"Keputusanmu aja kok tindakake.Isih ana dalan.Kowe bisa nyambut gawe jaga utawa apa sing kowe kuwagang.Muliha lan pikiren sing temenan.Oh iya sapa jenengmu?". Wong iku kaged, banjur mangsuli " Ibrahim Hanafi".
Tangane njongkrokake maneh nganti wong mau temen-temen adoh saka kreteg.
"Tindakna apa jare kandhaku Ibrahim sugeng dalu".Karo mikir ora leren-leren Abdel Qawi lunga.Kalonggaran apa nganti dheweke ngani tekan kene? Diakoni yen tekane pancen pancen aweh pitulungan.Pitulungan iku sawijining sifat lan tumindak luhur ngluwihi kalodangan kebeneran.Sawijining gagasan kang nggube ati nganti alise tepung.
"Pira kehe kulawarga sajroning kasusahan kaya Ibrahim bisa ditulung nganggo dhuwit sing saben bengi ilang ing meja main?".(TAMAT).


Carita iki nate dipacak ing majalah Panyebar Semangat tanggal 1 Nopember 1975. Pengarange NAGUIB MAHFUS, saka Mesir..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming