Selasa, 29 Mei 2012

ALBUM KENANGAN ING PULO BALI
Kita jadi bisa menulis dan membaca, karna siapa Kita jadi tahu , beraneka bidang ilmu dari siapa Kita jadi pintar, dibimbing pak guru Kita jadi pandai dibimbing bu guru Guru bak pelita, penerang dalam gulita jasamu tiasa tara.......
Lagu mau ditembangake paduan suara gabungan kelas 9 A nganti 9I, nalika acara perpisahan spendabaya ing Inna Hotel Denpasar Bali, tanggal 16 Mei 2012, kepungkur. Ing bengi mau katon semuwa banget . Saliyane paduan suara minangka pambuka banjur diterusake sambutan-sambutan. aisol saka kelas IXD minangka minangka wakil kelas 9, nelakake atur panuwun marang Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, sing kurang luwih telung tahun wis paring panggulawentah, nyuwun pangapura yen sasuwene wektu mau ana kanca sing nakal, ngganggu bapak/ibu guru lan tingkah laku apa wae ora dadi dhanganing penggalih bapak/ ibu guru, nyuwun pangestu muga-muga kelas IX tahun iki lulus kabeh,kanthi biji sing maremake lan bisa neruske sekolah kang dituju.
Dene Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah paring pangandikan yaiku ngenani kegiatan apa wae sawise ujian lan paring pitutur supaya bocah-bocah ora lali karo almamater,muga-muga tahun iki bisa lulus 100%, kanthi biji sing maremake, bisa nerusake sekolah sing dituju, kasil apa sing diidam-idamake.
Ora kesupen Bapak Hidayat iya mundhut pangapura mbok manawa wektu telung tahun mau ana Bapak/Ibu Guru sing njewer, sing ndukani bocah-bocah, kabeh mau pancen proses sing tujuane ndhidhik bocah-bocah supaya dadi manungsa sing migunani kanggo nusa lan bangsa. Sawise donga sing dipimpin Pak Pur, acara diterusake pentas seni.
Saben kelas mamerake kabisane, wah jan meriah banget. Ana sing lucu ngguyokake, ana sing sigrak lan iya ana sing nganti histeris. Gonging acara, dipungkasi salaman karo bapak kepala sekolah/ Ibu Hidayat lan Bapak/Ibu Guru. Ing album iki ana sawetara foto-foto sing kasil dijepret karo eyang Pur. Foto 1 : Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah ngersakake foto karo Ibu Hidayat, bar dahar sarapan. 2.Team paduan suara lagi mamerake kabisane kanthi telung lagu yaiku : jasamu guru, kenangan terindah lan laskar pelangi 3.Bapak/Ibu Guru nalika foto karo sawetara bapak/ibu Guru SMKN 1 Denpasar 4.Kelas 9C foto karo Pak Edy lan Pak Pur 5.Ngraketake paseduluran antarane SMP 2 Surabaya karo SMKN 1 Denpasar 6.Nissa, Nur Fadhilah lan Lis nyekel kewan langka ing Pulo Penyu 7.Anggliyak numpak prau layar...... sing ngadeg iku Ivan Erza lakone ... menang keri ....hi hi hi.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming