Selasa, 01 Mei 2012

nglawan dominasi inggris

Minangka basa donya, sing paling jembar tebane ing jagad, (basa) Inggris ora bisa luput saka para penentange. Amarga , reputasi donya iku digegem ngliwati praksisi kolonial sing bab tartamtu pancen ngrusak tata panguripan masyarakat kang dijajah.Mula , nglawan dominasi basa Inggris iku salah sijining bagian saka gerakan anti kolonalisme.Sing narik kawigaten, manut Robert Phillipson jroning Linguistik Imperalism (1993), penentang dominasi Inggris ora mung saka masyarakat sing dijajah, nanging uga anggota parlemen Eropa, mungsuh politik ing negara -negara sing nganggo basa Inggris, para pengawal basa pribumi, lan intelektual penutur Inggris .
Tokoh karismatik India , Mahatma Gandhi, upamane,nggugat basa Inggris amarga basa Inggris agawe masyarakat dadi terasing, keracunan, terdenasionalisasi lan nduweni mental budak ana ngendi wae apa iku panguripan pribadi apa iku ing publik. Gandhi sing duweni basa ibu Gujarat l nanging faseh banget basa India liyane ,kayata Hindi, Tamil, Telugu, Malayan sarta Marati.Marang rakyat India, dheweke ora bosen-bosen ngelingake aja nglalekake basane dhewe, lan nggunakake basa Inggris mung ana lingkungan pegawean utawa ing acara resmi liyane. Iki ateges Gandhi ora anti Inggris banget.
Minangka sing nganjurake asas swaray lan swadhesi, dheweke njaga banget murnine identitas bangsane saka serangan budaya njaba. Ing Kenya, Afrika Wetan, penulis Ngugi wa Thiong’o ngritik dominasi basa Inggris minangka kepentingan kolonial sing pasekuthon karo karo saglintir elite ing negarane. Kenya ngalami penjajahan wiwit pungkasane abad ka-19, nanging isih duwe prinsip nengenake kapentingan Afrika. Mula iku sebabe nalika mardika (1963), negara mau milih Swahili minangka basa nasional sanajan Inggris dadi basa resmi. Organisasi Negara-negara Afrika ya nyengkuyung nggunakake basa pribumi kanggo keperluan pendidikan, ekonomi lan komunikasi, ana kegiatan acara nasional, regional apadene kontinental.
Para “pewaris” Naziisme nuduh British Counsil, pada karo kurikulum resmi basa Perancis, minangka wujud imperalis budaya. Loro-lorone dikecam nindakake “ penyeragaman linguistik “ kanthi cara intelektual lan spiritual mbelok lan ngancam budaya sarta “nilai- nilai kreatif” asumber saka basa liya. Semono uga para pemikir”mazhab “ Sovyet “tempo dulu “ nuding Inggris minangka basa donyane kapitalisme lan dominasi donya.Inggris uga dicurigai nindakake kawenangan kanthi nggusur basa-basa liya sing kompetisi karo “ basa imperalis” mau. Sawetara anggota parlemen Eropa prihatin yen panguwasane Inggris ing babagan ekonomi, ilmu pengetahuan lan teknologi bisa dadi ancaman marang basa lan kabudayan komunitas Eropa umume. Rasa kuwatir iya kedaden ing Quebec, Kanada sing mayoritas nganggo basa Perancis, lan Meksiko sing diwarisi Spanyol.
Negara loro mau tangga mepet karo Amerika Serikat sing “beringgris- ria”, malah muncul sindiran “Adohe karo Tuhan, nanging cedhak banget karo Amerika “. Bisa uga Inggris kadhung kuwat yen dilawan, apa maneh ing jagading globalisasi iki. Mula . sikap sing paling wicaksana yaiku melu pituduhe sing sabenere yaiku nggunakake basa Inggris kanthi tepat guna, upamane kaya pituture Gandhi. Kanthi kaya ngono, basa kita dhewe- lokal lan nasional – kudu diopeni lan dikembangake supaya bisa sesandhingan karo basa –basa liya , kalebu sang dominan.(kapethik saka kmps.27412 kasianto sastrodinomo- jarwan bebas).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming