Sajege tuwa iki yen dakpikir-pikir aku kudu ngguyu dhewe.
Sing dak aturke iki pancen kedadeyan temenan ora dak gawe-gawe ing pamrih bisa
kanggo lelipur sokur bisa mesem ngguyu, malah ing pangangkah bisa kanggo reverensi
kagem para maos sing mbok manawa kagungan sifat lalian kaya aku iki. La piye aku
pancen diparingi sifat lalian, lalen(pelupa).Iku pancen sifat apa gawan bayi
apa piye, aku dhewe ora ngerti wong kari nampa paringaNe, lan aku ya ora kuwasa
nolak.Kedadeyan sing marakake aku dhewe lan bisa njengkelake, ngguyokake nyku, anakku ,
putuku lan para kanca nyambut gawe wis ora kena dak etung.
Kaca
mata sing gawe mala.
Amarga ngunduri tuwa mula aku ya padha karo pinisepuh liyane
aku ora bisa pisah karo barang sing jenenge kaca mata.Kaya kedadeyan sawijining
esuk, kabeh wis dak siyapke , lakok kaca mata keri. Wadhuh ora bisa nyambut gawe tenan iki.Wong
saomah dak kon nggoleki. Anak , putu lan nyku barang ya dak kon nggoleki .
Kabeh umeg mrana mrene , neng meja tamu, meja dhahar, meja cedhak teve, kemput
,tetep ora ana.Keburu telat mula aku njur mangkat. Sadurunge sepeda dak starter tanganku grayah-grayah, tibake kacamata neng
kono neng jero sak jaket. Aku njur lapor nyang mantan pacar yen kacamata wis
ketemu.Kabeh padha ngguyu, nyku komentar.....biasa kungmu penyakite lalian
kumat, aku mung meneng wae karo budhal. E.....kok ana maneh..... jagang sepedha
motor lali ora dak benakke apa mesthine meh wae tiba, untunge yen sepedhahan
alon-alon, jathuka rak babak bundhas dadi gawe temenan.
Dhompet,
oh dhompet……
Wong yen
lagi apes apa lalen ora kurang dalan, ndelalah tekan kantor kok ana sing ora
beres ta iki. Kok kaya entheng banget ta.Tas wis tak gawa, aku grayah-grayah
sak clana. Tenan dompet sing isine sim, ktp lan sawetara atm ora ana. Hape
barang ya ora nggawa.Aku bingung. Keri, kecopetan apa ceblok ? Aku kepeksa
lapor marang polres sing cedhak kantorku, lapor kehilangan barang.Wis nyicil
ayem, saupama ana operasi, wis bisa diatasi.Dina iku pegaweyan kantor lancar,
aku njur mulih. Tekan ngomah nyiku durung teka, aku njur nggoleki dompetku,
nanging tetep ora ketemu.Wah ceblok neng dalan tenan iki, batinku. Bareng nyku
wis mulih, pranyata dhopet digawa nyku
jarene keri neng kasur. Jane mau iku arep diterke nyang kantorku nanging dina mau pasiene akeh,
wong dina Senin. Nyku sawijining perawat rumah sakit pemerintah.
Ngrewangi
bojo, dipaido.
Sawijining
esuk aku adang ana magic com, wong ya karepku ngrewangi mantan pacar, njur tak
tinggal umeg nyiapke sepeda motor, ganti klambi dines lan liya-liyane. Nyku ya
nyiapke sarapan putu sing banget ditresnani, masak sayur, nggoreng iwak pokoke
jam enem kudu beres, panganan kudu sumadiya . Bareng arep ngeler sega, mbukak
magic com , tibake beras sing ana magic com durung mateng, isih pancet beras.
Lampu sing nuduhke posisi masak durung tak tekan. Kepeksa aku kedandapan golek
sega menyang warung, untunge ing kutha gedhe kaya Surabaya sega ora masalah,
nanging ya kuwi aku telat nyambut gawe.
La iki ana crita maneh, nguras
jedhing. Kaya biasane angger jedhinge kotor , mesthi dak tandangi paling ora
telung dina sepisan. Iku tugas rutin. Jedhing wis dak kuras, sanyo pompa banyu wis
dak uripke, banjur dak tinggal tandang gawe liyane, wong gaweyan ora ana
enteke, yen ra percaya , mangga ta tindak omahku. Pokoke sing jenenge gawean
nyumber ora ana enteke.Kocapa bareng dak anggep wis cukup, putu arep adus.Nyku
bengok-bengok, wong ngisi jedhing kok ora ditutup, dadi banyune bablas , bablas
blas tanpa tilas. Untung banyu tandhon isih ana, jathuka rak amis tenan.
Sadhel
, sing gawe anyel
Ana kedadeyan maneh sing gawe guyu lan
digeguyu. Nalika tuku bensin kaya biasane sadhel dak bukak, banjur tutup bensin
iya dak bukak. Mbak petugas bensin iya ngisi manut abaku diisi pirang liter.
Rampung ngisi bensin njur dak tutup, nanging tan kocapa sadhel sepedha motor
durung dang dak dhunke durung dak ceklekke, langsung dak cengklak mesthi bae ,
aku lungguh neng ndhuwur tangki,sadhel kena dhadhakuwong sepedah motorku wedok.
Cepet-cepet , aku mudhun sadhel dak benakke apa mesthine lan aku enggal
nggeblas nglungani. Ra liwata ana ibu sing pirsa yen aku salah tingkah,
mesam-mesem jan huisin tenan kae.
Lali
jenenge kanca sabangku.
Aturku ing dhuwur mau durung
sepiroa. Nalika aku mulih tilik desa, leren ing terminal ana kancaku SMP biyen
aruh-aruh, iki sapa ya..... ngerti yen aku lali dheweke banjur nggodha.....
mosok Pur kanca sabangku lali...... dak wangsuli sapa ya.....adhuh.....sapa
ya.....karo ngeling-eling........"Aku Warino !"aloke.Walah
Warino,kanca sabangku nalika SMP biyen tahun suwidak lima. Saploke kedadeyaiku
aku ngati- ati banget yen arep nyapa. Yen betemu kanca sing ora apal jenenge
aku nyebut jenengku dhisik, banjur takon panjenengan ki asmane sapa ya ?Aku banjur eling , biyen
Warino iki ora duwe potlot , aku pas
nggawa banjur dak silihi, nanging yakuwi potelote bundhel lan ora daklancipi, kathik cendheg pisan. Bareng
arep mbijekne didukani karo Pak Miftah guru ilmu ukur, wose mosok potelot wae
ora duwe. Warino mau mung mesam-mesem wong pancene ora duwe apa pas ora nggawa,
embuh kono.
Sajege iku pak Miftah ya guru ilmu
ukur mau disiplin banget karo piranti alat tulis. Saben mlebu kelas ora kesupen
ndangu muride, sapa sing ora nggawa garisan, sapa sing ora nggawa jangka lan
piranti liya sing diperlokake.
Kontak
sepeda motor, kang gawe tekor.
Kedadeyan
keri-keri iki ing wulan Januari 2014,
aku menyang kantorpos besar Kutha Surabaya kang manggon ing dalan Indrapura amarga
arep kirim surat tercatat nyang anakku sing ana Bekasi. Rampung kirim surat aku
njur menyang fasilitas internet ing komplek kantor post mau , arep ngedhit
postingan blogku sing manut pangrasaku kok kebangeten ta eleke. Rampung
internetan aku njur menyang parkiran sepeda montor. Iba kagetku kontak sepeda
motor ora ana. Dak takokke tukang parkir ya ora weruh.Wis bingung panik, ora
bisa dak bayangke. Kepeksa mbalik menyang internetan, diwangsuli ora ana,
banjur menyang loket anggonku ngirim mau, nanging ya diwangsuli ora ana.Aku
angluh kok apes men ta ya. aku njur mulih numpak bemo, njupuk kotak dobelan,
nyku kaget kok lalian men ta? Balik menyang kantor pos maneh ya numpak bemo dak
kon ngeterke nyku mesakke wong wayahe mapag putu. Tekan kantor post dipapak
karo tukang parkir yen kuncine keri ing loket 9. Lo, aku mau kirim surat
tercatat rak ya nyang loket pira…… ? Pitu apa sanga ya ….. ?
Alon-alon
pokok kelakon.
Kanca-kanca
kantor ya ngerti yen aku lalian,malah kancaku sebut wae pak Prapto ngomentari
karo nggodha" gak papa kung pelupa, pokoknya jangan lupa ingatan "
wah iki pancen nemen, aku mung ngguyu mesem kecut, wah ana-ana wae, aja sampek
aku gendheng.Kadhang-kadhang sifat lalian mau bisa kena kanggo alasan, upamane
nalika dolanan pingpong, yen aku ora bisa nampani bal utawa pas nyemes nyangsang
ing net, aku mesthi ngucap wadhuh lali aku....... lan dak tambahi tembung
....... sory ya tholnet.....nyanthol net.Sing aneh ki tanggal laire nyku lan
tanggal laire anakku, mula ora aneh yen anakku kewetu"tanggal laire anake
wae lali, apa maneh menehi hadiah ulang tahun "jajal piye yen ngene iki,
kamangka anake mung loro.Malah sing apal ki tanggal laire putuku loro. La piye
tanggal lahire putuku pas karo lahirkku, ya kebacut yen nganti lali.
Para maos, ing ngisor iki akalku
kanggo ngawekani lalian lan pranyata caraku pancen ampuh tenan banget. Para
maos, saiki aku wis pensiun, aku pensiun per 1 Desember 2012 kepungkur, saiki neng ngomah dadi MC ( momong cucu).Wektu aku
aku nyoba ngapalke tanggal laire nyku anakku, mantuku putuku lan sawetara kanca
kalebu ultahe majalah sing kita tresnani Panyebar Semangat.Aku pancen iya wis
kalebu tuwa manut etungan umur, jarene kari ngenteni metune nyawa pa ngono,
mula aku sabisa-bisa arep matur utawa
istilah kerene tip supaya ora lalian. Mesthi
wae tip iki ora mutlak, wong saben piyayi kagungan cara dhewe-dhewe, iki mung sawetara, tukar pengalaman ora
ketang klusu-klusu ya melu udhu pa ngono kae.
1.
Yen
panjenengan arep tindak dines, bengine kudu disiapke dhisik.Apa wae ? Huakeh .
Upamane, yen panjenengan PNS ya seragame
sesuk warna apa, kalebu asesorise, keplek asma, symbol PNS lan barang liyane
sing diperlokake. Dene yen non PNS ya kudu “menyesuaikan”.
2.
Dompet
kang isine SIM , STNK dipirsani temenan,
aja pisan-pisan nyepelekke barang loro mau. Kalebu dhuwite pisan, ngasta dhuwit
sacukupe, lire dina iku keperluane apa. Apa mung mundhut bensin, apa ana perlu
liya, nyambangi kanca sing lagi gerah upamane lan liya-liyane. Aja nganti arep
mundhut teh wae nganti dhuwite keri.
3.
Panjenengan
kudu kagungan papan kang gumathok kanggo barang penting, yen bisa siji
panggonan wae nanging yen ora bisa maksimal ana telung panggonan. Upamane
dompet ana laci, kaca mata ana ana meja
teve, pulpen lan alat tulis liyane ana ing rak khusus. Dadi saupama ana barang
sing ketlisut sing dijujug yang telung panggonan mau.Saupama telung panggonan
mau ora ana, ya wis ngalamat, barang panjenengan bisa dibadhe ilang ,wassalam.
4.
Aja
grusa-grusu, aja kesusu. Mesthine jaman
saiki sing sarwa cepet, jaman instan kudu cepet slamet. Nanging ya mirsani karo
kaprigelane. Aja nganti gawe kesalahan sing kaping telu, apa maneh kaping papat
kanthi kesalahan sing padha wah blai tenan mengko.Tuladhane kaya sing dakaturke
ing ndhuwur, numpak sepedah motor jagang lali ora dibenakke, apa maneh yen
panjenengan nitih mobil.Mula ukara” biar lambat asal selamat “, alon
–alon pokoke kelakon” kanggoku isih dadi tetimbangan, sumangga.
5.
Ngisi TTS apa game iya perlu kanggo nambah
wawasan.Aku sering ngisi TTS nanging ora tau rampung, nanging ya kudu dak
latih.
Sokur yen panjenengan kagungan
keyboard/ electon, amarga tangan kiwa lan tengen main bebarengan bakal
ningkatake keseimbangan otak kiri-kanan, saengga nundha kepikunan ngono jarene
ahli musik.
Ing wasana matur nuwun.( tulisan iki
tau dimot ing majalah Panyebar Semangat nomer 28 tanggal 12 Juli 2014 , mawa jeneng samaran Kungpur)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar