Selasa, 23 September 2014

NYRITAKAKE PS ORA ANA ENTEKE



 
Mahargya ambal warsa Panyebar Semangat  kang kaping 81, tanggal 2 September 2014.
                                                          
                    “ Durung teka, peese durung teka nang ” ngono wangsulane  pesuruh sekolah sing asmane pak Tukirun ( wis seda), nalika aku diutus bapak njupuk pees. Aku njur bali nglenthung,  lan ya mesthi wae gela campur cuwa, amarga ya pees mau sing bisa nglipur atiku nalika samana. Wektu iku tahun suwidak sijian.  Aku manggon ing padesan tlatah kecamatan Ngadirojo Kabupaten Pacitan, bapakku sawijining  guru eser/esde kang langganan majalah sing kita tresnani Panyebar Semangat.
                    Saelingku ing tahun mau ,  sasat saben guru, langganan majalah Panyebar Semangat. Kamangka jaman samana bayarane  guru pas-pasan ,ngono iku isih kecowok langganan pees. (Nuwun sewu, apa bapak/ibu guru esempe  kang wektu iki mulang Basa Jawa lan   pikantuk tunjangan sertifikasi, uga langganan Panyebar Semangat ?  Wah nuwun sewu maneh, aku kok rada tidha-tidha ta iki , amarga aku nyipati dhewe  akeh sing ora langganan, muga-muga pandugaku salah.)
                       Majalahe mau ora diterke pak pos, nanging dipunjerake ing kantor Dinas Pendidikan Kecamatan yen ora kleru Dinas  P dan K (Pendidikan dan Kebudayaan ).Ing tahun mau Pak Bon ( mbokmanawa saka tembung pak kebun njur dicekak Pak Bon ,parabane pesuruh sekolah, gaweane ya nyapu, ya nyang kantor Dinas Pendidikan  lan pegawean liya ) njupuk majalah yen ngepasi ana tugas saka Kepala Sekolah.
                           Saka desaku menyang kantor Dinas Pendidikan adohe kurang luwih wolung kiloan kathik mlaku. Ya saka kantor mau njur dititipi majalah pees , lan ya ngeterake marang guru  kang daleme sakiwa tengene Pak Bon.  Dadi ya ora maido yen majalah mau sering telat. Kadhang-kadhang majalah mau dititipke marang guru sing daleme cedhak Dinas Pendidikan lan tugase  mulang ing esde desaku.
                              Aku seneng maca wiwit kelas telu esde, sanajan isih grathul-grathul. Tau aku kleru maca jenenge desa  Cokrokembang  dak waca Cok –rokembang, isih durung bisa maca aksara panjingan, banjur dibenerke bapak, kepriye  mesthine yen maca.
                             Saben pees teka,sing dak jujug gambar karton lan komik . Komik Pantom kanthi irah-irahan Pantom Mungsuh Tikus Rawa, Pantom Mungsuh Juru Film Palsu , mujudake komik pavoritku. Sawise komik aku seneng illustrasine , kang pancen endah tenan.Illustrator sing kawentar wektu iku S.Har, njur Haryo Subayu . Sawise komik lan illustrasine ,aku uga seneng gambar karton . Kae lo gambar karton  pak Begog  lan mas Klombrot (yen ora salah karyane Indri Sadono) , jan lucu lan konyol  tenan.
                           Nyandhak kelas papat aku wiwit lancar maca, aku njur  maca cerkak lan crita sambung. Cerkak wis akeh sing dak waca,terus  crita sambung. Sing dak apali nganti saprene Nglacak Sesotya Widuri Lumut reriptane  Bapak Tamsir AS(alm), njur Bapak Esmiet(alm) kanthi  irah-irahane Ngluru Dalan Katresnan lan siji maneh lali  irah-irahane, paragane Kang Gedhe, terus  Bapak Suparto Brata( wektu kepungkur ketemu ing dalan Pemuda Surabaya lan tambah tahes), Tanpa Tlacak , Garuda Putih,  Emprit Abuntut Bedhug, iku serial detektif Handaka. Yen aku kliru, kersaa para maos paring panyaruwe.
Buku wacan roman  lan buku wayang.
                         Ing tahun mau iya akeh buku wacan kang asifat roman, kayata karyane Any Asmara(alm), Widi Widayat(alm) lan sawetara aku lali. lrah-irahan  buku mau antara liya Solo Peteng Lelimengan, Asmara Ing Warung Lotis, Weling Kang Pungkasan, Wanita Methakil lan sawetara irah-irahan liyane. Bukune tipis mungkin regane murah, wong buku mau silih-silihan embuh saka ngendi asale aku ora ngerti wong ya aku isih cilik.Sawise maca, ana rasa seneng, sedhih, mangkel lan ya gregeten. Tau aku maca buku  Wanita Methakil,  aku wedi banget, ing batin kok ana wanita  sing kejeme  kaya ngono,  mula anggonku  maca ora dak teruske.
                    Crita buku-buku mau sering dadi bahan  olok-olokan ing sekolah , akeh sing padha ngeyel yen wis tau maca. Lagi  “ menyerah “ yen ditakoni sapa paragane lan kepriye critane. Dadi sifat ngeyel njaluk menang dhewe pancen wis ana wiwit biyen mula. Mula  nalika ana anggota dewan sing otot-ototan rebut bener, kadhang-kadhang  direwangi jotosan barang  aku ora kaget …..
                  Saben  rampung maca , njur ndeleng illustrasine lan ya ngomentari, wih ayune wih baguse/ gantenge.  Saking kesengseme saupama weruh illustrasi sing saru upamane kenya nganggo clana/slack padha alok , deloken sarune , wong wadon kok nganggo clana kaya wong lanang,  kaya-kaya jaman samana cara menganggo wae  jan sensitif banget. Saiki menganggo ngono mau sega jangan.
                       Saliyane buku-buku mau, ana uga buku crita wayang, bareng aku dadi guru tibake buku mau kalebu carangan,  lire ora njupuk saka babone Ramayana lan Mahabarata, nanging mung reka-reka pengarange wae kayata lakon Laire Setyaki, Prabu Watugunung, Indrajala Maling lan sapanunggalane. Malah wayang dhek jaman samana mujudake hiburan kang setengah wajib. Lire, nyunatke lan mantu bakal ora gayeng yen ora nanggap wayang. Nanggap wayang mujudake status ekonomi lan gengsi. Mula karan ora aneh yen pas sasi apik aku sering nonton wayang, mbuh neng ngendi nggone dak parani .
                         Bapak ibu piyambak ya ora nglarang, wong ana kancane bapak isih legan lan seneng wayang .Malah aku barang iya ketularan nggawe lan nggambar wayang lan nirokke ki dhalang  yen lagi ndhalang lan suluk.  Suluk sing dak apali yaiku nalika patih Udawa utawa Kartomarmo mundur ing pasewakan saperlu nata baris, kanthi suluk mangkene : Undur rekyana patih ondhanging pra wadya bala kinen sawega…. umyung swarane bendhe beri ….bubar gornang kalayan …….lsp  (wah cathetan endah sing ora bisa daklalekake).
             Wektu ing esempe aku duwe kanca sing seneng nggambar wayang jenenge Tarkat. Aku karo Tarkat mau apik-apikan nggambar wayang, meh  tau tukaran, gara-gara  nggambar wayang, embuh saiki neng ngendi wong kedadeyan mau tahun suwidakan, akeh laline.
                           Lulus esempe aku njur neruske SMA ing Pacitan, amarga wektu iku ing Kecamatan Ngadirojo durung ana SMA. Adohe saka panggonanku 38 kilo, dadi aku kepeksa kost ing sacedhake sekolah mau. Meh  wae aku kecanthol putrine sing dak kosi …..wah nglantur…..Ing Pacitan aku rada kangelan maca pees, wong sing dak dhereki  ora langganan .Sing dak elingi nalika ana kancaku jenenge Martini ( meh padha jenenge  karo putrine sing dak kosi, saiki wis seda apa isih sugeng ya ?) maca crita cekak  awujud ketikan, embuh saka ngendi asale, kanthi  irah-irahne “Ngimpi Wayah Awan “ seratane Sutarto. Apa iki  ana gandhenge karo Bapak Ayu Sutarto, saka UNEJ kae ya ? Yen aku salah nyuwun pangapunten .Wektu samana sing ngasta Kepala Sekolah SMAN Pacitan asmane Bapak R. Sunaryo.
                         Lulus esema aku prei setahun, njur menyang Surabaya kuliah. La neng Surabaya iki aku kenal maneh karo pees sing sawetara tahun dakjothak . Kantore ing dalan Bubutan( wektu semana ing sisih kidule kantor saiki)  dak sowani lan aku ajar nulis cerkak. Ana sawetara cerkakku dimuat,  nanging bareng dak semak  tibake cerkaku mau ora ana apa-apane yen ditandhingke karo penulis sing wis asring ngrenggani majalah iki.
                          Ya ing pees iki,  aku njur kenal karo Bapak W.Santosa malah tau sowan ing daleme Kaliasin Gang Pompa, Bapak Basuki, Bapak Mochtar,  Mas Kus (Pakne Novie), lan wartawan sing julukane Pak Petruk. Nate aku mlebu sowan  ing ruangane  pemimpin umum  pees Bapak Moch. Ali, ora ketang mung satleraman.
                      Wektu kuliah ing IKIP Surabaya ( saiki UNESA ) nganti lulus Sarjana Muda, lan  njur mulang esempe, aku  ketemu Bapak Suripan Sadi Hutomo(alm)lan  Mas Suharmono Kasiun . Nalika PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) dibiwarakake tahun 1985, aku bombong banget amarga ketemu pengarang  Bapak Suparto Brata, lan ya ketemu Mas Sriyono( sing ngembani Jaya Baya) , Mas Slamet Isnandar, lan Mbak Susi Partosudarmo. Simbol PPSJS sing ana tulisane aksara jawa “ HA NA” iku sing nyipta aku , dene sing ngramesi para pengurus liyane.
                        Embuh apa sebabe ing pungkasaning  tahun wolung puluan  nganti rong ewuan , udakara rong puluh tahun aku ora tau nulis, rumangsa kalah karo penulis mudha kang pancen wasis , apa iki ta penyakite manungsa sing jenenge “males ” kae? Embuhlah aku ora bisa matur, ketambahan maneh aku dikontrak dadi MC (Momong Cucu) sasat ora ana wektu. Pees tetep dak semak, kadhang-kadhang ya  dolan menyang Bubutan, punjere kalawarti Panyebar Semangat. Untung wae omahku lan olehku nyambut gawe  ana ing Surabaya, dadi ora kangelan yen mung arep sanja kae.
                    Ing sekolah anggonku mulang, embuh sapa sing miwiti aku didhapuk mulang basa Jawa. Gelem ora gelem aku kudu nggoleki bothekan lawas, sinau mrana-mrene. Ora mung kuwi aku malah ngusulke marang Bapak Kepala Sekolah, supaya langganan Panyebar Semangat lan pranyata usulku mau diprayogani . Nganti dak tinggal pensiun  tahun 2012 kepungkur, sekolah mau isih langganan, muga –muga saupama  ganti Kepala Sekolah  aja leren  olehe dadi pelanggan setia .
Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.
                           Tanggal 2 September 2014 iki,umure PS jangkep 81 tahun . Yen dipadhakake manungsa kepetung wis tuwa, dudu tuwa kari ngenteni metune nyawa , nanging wis tuwuk ngrasakake pedhes asin, pait getir. Ya amarga kaya ngono mau kudu njaga kesehatan, ya kaya manungsa kae lo. Kudu dhahar teratur , olah raga, ngunjuk vitamin lan sapanunggalane.
                        Apa PS wis dhahar teratur ? Wangsulane wis, buktine isine jangkep ora suda malah saiki ana sisipan Narayana barang, mangga disemak apa sing ora ana, lan ya mesthi wae rubrike  kudu cocog karo misine yaiku  nglestarekake Basa lan  Budaya Jawa.
                   Apa wis Olah Raga? Wangsulane wis, buktine saben Sabtu mesthi metu, ngajak olah raga marang para maos. Ora kok njur  ngajak senam , lucu lakan.Mangga diwerdeni piyambak.
                 Apa wis ngunjuk vitamin ? Wangsulane wis, buktine iku vitamine ana ing samak ngarep, ngisore tulisan Panjebar Semangat. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti yen ditegesi kurang luwih mengkene: Tumindak sing ala bakal kalah karo budi sing luhur. Yen kabeh wis saiyeg saekapraya embuh iku para pangarsa lan andhahan sing ngembani kalawarti iki, ditambah para maos sing tetep setya, pepalang apa wae bisa diatasi. Amin.
Ing wasana Panyebar Semangat  pancen kalawarti sing  mencutake , seger sumyah , kairing atur  : Sun tirune para cantrik panembahe,  kaloka ngukuhi basa ing nuswantara.
Sugeng ambal warsa Panyebar Semangat, sugeng makarya, muga-muga kasembadan kang sinedya.Jenang sela wader pari sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Nuwun ( tulisan iki dimuat ing majalah PS no 36, 6 september 2014).


4 komentar:

  1. kudu etangan tingkat kurang kapentingan
    .................................................................................................................................................................................................................................................................
    Hello

    Aku Mr. Galvin, a lender silihan pribadi sing menehi disilihaké ing kapentingan tarif saka 2
    %, Aku kurban kanggo silihan individu lan perusahaan utawa kelompok wong sing
    sing musna mudhun. Iku kesempatan financial ing Panjenengan langkah lawang
    dina lan njaluk tampilan cepet kredit ana.

    Ana akeh kesempatan pendanaan lan nulung ing kabèh aspèk lan
    isih ngetang. Nanging kesempatan financial ing doorstep,
    lan mangsa garing teka menyang mburi, lan ora bisa kantun iki unik
    kesempatan. Kowe kudu pitulungan financial? Kowe kudu silihan kanggo
    nggedhekake bisnis? Kowe kudu silihan kanggo miwiti bisnis ing gedhe
    ukuran? Sampeyan kudu silihan sing bisa ngganti gesang panjenengan lan saiki
    status financial? Kowé kudu silihan Lowongan kanggo sijine iku
    ing Panggonan tengen? Banjur katon ora luwih, amarga silihan iku ngimpi
    lawang langkah iki.

    Layanan sing diwenehake kanggo individu, bisnis
    lan wong bisnis. Jumlah kredit kasedhiya ing sawetara saka $
    1,000.00 kanggo US $ 500,000,000.00 utawa pilihan aku menehi metu silihan kanggo
    project, bisnis, pajak, tagihan, lan akeh liyane alasan, etangan kita
    gampang lan * censored * kanggo informasi sing luwih hubungi kita dening email
    : Internationalpropertyloan@gmail.com

    REQUEST FOR silihan
    ================================
    Name: ...................
    Jeneng liya: ..................
    Contact Address: .................
    Negara: ...................
    Umur: ..........................
    Jinis: ....................
    Phone Number: ..............
    Status: .................
    Pendhudhukan: ...............
    posisi: .................
    income saben wulan: ..............
    Jumlah silihan: .................
    Maksud kanggo etangan: ...............
    duration: ....................
    Sampeyan kudu Applied kanggo silihan sadurunge: ............
    ngerti Inggris: .................

    Sawetara pitakonan Dijawab (Pitakonan Paling Sering) We have a prasaja
    mbentuk kanggo sampeyan isi kanggo aplikasi kanggo silihan. isi metu lan ngirim
    kanggo kula. Aplikasi kalebu topik ing ngisor iki. * Wewenang *
    Nyilih kredit information1.

    Apa tarif kapentingan? Tarif kapentingan gumantung ing project.
    Tingkat punika kapentingan saben wulan mung kapentingan tarif 2% taunan kebayar.
    2. Bakal kredit sandi Matter? ora
    3. Where kowe déné silihan? Kita déné silihan World
    4. Suwene ora njupuk kanggo mbiayai? Sawise ngajokake silihan
    aplikasi, sampeyan bisa nyana jawaban pambuka kurang saka 24 jam
    lan pendanaan ing 72-96 jam sawisé nampa informasi kita kudu
    saka sampeyan.
    5. Apa bakal pembayaran kawula? Kang bakal diitung kanggo sampeyan lan
    dikirim menyang sampeyan ing jadwal mbayar maneh alongwith istilah silihan.
    We are looking nerusake kanggo hubungan bisnis kuwat karo sampeyan.
    Sincerely,

    BalasHapus
  2. Hello everyone, My name is Mr. Clancy kene Dexter nyuwil MY GANTI LIFE FOR FAMILY ON CARA duwe KREDIT silihan Terjangkau sing bakal ngganti gesang panjenengan ing salawas-lawase Alok Kesaksian Natal rawuh. Aku manggon ing Florida lan aku wong wadon seneng ing Amerika Serikat dina? Aku nyuwil-nyuwil kulawarga urip lan sembarang silihan sing ngganti, aku bisa ngrujuk marang wong seeking silihan karo wong-wong mau marang dhewe. Padha kudu miwiti kabeh urip kula lan maringi rasa seneng kanggo kulawarga i $ 250,000.00 bantuan karo iki jujur lan Gusti Allah wedi nggawe silihan perusahaan US kredit minangka sawijining randa anak telu ngomong online $ 250,000.00 ana ing mbetahaken dolar silihan, lagi nemen kredit biso dipercoyo Allah Nggarap perusahaan, wong wedi. Yen sampeyan ana ing perlu kredit lan hubungi langsung lan Menengah Clency ngomong sing diarani please ora 100% manawa kanggo mbayar maneh silihan. Hubungi liwat Email: theresawalkerloanfirm@gmail.com

    BalasHapus
  3. We are Organisasi Kristen kawangun kanggo wong ing kabutuhan mbantu, kayata help.So financial yen sampeyan arep liwat kangelan financial utawa sing ing sembarang kekacoan financial, lan sampeyan kudu dana kanggo miwiti munggah bisnis, Apa seeking kanggo financial pitulungan saka sembarang jenis? We are a tenan silihan pribadi sing nyedhiyani kabeh jinis silihan / pendanaan kanggo kabeh sing kepéngin kanggo sepindah financial. utawa sampeyan nemokake iku hard diwenehi silihan modhal saking bank lokal, Kitab Suci ngandika "" Lukas 11:10 Saben uwong kang nyuwun, tampa, kang nggoleki Ketemu; lan kanggo wong sing tansah thothok-thothok, lawang bakal kabuka "supaya aja kesempatan iki pass sampeyan dening amarga Gusti Yesus padha wingi, dina iki lan salawas-lawase more.Please iki kanggo serius minded lan Allah fearingPeople, bakal kene kanggo bantuan sing ing mbetahaken bantuan ..
    Email (davidharryloancompany@gmail.com)

    BalasHapus
  4. Apa sampeyan kudu utang kredit kridit?
    Sampeyan wis ditolak dening bank lan institusi finansial liyane?
    * Transfer banget cepet lan cepet menyang akun bank panjenengan
    * Pembayaran maneh wolung sasi sawise sampeyan entuk dhuwit
    Ing akun bank panjenengan
    * Kurang tingkat kapentingan 2%
    * Repayment long-term (1-30 taun) Length
    * Ketentuan pembayaran fleksibel lan pembayaran saben wulan
    * Apply - Get Approval - Akun dikreditake karo jumlah Loan

    ================================

    Hubungi kita karo mail iki
      (euchariadanielloanfirm@gmail.com).

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming