Selasa, 17 Februari 2009

Pitutur saka Pak Pur

Kanggo bocah bocah kelas - 9 SMP 2 Surabaya

Bocah bocah kelas 9 SMPN 2 Surabaya sing banget dak tresnani lan dak andelake.
Sedhela maneh insya Allah tanggal 27 April 2009, bocah-bocah nempuh ujian nasional sing banget nemtokake lulus lan orane lan nemtokake tamat lan orane ing sekolah iki. Saliyane ujian nasional kang ana 4 wulangan( basa Indonesia, Matematika,basa Inggris lan IPA), ana uga ujian ujian sekolah(Agama,PPKN,IPS, MULOK lsp) .Kabeh mau kudu disaranani kanthi sinau sing sregep, njaga kewarasan lan uga donga manut agama lan kapercayaane dhewe dhewe . Sinau thok ora gelem donga, dipindhakake utawa disebut sombong amarga dianggep lali karo sing gawe urip, donga thok ora gelem sinau diarani bodho amarga wis ngerti apa sing diujekke kok ora gelem sinau. Mula loro-lorone kudu maju, ya sinau ya donga. Kanggo bocah bocah sing agamane Islam aja lali sholat wengi nyuwun marang Gusti Allah mugamuga gampang anggonmu ngrampungake soalsoal ujian mengko, lan SMP 2 Surabaya tahun iki bisa lulus 100% kanthi biji kang maremake ...Amin.
Murid-muridku sing banget daktresnani .
Bapak ibu guru mung nglantarake supaya bocah-bocah dadi generasi penerus sing mumpuni cerdas lan tetep nglungguhi sopan santun tata krama utamane marang wong tuwa lan guru. Kowe kabeh kudu eling masa depan bangsa Indonesia ana ing tanganmu, tangane para nom-noman. Wis ya cah samene pituture pak Pur gurumu basa Jawa. Pitutur iki daktulis ing blog amarga pak Pur kepengin bisa lan ora ketinggalan bab IT.Pak Pur diajari ya .....
Cukup semene yen ana klera-klerune tembung sing gedhe pangapurane
salam.

2 komentar:

  1. aminn. semoga lulus semua nggih pak , masuk negeri komplek semua.
    Frisda - 9f

    BalasHapus
  2. Iya Frisda, bapak/ibu guru mung bisa dongakke.... amien,sing sering mampir bloge pak Pur ya.....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming