Minggu, 08 Februari 2009

Tugas 2 Kelas 9 Semester Genap SMP 2 SBY 2008-2009

Membuat Laporan Kegiatan
Bocah-bocah nggawe laporan kegiatan saksuwene liburan semester wingi. Laporan mau ana rong werno yaiku:
1. Bocah-bocah nggawe rancangan (kerangka) laporan kegiatan. Amarga kerangka mula sing jelas: tema, irah-irahan (judul), pambuka, isi, panutup, dudutan (kesimplan), pitutur (sing perlu ditindakake lan sing ora perlu ditindakake), ditambah pesan lan kesan, dijangkepi kapan kegiatan mau kok tindakake dadi kudu ana tanggal, dina lan waktu. Ditulis ing kertas folio sak lembar wae oleh digarap ing omah. Dikumpulne yen bisa sakdina sak durunge pelajarane Pak Pur. Yen kangelan kerangkane cepet nyuwun pirsa Pak Pur
2. Awujud crita ditulis ing kertas folio paling sithik 1,5 (siji setengah) lembar folio. Bocah-bocah bisa nggawe crita apa wae ngenani bab liburan kaya kerangka sing kok gawe ing dhuwur. Ana 4 sing kudu digatekkake yaiku: pendahuluan, isi, panutup, lan pesan/kesan. Digarap ing kelas ora oleh digarap ing omah, dikumpulake ing jam iku, dadi aja lali jam wulangan basa jawa nggawa kertas folio bergaris.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming