Minggu, 01 Februari 2009

TUGAS BASA JAWA KELAS 9

Tugas wiwitan basa Jawa kelas 9 semester Ganep Tahun 2008-2009.
MANGERTENI TATATULIS AKSARA JAWA LAN ANGKA JAWA.
SMP NEGERI 2 SURABAYA
WAKTU : 4 x 45 MENIT.



AKSARA JAWA:
  • sandhangan
  • aksara nglegena
  • pasangan
  • sigeg
  • aksara swara
  • aksara murda
  • aksara rekan
  • lsp.


ANGKA JAWA.

  • tambah (jumlah)
  • kurang (pengurangan)
  • ping (perkalian)
  • para (pembagian)

Bocah-bocah maju nggarap ing blabag (papan tulis) , soal saka Pak Pur kanthi cara njupuk undian soal sing wis disedhiyakake !

Maju menyang ngarep ora mesthi kudu bener, sing penting gelem maju !!!

7 komentar:

  1. Salam kenal Pak Pur, matur nuwun sampun kerso mampir wonten blog kula.

    BalasHapus
  2. Assalamu'alaikum, Pak...
    Saya Najiyatul, alumni tahun 2005. Bapak apa kabar? sekarang Bapak makannya udah banyak atau masih sedikit, Pak?? Ayo, Pak.. semangat!! Makan yang banyak. Biar gemukan dikit... Hehehe...

    BalasHapus
  3. Iya Najiyatul, pak Pur makannya sudah maksimal kok, cuma sekarang sudah saya tambah dengan ngemil. Trims, perhatianmu, salam.

    BalasHapus
  4. Ibuku
    Ibu sing nglahirake ak ing dunya
    Ibu sing ngrawat aku wiwit aku cilik
    Ngewenwhiku kasih sayang
    Kasih sayang kang ora ana sing nyaingi
    Ibuku ...
    Ibu sing njga lan mgilindungiku saka bahaya
    Panjenengan selalu ana yen aku seneng lan susah
    Ora pernah kesel lan bosen ngandani aku
    Ibuku wong kang bijak
    Ora mbela aku yen aku salah
    Meski aku pernah kesel marang inuku
    Tapi adoh ing jero atiku aku syang ibuku
    Ibuku ..
    Wiwit aku cilik panjenengan terus ngewenehiku semangat
    Semangat supaya aku ora pernah nyerah ngadepimurip
    Semangat supaya aku dadi uwong kang becik
    Semangat kang ora bakal luntur sampek aku gedhe
    Duh Gusti paringaken umur dawa marang ibuku
    Supay aku bisa mbales budine
    Supaya aku bisa ngbahagiaake ibuku
    Supaya aku bisa ngwujudake impiane
    Matur suwun ibuku ..
    Jasa-jasamu bakal ku kenang terus .

    NAMA : AYU SAFIRA
    KELAS : IX-F
    NO ABS : 06

    BalasHapus
  5. BAPAKKU ..
    Luh mripat ipun mboten saget mbales budinipun
    Sedanten ingkang dipun lampahaken urip menika
    Sedanten ingkang dipun paringaken dateng dalem
    BAPAK..
    Tresnanipun mboten saget dipun dateng dalem mboten saget kula tinggalaken,
    Terkadang dalem mboten ngindahaken sedanten
    Terkadang mboten saget matur nuwun dateng panjenengan,
    Sak menika dalem kedah ngelampai sedanten
    Dalem badhe mbales sedanten kesaehane
    Dalem kedah waspada panjenengan
    BAPAK ..
    Sembah sujud dalem dateng panjenengan
    Dalem mboten badhe ninggalaken katresnanipun
    Nyuwun pangestunipun dalem
    Matur sembah nuwun BAPAK ..
    Sak menika dalem dados putra ingkang saget mangertos,
    Sak menika dalem saget ngelampahi urip menika


    NAMA : DIANA RATIH HIJRIYAH
    KELAS : IX-F
    NO ABS : 09

    BalasHapus
  6. PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  7. TANGISMU KAKUBUR ESEM

    Tumuruning udan salju kang ngiris atis
    Rikala rendheng mertamu
    Lan aku gupuh ngupaya
    Kemudi lan layar jiwa kanggo nyebrangi..
    Samudra panguripan
    Akehing tatu jroning atimu
    Kuwi pilihan ku
    Kanggo jampi jantung kang nangis
    Jroning dina - dina mu
    Aku tansah yakin
    Sliramu bakal bali kaya wingi uni
    Nalika bisa mahargya tatu kuwi
    Minangka hapsari kang patutmbokluberi
    Ketersnanmu asi




    JENENG : INTAN WINDY SYAQINAH
    KELAS : 9C
    NO ABSEN :14

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming