Rabu, 21 April 2010

PENGETAN DINA KARTINI




Kartiniku -Kartinimu.

Tanggalr 21 April, mujudake dina kang duweni sejarah tumrape kaum wanita Indonesia. Dina iki dipengeti awit bareng wiyose RA Kartini kang miyos tanggal 21 April 1879 lan seda tanggal 17 September 1904 (yuswa 25 tahun)ing Jepara.





Mesthine para murid iya wis mangerti, kepriye perjuangane RA Kartini, supaya kaum wanita Indonesia ora kalah drajate karo kaum priya, iku bisa dideleng ing kumpulan layange kang dikirim menyang mitrane ing negara Walanda, banjur didadekake buku dening Mr.J.H Abendanon kang dijarwakake nganggo basa Indonesia Habis Gelap Terbitlah Terang, yen dibasa jawakake "Miyak Pepeteng Tekan Ing Pepadhang".Mula wis samesthine para wanita bisa nulad apa sing dikersaake panjenengane mau, supaya apa sing wis diperjuangake ora muspra.



Kanggo mengeti, akeh cara sing bisa ditindakake, kayata ing dina iki para murid putri pada nganggo sandhangan Nasional, dene murid priya menganggo batik. Sejatine ora mung menganggo sandhangan Nasional wae, nanging sing luwih penting kepriye carane yen wanita temen-temen diakoni drajate , kanthi ora ninggal kodrat kadidene wanita. Akeh tuladha yen wanita mung kanggo obyek ngeruk kauntungan, kekerasan ing bale wisma ian liya-liyane tanpa oleh bantuan hukum kang murwat.Iki pancen tugas sing ora entheng.




Pancen bener saiki kaum wanita wis ngenggoni gawean tartamtu, kayata para Lurah, Bupati, Gubernur malah tau Indonesia dicekel Presiden wanita, nanging iku isih durung cukup.Yen kita maos koran utawa mirengake warta bab anane para pembantu rumah tangga ing jaban rangkah kang disiksa para majikan malah ana sing nganti ketiwasan rasane ati iki kari samenir. Niyate nggolek sandhang pangan, dudu bandha sing teka nanging anak sing kesiya-siya.Apa payung hukum pancen ora nempel para pahlawan sing jarene nekakake devisa negara?
Baleni bab pengetan dina Kartini.




Ing SMPN 2 Surabaya iya dipengeti kanthi murwat, sing dadi pembina upacara bapak kepala sekolah ngagem batik lan kopyahan lan sing dadi pemimpin upacara nganggo blangkon, dene para siswane putri iya nganggo sandhangan nasional, ora keri para ibu lan bapak guru emoh kalah ngagem busana nasional nambahi luwese kadidene pendidik. Mangayubagya dina Kartini "KARTINIMU-KARTINIKU "

2 komentar:

  1. Ndherek mangayubagya dinten Kartini. Mugi-mugi para putri Indonesia saged kuncara ing saindenging bawana.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming