Jumat, 09 April 2010

UJIAN TULIS BASA JAWA

Materi Ujian Tulis Basa Jawa SMPN 2 Surabaya Th.2009-2010.
Materi ujian tulis dijupuk saka kelas 7 =10%=5 soal.
,, ,, ,, ,, ,, kelas 8 =20%=10 soal.
,, ,, ,, ,, ,, kelas 9 =70%=35 soal.
Buku kelas 7 jupuk bab informasi, golekana wacana"Kebanteren ngoyak basa Inggris.....
Buku kelas 8 jupuk crita cekak( kaca 3) lan crita rakyat "Tengger"(kaca 9-11).
Buku kelas 9 kabeh, wiwit bab 1 nganti bab 11, utamane bab aksara Jawa( gawe ukara nganggo aksara Jawa) lan geguritan.
Yen sregep maca lan nggatekke pituture bapak/ibu guru, insya Allah bakal kasil, amin.

22 komentar:

  1. BAJAJ

    Yen dideleng ora mobil ora motor
    Amarga banne tiga
    Bajaj asmane
    Sing nyupir ora meduliake klambi lan penampilane
    Sing dipeduliake mung penumpang sing gelem munggah bajaje
    Sing njaluk diterna tekan tujuane
    Suara bisinge ora dadi perkara
    Amarga suara bisinge kuwi wis dadi ciri khase
    Regane uga ora dadi perkara
    Amarga reganipun sae utawa murah


    Nama : Laode Muhammad Sufi Malik Ado
    Kelas : IX G/ 18
    No. Ujian : 01-004-2587-8

    BalasHapus
  2. nyuwun sewu nggih pak.pur . . kula badhe ngumpulake tugas GEGURITAN :)

    CINTA INDONESIA
    alam sng ombo ing jagat khatulistiwa .
    wangi asmamu . ijo warnamu
    ora bakal ilang saka atiku
    panggonku lair,urip lan nutup mripat .
    aku janji rasa iki terus ana ing atiku .
    sampe mengko aku mati .
    aku tersna alammu sing ijo .
    aku tresna birune lautmu .
    aku tresna kabeh sing ana ing INDONESIAKU

    BalasHapus
  3. RINJANI AYU LARASATI9 April 2010 pukul 20.46

    kula laras saking 9e badhe ngumpulaken tugas geguritan kula . .

    SUJUDKU MARANG GUSTI ALLAH

    Kala rina ing puluking dina
    wit cemara nentremake susana
    suarane jangkrik ngayemne jiwa
    aku krasa yen urip ing dunya mung sawetara
    mula aku sujud marang kang kuasa
    ngaturaken sembah kula
    ngatrapi salah lan dosa kula .

    BalasHapus
  4. Assalammualaikum, pak pur kula Faizaleri Finosyah saking kelas 9c/10.Geguritan kula judule DESAKU KANG WIS BERUBAH
    nalika daksawang esemu, ijo lan asri wernamu, suarane jago ngawe-awe aku, nyebar katresnan ing atiku, nanging atiku perih banget, yen daksawang saiki, ijomu keganten gedung pencakar langit, suara jangkrik dumadi surane mesin, oh..desa kula, desaku wis ora semburat maneh

    BalasHapus
  5. kulo Amalia saking 9e/03. geguritan kulo...

    Taman Melatiku..

    nalika daksawang tamanku kang putih suci..
    asri lan edgum serta nyegerake mata..
    opo maneh di kancani kewan - kewan sing podo kesengem lan kepingin nyebarake katresnan...
    ngaturake syukur kulo marang KuasaMu...

    BalasHapus
  6. TSUNAMI

    Tsunami ...
    Iku kalebu pageblug gedhe ing dunyo
    Tsunami saged mateni tyang sing ora nduwe duso
    Tsunami saged mateni tyang saka cilik nganthi gedhe

    Ing Desember 2004
    Tsunami kedadean ing aceh
    Ewuan tyang seda amarga tsunami
    Omah - omah dirusake karo tsunami

    Tsunami ...
    Tyang ora isa nglawan tsunami
    Tsunami dhateng saka Gusti Allah
    Tsunami saged dimandekake mung karo Gusti Allah

    BalasHapus
  7. TSUNAMI

    Tsunami ...
    Iku kalebu pageblug gedhe ing dunyo
    Tsunami saged mateni tyang sing ora nduwe duso
    Tsunami saged mateni tyang saka cilik nganthi gedhe

    Ing Desember 2004
    Tsunami kedadean ing aceh
    Ewuan tyang seda amarga tsunami
    Omah - omah dirusake karo tsunami

    Tsunami ...
    Tyang ora isa nglawan tsunami
    Tsunami dhateng saka Gusti Allah
    Tsunami saged dimandekake mung karo Gusti Allah

    saka : norman ibrahim
    kelas : IX G / 29

    BalasHapus
  8. Melati....

    Putih warnamu arum wangimu
    Akeh wong seng kesemsem
    Dironce nganggo lawe
    Dikalongake marang tamu panggede
    Ngancani kemanten sak keloron
    Nambahi ayu lan kaendahan
    Nabarake katresnanan


    Saka : Indri Nur Hasanah
    Kelas: IX E / 25

    BalasHapus
  9. Kenangan

    Ora weruh rasa ing atiku
    Ora ngerti sing ana ing atiku
    dek biyen nganti seprene
    dak iling lan iling
    kanggo sliramu kanca-kancaku
    lakuku mangendi wae
    aku ora bakal nglaleake
    kenangan sing isih ana ing ati
    ora bisa ilang
    ora bisa taklaleake
    dak aku simpen kenangan iki
    yen ana liya,
    kang ana sing luwih sempurna
    nanging kanca-kancaku,
    ora bakalilang saka atiku

    BalasHapus
  10. Pak Pur.. Kula Tiara Fitrina 9D/35 badhe ngumpulaken tugas ujian praktek gawe geguritan.

    "SUKMA LELANA GUGAT"

    angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra
    sasat tanpa leren ngobahake banyu
    iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
    jumedhul sakdhuwure ombak
    ilang swara mlebu ing akasa

    prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen
    kanthi jala lan jaring saka sutra
    obor thathit lan lintang
    sambung sinambung ing wewangunan jagad
    tepake isih katon cetha ing garis tangan

    prasetya lan prasapa ngumbara
    dadi omah urang lan kewan segara liyane
    lumaku [...]

    BalasHapus
  11. herlina 9G/16

    IBU

    PANJENENGAN SAKKABEHE
    PANJENENGAN NGAJARI KULA LAN NGERAWAT KULA
    NGENDHAEAKEN KAYA EMBUN ING WAYAH ESUK NYEJUKNO ATIKU
    SRENGENGE KANG WENEHI SINAR DALAN KULA
    SABAR TANPA NGETING SAYAH
    MATUR SUWUN IBU
    KULA MBOTEN SAGED MBALES JASAMU

    BalasHapus
  12. Nama : Aninda Isnaini
    Kelas : 9D
    No. Ujian : 01-004-123-6

    Apike Esuk

    Apike gunung katon jelas
    Ijone godhong nyegerno mripat
    Sejuke hawa sing asli
    Nyenengake ati wong akeh

    Manuk- manuk pada nyanyi kabeh
    Krungu merdu suarane
    Kyake nyapa ndunyo
    Ngelakoni dina karo semangat

    Ora ana semrawute kutha
    Ora ana polusi sing merajalela
    Sing ana cuman ketenangan
    Lan kesejukan

    BalasHapus
  13. febryani f.l.w(9a/14)
    TRESNAKU

    kayungyun duk samana nalika dak sawang
    runtut gunemmu
    dakik-dakik seratanmu ing nawala

    aku ngerti, merga suket godhong lan rembulan
    dadi mitramu sejati
    rina wengi tan bisa goling

    aku rugi.......
    merga aku lali

    banjur....
    tresnaku kaseret pedhut
    surup....
    esuk....
    lan kapan wae
    mesthi bakal ana wayah manembah
    pucuking angen-angen

    BalasHapus
  14. Ikrima Amalia 9a/19

    PITUTURE BAPAK

    nak,aja cedhak kebo gupak.
    Iku welinge bapak,nalika
    sepisan. Ak ketampa SMU .
    Bpak,ak ora arep kumpul
    kebo. Wangsulanku bodho.
    Sing dakkarepke aja cedhak
    kanca sing neka2. Sbab yen
    pengin apik kancane kudu
    apik. Sapa kanca wong ala
    bkal ketularan ala. Breng
    takgatekna pituture bpak
    mula prayoga. Kuwatir
    anake cedhak2 bebaya
    narkoba. Ora weruh unggah
    ungguh lan tata krama.

    BalasHapus
  15. NAMA : NURHAYATI DWI KIRANA SARI
    KELAS : IX G
    NO : 33

    PAK PUR NIKI GEGURITAN KULA "ALAM DESAKU"

    SEGER NAWANE,ASRI LINGKUNGANE
    AKEH SAWAH LAN GUNUNG NGRENGGANI ALAM DESAKU
    MANUNGSA KEWA LAN TANDURAN
    URIP TENTRAM NYENENGAKE ATI

    SUARA OCEHING MANUK NGRENGGANI AKASA BIRU
    SURA SEMILIR ANGIN NYEGERAKE RAGA LN JIWA
    GEMERICIK BANYU NAMBAH ENDAH SUASANADESAKU

    SYUKUR IKI AKU ATURAKE KALIH SING MAHA AGUNG
    NYIPTAAKEN SUASANA LAM DESA SING ENDAH

    BalasHapus
  16. DESOKU SENG ENDAH

    ESUK-ESUK NALIKA DAK BUKA CENDELO KAMARKU
    LANGSUNG SINARE SRENGENGE
    NGERASUK ING NJERO SUKMOKU
    RASANE ANGET BANGET

    TEKO NJERO KAMARKU
    DAK SAWANG
    BOCAH BOCAH CILIK KATON NGGUYU SENENG
    MANUK NYANYI ENDAH
    MEGA KATON BIRU
    KALI KANG BENING

    ADEM RASANE ATIKU
    NDELENG DESOKU SING KOYOK SURGO

    MATUR NUWUN GUSTI KANG MAHA KUASA
    NYIPTAAKEN KAENDAHAN IKI

    saka:RISKI FATHUL ULUM
    9D/28

    BalasHapus
  17. pak pur niki kula Firzah A B (9F/24)niki geguritan kula:

    NJALUK AMPUN

    Gusti......
    Sampeyan sang pencipta
    Sampeyan nyiptaake dunia lan seisine
    Secepete kilat ing langit
    Kula sesosok mahkluk ciptaan sampeyan
    Sing terlena ing njero knikmatan dunia
    Wektu kula lali lek sekabehe iki pekan sampeyan
    Ya Allah gusti.....
    Kula mohon ampun
    Kula berjanji kapene ngrubah sikap kula
    Kula kapene bertobat nyembah Gusti Allah
    Tampaen sembah sujud kula
    Ijino kula supaya isa ngerubah sikap alaku
    Sadurunge ajal njemput kula

    BalasHapus
  18. mengatakan

    Deso ku

    Aku tangi saking bengi sing nyenyet
    Dak buka jendelo kamarku
    Srengenge langsung ngrasuk nang atiku

    Aku ngerasaake udarane sing seger
    Banyune sing bening
    Awane sing biru
    Lan suasanane sing tenang

    Manuk sing podho nyanyi
    Tanduran sing podho nari-nari
    Yen dak deleng kuwi kabeh
    Rasane beban iki ilang sakkabehe

    Matur suwun gusti alloh
    Kepriye yen gusti Alloh
    Mboten nyiptaaken alam sing koyo ngene
    Paling uripku ora sesempurna iki…..

    Diesta Rusdianasari
    9f/16

    BalasHapus
  19. Geguritan
    negeri ku

    bocah-bocah pada mlayu-mlayu .
    ning negeri iki..
    negeri sing wis merdikan .
    negeri sing ora ana sing jajah..
    Negeri sing asri,bersih,lan luas.

    Wektu kowe di jajah bangsa liya,,
    awakdhewe pada brontak
    ora ana sing rasa wedi nang ati.

    Negeriku..oh..negeriku ...
    nang kene aku lair ...
    nang kene pisan aku mati...

    Errina Nurmalasari
    (9f/16)

    BalasHapus
  20. pak pur niki ayu konie a.
    klas 9f/10.niki geguritan kula:

    Wayah Esuk

    jagone mentas wae lagi kluruk
    Ing kana kene padha saut-sautan
    Apa iki tandhane wis gumanti?
    apa iki mrantandhani wis gumanti wayah esuk?
    Kae pak tani padha gemeruduk

    Kae pak tani padha nyangklung pacul
    Kae srengenge alon ning pesthi
    Jumedhul saka dhasare bumi

    Bocah sekolah wiwit padha adus
    Ibuku ewut gawe sarapan
    Bapaku ngisi wektu maca koran
    Wah arume gorengan gawe rasa luwe
    Aku neng meja mangan sarapan
    Ah....enake

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming