Minggu, 04 April 2010

UJIAN PRAKTEK BASA JAWA

Ujian Praktek Basa Jawa SMP 2 Surabaya,th 2009-2010.
Ujian praktek wiwit tanggal 5 April nganti tanggal 9 April 2010.
Jadwal manut jam wulangan Basa Jawa.
Senin, tgl. 5 April 2010, jam ka 3-4 kelas 9G.
Selasa,tgl. 6 April 2010, jam ka 6-7 kelas 9A.
Rabu, tgl. 7 April 2010, jam ka 4-5 kelas 9E.
Kamis, tgl. 8 April 2010, jam ka 4-5 kelas 9F.
jam ka 6-7 kelas 9C.
Jumat, tgl. 9 April 2010, Jam ka 1-2 kelas 9D.
Jam ka 3-4 kelas 9B.
Jam ka 5-6 kelas 9H.
Piranti sing digawa: kertas folio mawa garis.
Materi : ngarang( milih salah siji).
a. Crita cekak
b. Pengalaman sing ora bakal lali.
c. Warta dina iki/ nulis warta.
Cathetan :Akehe karangan paling sithik rong kaca ora wolak walik.
Sisih kiwa folio dlgaris mengisor 3cm, sisih tengen 2 cm.
Ngaranga geguritan utawa geguritan sing wis kokgarap kaca pungkasan kirimen ing bloge pak Pur(komentar), yen kangelan, bisa ing email :kpurwito@yahoo.co.id. dak tunggu.

13 komentar:

  1. tugas geguritan :


    PASAR

    Nalika daksawang saka pinggiran
    para bakul jejer-jejer
    kanggo nggolek dhuwit
    marang kaluargane
    saka lemper nganti dawet
    saka bakso nganti es teh
    saka mikul nganti nggendong
    pada njajaake barang dagangane
    supaya bisa ngasilake dhuwit kang halal


    saka : (m.nanda rahmadhan 9e/30)

    BalasHapus
  2. MAWAR

    ENDAH RUPAMU...
    ABANG WARNAMU...
    ENAK DIPANDANG...
    TUMBUH SUBUR ING PEKARANGANKU....

    MAWAR....
    CIPTAAN GUSTI KAMG MAHA KUASA....
    AKU PENGEN NJAGA LAN NGRAWAT MU...
    OH MAWAR KU....

    BalasHapus
  3. IBU

    Ibu...
    pangorbanan lan kasabaranmu
    ora cukup nggambarake sliramu
    Karo tulus lan ikhlas

    Ibu...
    Sliramu ngerawat aku wiwit cilik nganti saiki
    Matur nuwun kula aturaken marang jasamu
    Mung samene sing bisa kula paringi

    BalasHapus
  4. Pak Pur kula Mari Vidayati 9b/22
    badhe ngaturaken geguritan

    Ora Cedhak saka Aku
    Biyen kita rasakake bungah lan sedhih bareng-bareng
    Kita ninggalake dina karo ati kang bungah
    Nanging saiki rasa bungah kuwi ora dakrasakake
    Aku mung ngrasakake rasa pait,pait kang nggawe atiku sedhih banget
    Nanging apa kang bisa daklakokake
    Saiki kowe ninggal aku dhewean
    Kowe lunga saka aku kang aku ora ngerti
    Nanging mung siji wejanganku kanggo kowe
    Aja kowe nglalekake aku,kancamu...

    BalasHapus
  5. Pak Pur kula Mari Vidayati 9b/22
    badhe ngaturaken geguritan

    Ora Cedhak saka Aku
    Biyen kita rasakake bungah lan sedhih bareng-bareng
    Kita ninggalake dina karo ati kang bungah
    Nanging saiki rasa bungah kuwi ora dakrasakake
    Aku mung ngrasakake rasa pait,pait kang nggawe atiku sedhih banget
    Nanging apa kang bisa daklakokake
    Saiki kowe ninggal aku dhewean
    Kowe lunga saka aku kang aku ora ngerti
    Nanging mung siji wejanganku kanggo kowe
    Aja kowe nglalekake aku,kancamu..

    BalasHapus
  6. IBU

    wektu aku isih aku cilik
    ibu gendong aku
    awan wengi ibu wenehi ASI
    kasih ibu ora ana matine
    ibu ngajari lan nuturi aku
    supaya sesuk dadi bocah becik
    aku mbenjaji ing njero ati
    ibu dakturuti
    tuturan ibu salawase

    annisa mustika o/40/IX-B

    BalasHapus
  7. Nama : Laode Muhammad Sufi
    Malik Ado Kelas : IX G/ 18
    No. Ujian : 01-004-2587-8

    BAJAJ
    Yen dideleng ora mobil ora motor
    Amarga banne tiga
    Bajaj asmane
    Sing nyupir ora meduliake klambi lan penampilane
    Sing dipeduliake mung penumpang sing gelem unggah bajaje
    Sing njaluk diterna tekan tujuane
    Suara bisinge ora dadi perkara
    Amarga suara bisinge kuwi wis dadi ciri khase
    Regane uga ora dadi perkara
    Amarga reganipun sae utawa murah

    BalasHapus
  8. Nama : Hikmah Husniyah F
    Kelas : 9E/23
    No. Ujian : 01-004-182-3

    Rikala Aku Cilik

    Rikala semana..
    Aku isih lola..
    Durung weruh apa-apa
    Rasane urip ora duwe kanca
    Nanging aku saiki wis jaya
    Tapi aku ora oleh lali karo wong tuwa
    Sing nyangoni aku tata krama
    Gawe sanggu urip nang ndunyo
    Sing ndongakno bendino
    Gawe anak-anake sedoyo
    Supaya slamet ing ndunyo lan akhirat kono

    BalasHapus
  9. Udan Ing Siang Dina

    Sayuta banyu mudhun saka langit.
    Nyiprati dunya kang lagi ngerasaake panas.
    Nyegerake wit-witan kang katon layu.
    Lan nelesake tanah kang katon garing.
    Rasa lesu sakala ilang.
    Miganti karo rasa kang Ayem tentrem.
    Gusti....
    Matur sumbehanuwun kula ucapaken.
    Amarga sampun mudhunaken udan ing siang dina iki

    BalasHapus
  10. jeneng : Erawatikhusnul
    Kelas : 9e
    Nomer : 16
    Judul Geguritan : Udan Ing Siang Dina

    BalasHapus
  11. PESAKITAN

    Urip kang abot
    ngene kleru, ngono luput
    ngetan ora bener
    ngulon ora gathuk
    meneng salah, obah ora kena
    dikungkung
    dipingit
    dipasung
    dikunjara
    dirante
    dibanda
    dirut
    diidak
    dikurung
    dilebur
    dijur-jur
    diobrak-abrik
    diosak-asik
    dijuwing-juwing
    angen-angene
    pepenginane
    gegayuhane
    kamardikane !



    NAMA : Alia Firdauzy
    KELAS/ABSEN : 9F/04
    JUDUL GEGURITAN : "PESAKITAN"

    BalasHapus
  12. NAMA : Khoirun nissa
    KELAS/ABSEN : 9F/29

    "TANAH AIRKU"

    Jarane eyang kakungku
    Indonesia kumpulan mutiara sing apik
    Jarene eyang putriku
    Indonesia jamrud ing khatulistiwa
    Jarene ayahku
    Indonesia tanah pusaka
    Jarene ibuku
    Indonesia tanah tercinta
    Jarene guruku
    Kita kudu mbangun negara kita
    Jarene atiku
    Aku tresno tanah airku

    BalasHapus
  13. nama : Harum Puji Armawati
    Kelas : IX-F / 27

    Kanca sejatiku

    Kanca sejatiku
    tempat seneng lan dukane uripku
    mulai canda bareng kanca-kanca
    lan duka bareng-bareng
    tempat gawe crita masalah
    lan tempat gawe nyleseiake masalah
    kanca sejati bisa nrima apa adane kancane
    ora tau bisa nyakiti ati kanca liyane
    terus ngancani dina-dina ku iki

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming