Sabtu, 24 April 2010

TUKANG PARKIR


Metu saka toko, nyku ngomel-ngomel sing ora cetha juntrunge.Tukang parkir sing biasane diwenehi dhuwit minangka ongkos,olehe maringi kanthi ora dhangan ing penggalih.Aku ya ora nggatekake omongan mau, mbok ya uwis ta, yen niat diparingi,ya diparingi ora sah karo nggunem sing ora-ora, ngono batinku.Sajake nyku ngerti apa sing tak batin, kabukten wiwit crita."Aku mau kober nylathu tukang parkir.Cik enake, teka langsung diwenehi karcis tanpa ngrewangi blas, e sepedhae ditampani tah ditata tah disapa sing enak tah, isa ngomong apa gak jan-jane.Metu ya ngono pisan, wong sing parkir samono akehe, e mbok ditulungi, ditokke supaya gampang nuntune, mosok tukang parkir isane njaluk dhuwit tok. Ngono iku bola-bali, tak sabarake jane saking aku ora kuwat ngempet,kok ya ora ngerti yen golek dhuwit iku kudu tumandang gawe kudu nyambut gawe.Karcise ya ngono pisan, ora resmi, paling dhuwite ya dipek dhewe ". dak wangsuli"yen ora dipek dhewe njur diwenehke sapa?"nyku mangsuli mesthine sebagian ya mlebu nyang dinas sing kawogan ta". Rupane nyku lali, yen tau crita ana sawijining pasiene gaweane nukoni panggonan sing sekirane bisa ngasilake dhuwit parkir. Ing ngendi iku, ya saenggon-enggon, upamane ngarepe restoran, cedhak pasar, ngarepe perkantoran,dalan-dalan sing sakirane bisa kanggo parkir lsp.Iku dituku lan wani mbayar larang malah ngancik limang yuta munggah.


Wong sing mborong lahan parkir mau ngongkon andhahane supaya jaga parkir, lan pranyata asile ora baen-baen, bisa kanggo tuku omah, budhal kaji lan kaperluan liyane.Apa ora hebat?Bareng tak critani lan tak elingne nyku lagi nyambung, e ya sing sabar ta, ngongkon tukang parkir" dhik tulung tokna, methi gelem kok".Aku ya banjur crita,yen kancaku sing saiki wis purna tugas tau cluluk"bayare guru kalah karo bayare tukang parkir".Aku ya meneng wae ora menehi komentar, yen dituruti bisa-bisa tukaran adu panemu sing ora bakal gathuk. Mosok padha gurune padha bengkerengan, saru yen dinulu.Piye, sapa gelem dadi tukang parkir?Dhuwite sapa kanggo tuku panggonan lahan?Apa bisa nglakoni?.Embuh.Sapa sing maos, mangga maringi tanggapan.

4 komentar:

  1. Sing cilik nggih oleh cilik, sing gedhe nggih oleh gedhe.

    BalasHapus
  2. Inggih pak Ugeng, sabar nrima ing pandum.

    BalasHapus
  3. ingkang radi ribet punika:
    sapa sing gawe ukuran gedhe lan cilik, kanggo kaperluwan apa, kapan wayahe ditandukake...
    lha kok inggih mumet nggih?

    BalasHapus
  4. la inggih menika ingkang ewet.Menawi banihipun cacing,angsalipun inggih lele, wader,kutuk lan sanesipun.Nanging menawi banihipun lele,kutuk bandeng angsalipun inggih tongkol,layur malah kadang-kadang kakap.Ingkang susah menika,banihipun bandeng angsalipun teri.....wah tambah nggladrah.....mancing apa crita ta iki.he...he...he.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming