Kamis, 22 Juli 2010

DRAMA CRITA RAKYAT


TUGAS KELAS 9 SPENDABAYA.
Sawise rampung buku cathetan kaca 1 lan kaca 3, iki ana tugas kelompok ngarang drama crita rakyat.Crita rakyat ing Nuswantara akeh banget, pilihen endi sing kok senengi, banjur tulisen ing buku folio sing wingi wis didhawuhi pak Pur. Yen bocah-bocah bingung gatekna tuladha ing ngisor iki.
ANDHE-ANDHE LUMUT.
Sinopsis : Raden Panji Inu Kertapati nggoleki ingkang garwa ya Dewi Galuh Candra Kirana sing sawetara wektu mendra saka praja. Tindake namur kawula alit , saka desa angadesa, nasak wana wasa munggah gunung mudhun jurang sayahe sarira tanpa rinaosake.Saking gedhening tekad lan kebak prihatin wekasan sang abagus bisa ketemu garwa kinasih, kanthi lelantaran Mbok Randha Dhadhapan.
Paraga: 1.Raden Panji Inu Kertopati/ Andhe-andhe Lumut.
2.Dewi Galuh Candra Kirana/ Kleting Kuning.
3.Mbok Randha Dhadhapan.
4.Mbok Randha lor kali( ibune para Kleting).
5.Kleting Ijo.
6.Kleting abang.
7.Kleting Biru.
8.Kleting Ungu.
9.Yuyu Kangkang.
Babak 1. Setting panggonan ing tengah alas.
Raden Panji Inu Kertopati namur laku dadi kawula, menganggo sarwa prasaja mlaku semoyongan awit saking sayahe. Anggone mlaku kesandhung-sandhung ,sikil mlenthung ora dirasakake. Saking banget kesel lan lungkrahe amarga ora mangan ora ngombe, sang abagus tiba semaput. Begja banget, wektu iku ana Mbok Randha kang lagi golek kayu ing sapinggiring alas kono.Mbok Randha kaget bareng weruh ana nom-noman kang semaput ijen tanpa rowang. Sang abagus banjur diupakara sabisane, bareng wis kasil banjur ditakoni :
Mbok Randha : Le, bocah bagus, kena apa kowe kok turu ing alas kene? Banjur sapa jenengmu?
Andhe –andhe Lumut: Kula boten tilem lo mbok.Sajake kalawau semaput, pancen kula kekeselen.
Dene nami kula pun Andhe-andhe Lumut.
M.R : Pancene kowe saka ngendi?
Aa.L : Kula nembe mlampah tebih, kesah saperlu pados panguripan.
Kula tiyang lola, kula boten gadhah sanak kadang, mbok .
M.R : Wah mesakake tenan.Piye apa kowe gelem tak pek anak,wong aku ora duwe anak.
Aa.L : Estu napa mbok ?
M.R : Lo ya temenan. Wis nek gelem, ayo melu aku mulih saiki ?
Mbok Randha banjur nggandheng Andhe-andhe Lumut mulih menyang dukuh Dhadhapan.
Babak 2.
Setting : ing omahe mbok Randha lor Kali.
Mbok Randha Lor Kali dirubung anake cacah 4 yaiku, Kleting Ijo, Kleting Abang, Kleting Biru lan Kleting Ungu. Sakjane ana kenya maneh sing jenenge Kleting Kuning anak pupon, nanging wektu iku Kleting Kuning dikongkon mbakyune ngosek dandang nganti resik kaya asale.
Mbok Randha Lor Kali : Ana apa ta anak-anakku kok padha regejegan rame iki.
Kleting ijo : Iku lo yung, ana warta yen ing dukuh Dhadhapan kidul kali ana jaka gantheng banget.
Akeh para prawan ayu sing kepencut gantenge jejaka mau.
Kleting Abang :Ora mung gantheng kok yu, nanging sasolah tingkahe nyenengake lan alus bebudene.
Mula akeh prawan ayu-ayu sing kepencut marang jejaka mau, yen ora salah jenenge
Andhe-andhe Lumut.
Mbok Randha Lor Kali :Wis-wis aja regejegan karepe dhewe kowe anakku bocah papat sing ayu-ayu bakal dak dandani supaya luwih ayu maneh supaya ditampa panglamarmu.Sawise tak dandani enggal budhal lan sangua kembang mlathi”.Para Kleting manut apa karepe biyunge banjur nuju taman kang kebak tetuwuhan kembang mlathi.
Babak 3.
Setting :ing taman kang kebak tanduran kembang mlati.
Para Kleting padha jupuki kembang mlathi, sinambi tetembangan lan nari. Ukarane tembang kaya ing ngisor.
“Yo ayo padha luru kembang. Kembange kembang mlathi. Kembang mlathi kanggo sangu nggah unggahi.Nggah unggahi raden putra ing jenggala”.2x
Babak 4.
Setting : ing omahe mbok Randha Lor Kali.Kleting Kuning teka karo nggawa dandang sing wis resik.
Kleting Kuning : Biyung, kok sepen dhateng pundi mbakyu-mbakyu kula?
Mbok Randha lor kali: Lo, ora nyang endi endi kok. Paling dolanan engkle ing cedhak lumbung.
Kleting Kuning : Boten kok, biyung ngapusi, biyung bujuki, kula badhe tumut mbakyu kula”.
M R L K :Ya wis ngene lo, mbakyumu padha ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut omahe ing kidul kali. Yen kowe kepengin ayo dak dandani”. Kleting Kuning didandani nanging olehe ndandani ora kaya mbakyune ayu-ayu, kepara dielek-elekake. Alis ditambahi telek pitik, nganti ambune ora enak lan ora oleh adus. Rambut ditaleni gedebok teles, lan ditutupi gombal amoh.
Babak 5.
Setting : Ing panggonan kang sepi tengah alas.
Kleting Kuning sedeku nenyuwun marang Gusti Kang Akarya supaya enggal ketemu karo ingkang garwa ya Raden Panji Inu Kertopati. Saking genturing panyuwune, banjur krungu swara “ Putuku Galuh , lerena anggonmu semedi ngger. Pepenginanmu enggal kaleksanan, kowe wis lulus saka panandhang lan enggal ketemu karo garwanira ngger.Mara waspadakna ing ngarepmu ana sada kang kasiyate ngedap-edapi. Kok sabetake segara asat, kok sabetake gunung jugrug, wis ngger ndang lerene semedimu ndang tututana mbakyumu “.Kleting Kuning melek byar anggone semedi, ing ngarepe ana sada banjur dijupuk gegancangan nyusul mbakyune.
Bocah-bocah isih kurang 2 babak kang settinge panggonan ana ing kali dhangkane Yuyu Kangkang lan ing omahe mbok Randha Dhadhapan ya omahe Andhe-andhe Lumut. Rong babak mau tulisen ing buku cathetan kaca 7
Keterangan:
Dadi tugas crita rakyat iki ana 2 yaiku tugas individu ngrampungke babak 6 lan 7, dene tugas kelompok ngarang naskah drama crita rakyat ing buku folio.

Selasa, 20 Juli 2010

YOGYA SAKEDHEPING NETRA


Cathetan pepisahan karo kancaku sing purna tugas.
Manggon ing restaurant Pring Sewu Ngayogyakarto Hadiningrat dhek dina Sabtu tanggal 17 Juli 2010 klakon dilaksanakake adicara pepisahan karo para guru wis purna tugas. Wis dadi adat yen ana para guru utawa karyawan sing wis lulus ujian alias pensiun ing kantor iki utawa pindah/mutasi mesthi disubya-subya , minangka atur panuwun marang pengabdiane sasuwene iki. Dadi pensiun utawa pindah, ya ora diculke cul ngono .Wis pensiun ya pensiun ndang lungaa kana, pindah ya pindhaha ndang lunga kana ya ora. Mula adat utawa kabiasaan sing apik mau kudu dilestarekake, supaya paseduluran tetep kajaga karukunane. Saliyane adicara pepisahan iya digunakake nglencer ngiras-ngirus ngengar-enggar ati supaya para dwija lan karyawan bisa kalipur, saengga yen wis wiwit nyambut gawe duwe semangat anyar ngadhepi pegawean sing mbutuhake segering swasana.Panggonan rekreasi ing Yogya wiwit biyen mula akeh, awit kutha Yogya jujugane turis kaloro sawise pulo Bali.Candi Borobudur dadi jujugan wiwitan wah ya rame banget, mung ana sing kuciwa amarga sirahe reca akeh sing ora ana, gara-gara tangan jail utawa sengaja didol dening oknum sing ora duweni tanggung jawab.Menyang Yogya ora jangkep yen ora mlaku-mlaku menyang Maliobor, kanca-kanca seneng banget utamane para ibu, awit bisa borong oleh-oleh embuh kaos apa jajan, kanggo sing ditinggal ing omah.Sakjane isih ana maneh lokasi wisata yaiku pantai Parangtritis, nanging amarga wektu sing cupet banget kepeksa diilanganke, lan mung menyang museum angkatan udara Maguwo. Ing kono para tamu bisa mirsani maneka warna pesawat, pesawat wiwitan sing dititihi Bung Karno, nganti pesawat-pesawat sing ana gandhenge bab sejarah perjuangane bangsa Indonesia.
Wah bombong banget rasane dadi bangsa Indonesia sing duwe prajurit-prajurit sing peng-pengan.Mbaleni bab adicara pepisahan. Para dwija sing wis purna tugas mau yaiku Bapak Haryono, Bapak Suwardi Winoto, Ibu Suhartini, Ibu Endang Werdiningsih, Ibu Siti Rahayu lan Bapak Ig Joko Jatmiko .Bapak Astari minangka kepala sekolah atur panuwun marang para dwija sing wis ngabdi telung puluhan, muga-muga kabeh ilmu sing diparingake marang para siswa banget migunani ing kalangane para murid.
Dene saka bapak/ibu guru sing wis purna tugas diwakili bapak Haryono,ora kala kocake, nyritakake pengalamane mulang, lan ngajab yen pancene carane mulang bener iya dianggo dene saupama salah mangga dibenerke bareng-bareng amarga tuntutan jaman ora bisa diselaki. Mula kudu pinter utawa nemokake inovasi anyar supaya kahanan kelas bisa dikendhaleni lan murid-murid ora rumangsa bosen ngadhepi wulangan apa wae.
Ngono pesene pak Haryono. Sing paring pangandikan saka komite sekolah bapak Toni, uga ngelingake yen smp2 surabaya wis duwe jeneng wiwit biyen, mula jeneng mau kudu dijaga.Kabeh mau bisa kaleksanan yen para warga wiwit saka kepala sekolah, staf, dewan guru sakaryawane padha ngerti marang kuwajibane. Sugeng pensiun pak Haryono, ibu Hartini, ibu Endang, ibu Siti Rahayu,pak Suwardi, pak Joko, sugeng istirahat ing dalem lestaria anggone momong putra wayah, amin. Yogya sakedheping netra.

Rabu, 14 Juli 2010

wong aneh



Jam 12.00 wayahe mangan awan, mula para pegawai ing kantor iku siji mbaka siji padha bukak bontrotan masakane mantan pacar. Sing ora sangu, iya golek warung kang nyedhiyakake maneka warna panganan. Kari milih lan aba, sayur asem ana, lodheh ana, pecel akeh ,lonthong balap iya ana pangsit mie , sega bebek ana, pokoke jangkep kari ndeleng isi dompet. Kaya biasane sebut wae asmane pak Insan nuju warung sayur asem sing dadi klangenane, dene lawuhe tahu tempe goreng. Sayur asem karo tahu lan tempe goreng rasane ora ngalahake hamburger apa hotdog sing jarene panganan modern restoran ing mall kae. Piyayi sitoke let sawetara menit nuju warung mau,sebut wae asmane pak Kamil, karemane iya padha sayur asem, mung bedane yen pak Insan senengane tahu tempe, yen pak Kamil senengane endhog dadar.Piyayi loro olehe dhahar jan nikmat banget. Lan mesthi wae pak Insan sing rampung dhisik ,bareng arep bayar, dilarang pak Kamil” aja pak dak bayare, wis kana tindaka dhisik”.Pak Kamil iya mangsuli ora kalah banter”lo aku rene mau apa panjenengan ajak, ora ta ? Ora bisa, aku bisa bayar dhewe” ngono karo ngulungake dhuwit marang bakule.Dhuwite eketan ewu karo bisiki bakule” kalih bu, niku kalian pak Kamil”. Mesthi wae bakule ngomong”Pak mpun dibayari bapak niki”.pak Kamil elik-elik bakule, nanging arahe tembung marang pak Insan”bu , sampeyan susuki pinten telase pak Insan, sampeyan ki ya ngono jare mau yen ora ajak-ajak ora gelem dibayari, la kok saiki sampeyan sing arep mbayari aku, mpun bu sampeyan susuki napa mesthine dhaharane pak Insan”. Si bakul sarwa repot, lan wekasane manut panjaluke pak Kamil, tinimbang tukaran, apa ,maneh warung saya suwe saya rame wayahe mangan awan. Batine mbok bakul wong iki aneh , ana sing bayari kok ora gelem. Kamangka manut pengalaman, ana wong sing paling seneng dibayari, malah ana sawenehing wong sing ora gelem ngetokke dhuwit ,bisane mung nebeng, kamangka bayare ya gedhe.Pancen pak Insan iku wong aneh. Manut critane kanca kantor dheweke tau ora mlebu samene dina amarga ana keperluan keluarga. Bareng wayahe bayaran, lo kok ora dipotong? Banjur marani bendahara, dilok-lokake”kowe kuwi ora ngerti apa piye wong aku ora mlebu samene dina kok bayaranku utuh, yen ora bisa nyambut gawe ngomongo,wedi karo kepala ya!”.mesthi wae bendahara kantor dhingkluk lan diwanek-wanekake matur” menika hak panjenengan sedaya pak, mangga dipun tampi kemawon”. pak Insan saya tambah dukane, nanging isih bisa nguwasani kahanan. Sajege pegawai wis tuwuk, banjur ngendika sareh” saiki etungen wae, saliyane gaji pokok, gaji tambahan potongen samene rupiah ping limang dina, iki amplope dak balekne, dak tunggu ing ruanganku”.Bendahara kantor nindakake apa prentahe, batine nyebut”wong aneh”, ora gelem dhuwit. Manut bendahara mau ana sawenehing karyawan, yen bisa njaluk luwih akeh lan duwe niat kapal keruk, dhuwitku ya dhuwitku, dhuwitmu ya dhuwitku, pak Insan manungsa aneh.Wektu lumaku terus, pak Insan pindah bagean lan pak Kamil iya pindah bagean, nanging pak Kamil pindah luar kota amarga nyedaki pensiun ayem ing jaba kutha. Sadurunge pak Insan pindhah bagean,,para andhahane wis nyepakake samubarang sing perlu digawa. Kabeh wis dibungkus rapi lan bakal dicaosake endi kanggo kantor lan endi sing kanggo kenang-kenangan diasta kondur, kalebu tanda tangan tugas transport luar kota.Bareng wis siap sakabehane banjur diaturke marang pak Insan” Iki piye transport kok samene akehe, aku dinas luar kota mung rong dina, kok dietung rong minggu,nyoh dak balekke.Sing dibungkus iku apa? Aku mlebu kantor iki ora nggawa apa-apa, saiki kathik kok gawani samene akehe, ayo bongkar aku ora butuh barang iku !” Mesthi wae andhahane klincutan, kisinan batine”wong aneh tenan iki, wong aneh………wong aneh……..wong langka……..

PR kelas 9 smp2sby


Tugas 1 semester gasal kelas 9 SPENDABAYA tahun 2010-2011.
Bocah-bocah kelas 9, kanggo ngadhepi wulangan basa Jawa tahun 2010-2011 sing kudu kok siapake yaiku :
a.Buku cathetan.
b.Buku pendamping.
c.Buku folio kandel.
Keterangan:
a.Buku cathetan:kaca 1,tulisana buku tugas basa Jawa, jeneng jangkep, jeneng celukan, panggonan lan tanggal lahir, alamat omah nomer telp,sesanti/ semboyan nganggo nganggo basa Jawa.Ngisore sesanti tulisen :aturan wulangan basa Jawa:
1. Komunikasi /omong-omongan nganggo basa Jawa(karo bapak/ibu guru nganggo basa krama inggil),lan ora pareng ngomong kotor utawa rusuhan.
2.Menganggo kudu rapi, klambi dilebokake lan seragam manut dina sing ditemtokake.
3.Kudu njaga karesikan kelas, ora oleh ana larahan ing ngisor utawa ing jero bangkune dhewe-dhewe.
4.Ora pareng telat mlebu kelas.
5.Yen ana tugas apa iku tugas kelompok/ individu ora pareng telat ngumpulke, yen nganti telat biji dikurang.
6.Ora pareng nggawa hp, yen konangan sing jupuk wong tuwamu.
7.Buku cathetan ora pareng keri.
Samangsa nglanggar aturan ukumane sing agamane Islam istifar utawa nembang, sing agama liya ya nyuwun pangapura manut agamamu utawa nembang.Buku cathetan kaca 3 tulisen :Kumpulan Biji Basa Jawa, lan gawea kolom garis mengisor, tulisen no, tugas,wiwit,rampung,individu,kelompok, biji, ket, ttd.
b.Buku pendamping, sauntara wektu durung ana nanging kanggo njangkepi bukumu bisa nganggo pepak Basa Jawa.
c.Buku folio kandel, dianggo ye ana tugas kelompok Siji kelompok kedadeyan saka 7 utawa 10 anggota.Kelompok I no absen:1,2,7,8,9,10,15,16,19,20.Kelompok II no absen:3,4,5,6,11,12,13,14,17,18.Kelompok III no absen:21,22,27,28,29,30,35,36,37,38.Kelompok IV no absen:23,24,25,26,32,33,34,35.
Sawetara iki dhisik yen ora mudheng bisa , nyuwun pirsa Pak Pur. (sb.14710).

Selasa, 13 Juli 2010

pengalamanku


YEN KEPENGIN WARAS MANUTA DOKTER, MANUTA GURU YEN KEPENGIN PINTER.

Pengalamanku nalika tilik desa pas liburan unggah-unggahan sekolah. Jumat tanggal 25 Juni 2010 hawane panas banget. Hawa sing panas nyebabake gorokan njaluk disiram. Ora sranta sikil jumangkah menyang warung sing dodolan maneka warna panganan lan minuman.Kaya biasane aku pesen degan dicampur karo kacang ijo lan ketan diwenehi es sethithik.Rasane seger banget kaya wong nyidham kae. Nanging tan kocapa, bareng es entek dak ombe, irung rasane kaya ana sing nyogrok, banyu mili terus-terusan, kamangka mengko bengi aku arep tilik desa mumpung libur lan kirim donga swargi bapak. Bapak seda tahun 1983 yuswa 55 tahun, durung pensiun wis dipundhut panjenengaNe.Dadi saprene tahun 2010 iki 27 tahun aku durung kirim donga ing desa. Yen ing Surabaya ya wis tau, awit ing panggonanku ana kelompok pengajian, ya ing kelompok pengajian mau yen pas aku oleh giliran dak koberake kirim donga. Jam 7 bengi anakku teka saka nyambut gawe, sawise leren sawetara ngajak budhal bengi iki uga .Apa ora kesel, diwangsuli ora, aku ya mung manut wae, wekasan aku, nyku, putuku loro lan anakku sing nyopiri jam 8 bengi sida budhal. Lakune gledhekan lancar, mung putuku tekan Mojokerto arep mutah mula ing Trowulan leren ngombe antimo karo mangan bengi. Jombang wis kliwat bablas Kediri ,Tulungagung, Trenggalek tuku bensin lan leren sedhela jam nuduhake jam 11 bengi.Ora nginep Trenggalek ta le, diwangsuli ora pak terus wae. Karangan munggah dalan-dalan wiwit sepi swasana adhem jekut ketambahan udan, kok ya isih ana udan ta ya? Dalan wiwit deder munggah alon alon, menggak-menggok manut iline dalan nambahi atising swasana. Pedhut pegunungan wiwit ngadhang dalan, jam nuduhake angka 12, ateges tengah wengi ing tengah alas katambahan udan riwis-riwis. Sunare lampu gledhegan watara 4 meter, anakku wiwit tidha-tidha terus apa ora. Wekasan kaya sing anggit sakawit kelakon, mbalik wae pak dalane ora ketok mbebayani, Alhamdulillah gledhekan muter balik lan nginep ing Trenggalek, dadi ya sawetara kurang luwih setengah jam. Bengi iki aku nginep ing Trenggalek, karo maneh awak rada lungkrah kathik gara-gara es awan mau durung paja-paja waras malah saya nemen. Esuk watara jam 05.30 budhal ninggalake hotel bablas ngidul ngulon, lakune gledhekan lancar tekan Panggul watara jam 08.00 lan sarapan ing warung masakan Padang protelon dalan nuju Lorok, wah ya kaya wong bar lara kae, olehe sarapan dinikmati temenan. Hebat ya masakan kaya ngono wis sumrambah tekan ngendi-endi kalebu ing Panggul. Lelungan diterusake lancar, tekan Lorok isih jam 09.00 bablas menyang tanah kelairan desa Wonodadi, wis ditunggu dulur-dulur kabeh padha ngenteni tekaku sarombongan. Ubarampe wis cukup sebagean gedhe wis dak gawa saka Surabaya, bengi bar Imsyak adicara kirim donga . Ning ya kuwi sing jenenge pilek ora kena disanak, mula sinambi acara mau aku jaketan. Malah akeh sing najihake, gerah ta dhik, gerah ta pakdhe lan liya-liyane, mula ya dak wangsuli inggah-inggih ngono wae.Minggu tanggal 26 Juni 10, aku bali menyang Surabaya. Mung bedane yen budhale metu Trenggalek mulihe metu Pacitan. Sejene iku, aku iya kepengin weruh kahanane kutha Pacitan lan dalan nuju Slahung, Ponorogo, Madiun.Pancen sajege Panggul –Lorok bisa diliwati aku arang banget metu Pacitan, dadi saprene kurang luwih 20 tahunan aku ora weruh kuthaku Pacitan. Tibake kemajuane akeh banget dalan sing dak liwati katon asri, aku ya lali metu endi dalan jurusan Ponorogo, biyen metu kreteg Penceng, ya rada bingung, wekasan takon-takon lan nemokake dalan mau.Wah tibake dalane kepenak banget, malah tekan Gemaharjo lancar banget lan Gemaharjo tambah rejo, toko lan warung tharik-tharik, bingung mbedakake endi warung endi toko.Biyen saben bis mandheg mesthi leren lan andhok ing warung sing misuwur ayam goreng kang duweni ciri khas. Anakku ora gelem mandheg dadi bablas ngalor Slahung-Ponorogo-Madiun lancar lan mangan awan ing Madiun. Lakune gledhegan bablas ngalor, tekan Jombang anakku ajak-ajak mampir kyai pak ngiras silaturahim, dak wangsuli ayo. E tibake anakku wis sms karo kyai sing dadi jujugane anak samangsa wektu longgar. Tekan daleme kyai mau wis dicepaki samubarang panganan lan unjukan. Rada sawetara anggonku tukar panemu karo yaine anakku, ya maneka warna kayata bab kawruh agama, jejodhohan drajat lan sapanunggalane. Ing antarane ngendikan mau ana sing ora dak lalekake yaiku ukara”YEN KEPENGIN WARAS MANUTA DOKTER, YEN KEPENGIN PINTER MANUTA GURU”.Dak rasakake iya ana benere, tuladhane kaya pilekku iki, wis cetha dokter ora oleh ngombe es kok kepeksa dak terjang ya ngene iki kedadeyane.Nganti dina iki dak tulis kepeksa durung waras, aku nganti bosen ngombe antibiotic, apa ana sing kagungan obat alternatif? Dene ukara “yen kepengin pinter manuta guru” rumangsaku iya ana benere. Ing crita wayang Dewaruci, dicritakake kepriye manute Bima marang gurune pandhita Drona lan wekasan nemu kabagyan lan kapinteran kang banget migunani. Ana maneh crita Ekalawya, kang manut banget marang gurune ya pandhita Drona, saking manute kepeksa patine iya dicaosake marang guru mau.Ing jaman era globalisasi , jaman sing ora ana watese kahanan lan kedadeyan, apa isih kanggo ya crita wayang sing nyritakake bektine murid marang guru? Utawa ukara yen kepengin waras manuta dokter, manuta guru yen kepengin pinter. Sumangga.....

,
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming