Kamis, 22 Juli 2010

DRAMA CRITA RAKYAT


TUGAS KELAS 9 SPENDABAYA.
Sawise rampung buku cathetan kaca 1 lan kaca 3, iki ana tugas kelompok ngarang drama crita rakyat.Crita rakyat ing Nuswantara akeh banget, pilihen endi sing kok senengi, banjur tulisen ing buku folio sing wingi wis didhawuhi pak Pur. Yen bocah-bocah bingung gatekna tuladha ing ngisor iki.
ANDHE-ANDHE LUMUT.
Sinopsis : Raden Panji Inu Kertapati nggoleki ingkang garwa ya Dewi Galuh Candra Kirana sing sawetara wektu mendra saka praja. Tindake namur kawula alit , saka desa angadesa, nasak wana wasa munggah gunung mudhun jurang sayahe sarira tanpa rinaosake.Saking gedhening tekad lan kebak prihatin wekasan sang abagus bisa ketemu garwa kinasih, kanthi lelantaran Mbok Randha Dhadhapan.
Paraga: 1.Raden Panji Inu Kertopati/ Andhe-andhe Lumut.
2.Dewi Galuh Candra Kirana/ Kleting Kuning.
3.Mbok Randha Dhadhapan.
4.Mbok Randha lor kali( ibune para Kleting).
5.Kleting Ijo.
6.Kleting abang.
7.Kleting Biru.
8.Kleting Ungu.
9.Yuyu Kangkang.
Babak 1. Setting panggonan ing tengah alas.
Raden Panji Inu Kertopati namur laku dadi kawula, menganggo sarwa prasaja mlaku semoyongan awit saking sayahe. Anggone mlaku kesandhung-sandhung ,sikil mlenthung ora dirasakake. Saking banget kesel lan lungkrahe amarga ora mangan ora ngombe, sang abagus tiba semaput. Begja banget, wektu iku ana Mbok Randha kang lagi golek kayu ing sapinggiring alas kono.Mbok Randha kaget bareng weruh ana nom-noman kang semaput ijen tanpa rowang. Sang abagus banjur diupakara sabisane, bareng wis kasil banjur ditakoni :
Mbok Randha : Le, bocah bagus, kena apa kowe kok turu ing alas kene? Banjur sapa jenengmu?
Andhe –andhe Lumut: Kula boten tilem lo mbok.Sajake kalawau semaput, pancen kula kekeselen.
Dene nami kula pun Andhe-andhe Lumut.
M.R : Pancene kowe saka ngendi?
Aa.L : Kula nembe mlampah tebih, kesah saperlu pados panguripan.
Kula tiyang lola, kula boten gadhah sanak kadang, mbok .
M.R : Wah mesakake tenan.Piye apa kowe gelem tak pek anak,wong aku ora duwe anak.
Aa.L : Estu napa mbok ?
M.R : Lo ya temenan. Wis nek gelem, ayo melu aku mulih saiki ?
Mbok Randha banjur nggandheng Andhe-andhe Lumut mulih menyang dukuh Dhadhapan.
Babak 2.
Setting : ing omahe mbok Randha lor Kali.
Mbok Randha Lor Kali dirubung anake cacah 4 yaiku, Kleting Ijo, Kleting Abang, Kleting Biru lan Kleting Ungu. Sakjane ana kenya maneh sing jenenge Kleting Kuning anak pupon, nanging wektu iku Kleting Kuning dikongkon mbakyune ngosek dandang nganti resik kaya asale.
Mbok Randha Lor Kali : Ana apa ta anak-anakku kok padha regejegan rame iki.
Kleting ijo : Iku lo yung, ana warta yen ing dukuh Dhadhapan kidul kali ana jaka gantheng banget.
Akeh para prawan ayu sing kepencut gantenge jejaka mau.
Kleting Abang :Ora mung gantheng kok yu, nanging sasolah tingkahe nyenengake lan alus bebudene.
Mula akeh prawan ayu-ayu sing kepencut marang jejaka mau, yen ora salah jenenge
Andhe-andhe Lumut.
Mbok Randha Lor Kali :Wis-wis aja regejegan karepe dhewe kowe anakku bocah papat sing ayu-ayu bakal dak dandani supaya luwih ayu maneh supaya ditampa panglamarmu.Sawise tak dandani enggal budhal lan sangua kembang mlathi”.Para Kleting manut apa karepe biyunge banjur nuju taman kang kebak tetuwuhan kembang mlathi.
Babak 3.
Setting :ing taman kang kebak tanduran kembang mlati.
Para Kleting padha jupuki kembang mlathi, sinambi tetembangan lan nari. Ukarane tembang kaya ing ngisor.
“Yo ayo padha luru kembang. Kembange kembang mlathi. Kembang mlathi kanggo sangu nggah unggahi.Nggah unggahi raden putra ing jenggala”.2x
Babak 4.
Setting : ing omahe mbok Randha Lor Kali.Kleting Kuning teka karo nggawa dandang sing wis resik.
Kleting Kuning : Biyung, kok sepen dhateng pundi mbakyu-mbakyu kula?
Mbok Randha lor kali: Lo, ora nyang endi endi kok. Paling dolanan engkle ing cedhak lumbung.
Kleting Kuning : Boten kok, biyung ngapusi, biyung bujuki, kula badhe tumut mbakyu kula”.
M R L K :Ya wis ngene lo, mbakyumu padha ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut omahe ing kidul kali. Yen kowe kepengin ayo dak dandani”. Kleting Kuning didandani nanging olehe ndandani ora kaya mbakyune ayu-ayu, kepara dielek-elekake. Alis ditambahi telek pitik, nganti ambune ora enak lan ora oleh adus. Rambut ditaleni gedebok teles, lan ditutupi gombal amoh.
Babak 5.
Setting : Ing panggonan kang sepi tengah alas.
Kleting Kuning sedeku nenyuwun marang Gusti Kang Akarya supaya enggal ketemu karo ingkang garwa ya Raden Panji Inu Kertopati. Saking genturing panyuwune, banjur krungu swara “ Putuku Galuh , lerena anggonmu semedi ngger. Pepenginanmu enggal kaleksanan, kowe wis lulus saka panandhang lan enggal ketemu karo garwanira ngger.Mara waspadakna ing ngarepmu ana sada kang kasiyate ngedap-edapi. Kok sabetake segara asat, kok sabetake gunung jugrug, wis ngger ndang lerene semedimu ndang tututana mbakyumu “.Kleting Kuning melek byar anggone semedi, ing ngarepe ana sada banjur dijupuk gegancangan nyusul mbakyune.
Bocah-bocah isih kurang 2 babak kang settinge panggonan ana ing kali dhangkane Yuyu Kangkang lan ing omahe mbok Randha Dhadhapan ya omahe Andhe-andhe Lumut. Rong babak mau tulisen ing buku cathetan kaca 7
Keterangan:
Dadi tugas crita rakyat iki ana 2 yaiku tugas individu ngrampungke babak 6 lan 7, dene tugas kelompok ngarang naskah drama crita rakyat ing buku folio.

4 komentar:

  1. kemutan guru kula smp rumiyin
    ing wucalan budi pekerti ndongeng serial wiwit klas I (7) ngantos klas II (8) = kalih taun
    dongengipun (1) Putri Johar Manik (2) Siegfriedo

    BalasHapus
  2. Matur nuwun Mas Suko,pancen dongeng menika pancen ngenget-enget nalika kita sekolah rumiyin.Ingkang kula enget inggih menika Andhe-andhe Lumut kaliyan Damarwulan ngarit.O inggih,kula bibar saking Yogya wah samenika tambah rejo.Raosipun kalih dinten dereng cekap,menawi longgar kepengin radi dangu wonten Yogya.Salam.

    BalasHapus
  3. suwun Pak, ndherek maca seratanipun panjenengan...
    salam pitepangan

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming