Rabu, 14 Juli 2010

wong aneh



Jam 12.00 wayahe mangan awan, mula para pegawai ing kantor iku siji mbaka siji padha bukak bontrotan masakane mantan pacar. Sing ora sangu, iya golek warung kang nyedhiyakake maneka warna panganan. Kari milih lan aba, sayur asem ana, lodheh ana, pecel akeh ,lonthong balap iya ana pangsit mie , sega bebek ana, pokoke jangkep kari ndeleng isi dompet. Kaya biasane sebut wae asmane pak Insan nuju warung sayur asem sing dadi klangenane, dene lawuhe tahu tempe goreng. Sayur asem karo tahu lan tempe goreng rasane ora ngalahake hamburger apa hotdog sing jarene panganan modern restoran ing mall kae. Piyayi sitoke let sawetara menit nuju warung mau,sebut wae asmane pak Kamil, karemane iya padha sayur asem, mung bedane yen pak Insan senengane tahu tempe, yen pak Kamil senengane endhog dadar.Piyayi loro olehe dhahar jan nikmat banget. Lan mesthi wae pak Insan sing rampung dhisik ,bareng arep bayar, dilarang pak Kamil” aja pak dak bayare, wis kana tindaka dhisik”.Pak Kamil iya mangsuli ora kalah banter”lo aku rene mau apa panjenengan ajak, ora ta ? Ora bisa, aku bisa bayar dhewe” ngono karo ngulungake dhuwit marang bakule.Dhuwite eketan ewu karo bisiki bakule” kalih bu, niku kalian pak Kamil”. Mesthi wae bakule ngomong”Pak mpun dibayari bapak niki”.pak Kamil elik-elik bakule, nanging arahe tembung marang pak Insan”bu , sampeyan susuki pinten telase pak Insan, sampeyan ki ya ngono jare mau yen ora ajak-ajak ora gelem dibayari, la kok saiki sampeyan sing arep mbayari aku, mpun bu sampeyan susuki napa mesthine dhaharane pak Insan”. Si bakul sarwa repot, lan wekasane manut panjaluke pak Kamil, tinimbang tukaran, apa ,maneh warung saya suwe saya rame wayahe mangan awan. Batine mbok bakul wong iki aneh , ana sing bayari kok ora gelem. Kamangka manut pengalaman, ana wong sing paling seneng dibayari, malah ana sawenehing wong sing ora gelem ngetokke dhuwit ,bisane mung nebeng, kamangka bayare ya gedhe.Pancen pak Insan iku wong aneh. Manut critane kanca kantor dheweke tau ora mlebu samene dina amarga ana keperluan keluarga. Bareng wayahe bayaran, lo kok ora dipotong? Banjur marani bendahara, dilok-lokake”kowe kuwi ora ngerti apa piye wong aku ora mlebu samene dina kok bayaranku utuh, yen ora bisa nyambut gawe ngomongo,wedi karo kepala ya!”.mesthi wae bendahara kantor dhingkluk lan diwanek-wanekake matur” menika hak panjenengan sedaya pak, mangga dipun tampi kemawon”. pak Insan saya tambah dukane, nanging isih bisa nguwasani kahanan. Sajege pegawai wis tuwuk, banjur ngendika sareh” saiki etungen wae, saliyane gaji pokok, gaji tambahan potongen samene rupiah ping limang dina, iki amplope dak balekne, dak tunggu ing ruanganku”.Bendahara kantor nindakake apa prentahe, batine nyebut”wong aneh”, ora gelem dhuwit. Manut bendahara mau ana sawenehing karyawan, yen bisa njaluk luwih akeh lan duwe niat kapal keruk, dhuwitku ya dhuwitku, dhuwitmu ya dhuwitku, pak Insan manungsa aneh.Wektu lumaku terus, pak Insan pindah bagean lan pak Kamil iya pindah bagean, nanging pak Kamil pindah luar kota amarga nyedaki pensiun ayem ing jaba kutha. Sadurunge pak Insan pindhah bagean,,para andhahane wis nyepakake samubarang sing perlu digawa. Kabeh wis dibungkus rapi lan bakal dicaosake endi kanggo kantor lan endi sing kanggo kenang-kenangan diasta kondur, kalebu tanda tangan tugas transport luar kota.Bareng wis siap sakabehane banjur diaturke marang pak Insan” Iki piye transport kok samene akehe, aku dinas luar kota mung rong dina, kok dietung rong minggu,nyoh dak balekke.Sing dibungkus iku apa? Aku mlebu kantor iki ora nggawa apa-apa, saiki kathik kok gawani samene akehe, ayo bongkar aku ora butuh barang iku !” Mesthi wae andhahane klincutan, kisinan batine”wong aneh tenan iki, wong aneh………wong aneh……..wong langka……..

3 komentar:

  1. ha...3x inggih2.....naning yen wong langka niku ing musium pak pur.........

    BalasHapus
  2. Matur nuwun pak Ugeng, pokokipun sampun ngantos ngisin-isini gurunipun.
    froger/majid, blogmu keren banget.Ayo nulis terus kanthi kebak semangat. Bener, wong langka pancen angel digoleki, ing musium apa ya isih ana ta ?

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming