Selasa, 13 Juli 2010

pengalamanku


YEN KEPENGIN WARAS MANUTA DOKTER, MANUTA GURU YEN KEPENGIN PINTER.

Pengalamanku nalika tilik desa pas liburan unggah-unggahan sekolah. Jumat tanggal 25 Juni 2010 hawane panas banget. Hawa sing panas nyebabake gorokan njaluk disiram. Ora sranta sikil jumangkah menyang warung sing dodolan maneka warna panganan lan minuman.Kaya biasane aku pesen degan dicampur karo kacang ijo lan ketan diwenehi es sethithik.Rasane seger banget kaya wong nyidham kae. Nanging tan kocapa, bareng es entek dak ombe, irung rasane kaya ana sing nyogrok, banyu mili terus-terusan, kamangka mengko bengi aku arep tilik desa mumpung libur lan kirim donga swargi bapak. Bapak seda tahun 1983 yuswa 55 tahun, durung pensiun wis dipundhut panjenengaNe.Dadi saprene tahun 2010 iki 27 tahun aku durung kirim donga ing desa. Yen ing Surabaya ya wis tau, awit ing panggonanku ana kelompok pengajian, ya ing kelompok pengajian mau yen pas aku oleh giliran dak koberake kirim donga. Jam 7 bengi anakku teka saka nyambut gawe, sawise leren sawetara ngajak budhal bengi iki uga .Apa ora kesel, diwangsuli ora, aku ya mung manut wae, wekasan aku, nyku, putuku loro lan anakku sing nyopiri jam 8 bengi sida budhal. Lakune gledhekan lancar, mung putuku tekan Mojokerto arep mutah mula ing Trowulan leren ngombe antimo karo mangan bengi. Jombang wis kliwat bablas Kediri ,Tulungagung, Trenggalek tuku bensin lan leren sedhela jam nuduhake jam 11 bengi.Ora nginep Trenggalek ta le, diwangsuli ora pak terus wae. Karangan munggah dalan-dalan wiwit sepi swasana adhem jekut ketambahan udan, kok ya isih ana udan ta ya? Dalan wiwit deder munggah alon alon, menggak-menggok manut iline dalan nambahi atising swasana. Pedhut pegunungan wiwit ngadhang dalan, jam nuduhake angka 12, ateges tengah wengi ing tengah alas katambahan udan riwis-riwis. Sunare lampu gledhegan watara 4 meter, anakku wiwit tidha-tidha terus apa ora. Wekasan kaya sing anggit sakawit kelakon, mbalik wae pak dalane ora ketok mbebayani, Alhamdulillah gledhekan muter balik lan nginep ing Trenggalek, dadi ya sawetara kurang luwih setengah jam. Bengi iki aku nginep ing Trenggalek, karo maneh awak rada lungkrah kathik gara-gara es awan mau durung paja-paja waras malah saya nemen. Esuk watara jam 05.30 budhal ninggalake hotel bablas ngidul ngulon, lakune gledhekan lancar tekan Panggul watara jam 08.00 lan sarapan ing warung masakan Padang protelon dalan nuju Lorok, wah ya kaya wong bar lara kae, olehe sarapan dinikmati temenan. Hebat ya masakan kaya ngono wis sumrambah tekan ngendi-endi kalebu ing Panggul. Lelungan diterusake lancar, tekan Lorok isih jam 09.00 bablas menyang tanah kelairan desa Wonodadi, wis ditunggu dulur-dulur kabeh padha ngenteni tekaku sarombongan. Ubarampe wis cukup sebagean gedhe wis dak gawa saka Surabaya, bengi bar Imsyak adicara kirim donga . Ning ya kuwi sing jenenge pilek ora kena disanak, mula sinambi acara mau aku jaketan. Malah akeh sing najihake, gerah ta dhik, gerah ta pakdhe lan liya-liyane, mula ya dak wangsuli inggah-inggih ngono wae.Minggu tanggal 26 Juni 10, aku bali menyang Surabaya. Mung bedane yen budhale metu Trenggalek mulihe metu Pacitan. Sejene iku, aku iya kepengin weruh kahanane kutha Pacitan lan dalan nuju Slahung, Ponorogo, Madiun.Pancen sajege Panggul –Lorok bisa diliwati aku arang banget metu Pacitan, dadi saprene kurang luwih 20 tahunan aku ora weruh kuthaku Pacitan. Tibake kemajuane akeh banget dalan sing dak liwati katon asri, aku ya lali metu endi dalan jurusan Ponorogo, biyen metu kreteg Penceng, ya rada bingung, wekasan takon-takon lan nemokake dalan mau.Wah tibake dalane kepenak banget, malah tekan Gemaharjo lancar banget lan Gemaharjo tambah rejo, toko lan warung tharik-tharik, bingung mbedakake endi warung endi toko.Biyen saben bis mandheg mesthi leren lan andhok ing warung sing misuwur ayam goreng kang duweni ciri khas. Anakku ora gelem mandheg dadi bablas ngalor Slahung-Ponorogo-Madiun lancar lan mangan awan ing Madiun. Lakune gledhegan bablas ngalor, tekan Jombang anakku ajak-ajak mampir kyai pak ngiras silaturahim, dak wangsuli ayo. E tibake anakku wis sms karo kyai sing dadi jujugane anak samangsa wektu longgar. Tekan daleme kyai mau wis dicepaki samubarang panganan lan unjukan. Rada sawetara anggonku tukar panemu karo yaine anakku, ya maneka warna kayata bab kawruh agama, jejodhohan drajat lan sapanunggalane. Ing antarane ngendikan mau ana sing ora dak lalekake yaiku ukara”YEN KEPENGIN WARAS MANUTA DOKTER, YEN KEPENGIN PINTER MANUTA GURU”.Dak rasakake iya ana benere, tuladhane kaya pilekku iki, wis cetha dokter ora oleh ngombe es kok kepeksa dak terjang ya ngene iki kedadeyane.Nganti dina iki dak tulis kepeksa durung waras, aku nganti bosen ngombe antibiotic, apa ana sing kagungan obat alternatif? Dene ukara “yen kepengin pinter manuta guru” rumangsaku iya ana benere. Ing crita wayang Dewaruci, dicritakake kepriye manute Bima marang gurune pandhita Drona lan wekasan nemu kabagyan lan kapinteran kang banget migunani. Ana maneh crita Ekalawya, kang manut banget marang gurune ya pandhita Drona, saking manute kepeksa patine iya dicaosake marang guru mau.Ing jaman era globalisasi , jaman sing ora ana watese kahanan lan kedadeyan, apa isih kanggo ya crita wayang sing nyritakake bektine murid marang guru? Utawa ukara yen kepengin waras manuta dokter, manuta guru yen kepengin pinter. Sumangga.....

,

2 komentar:

  1. Yen pancen bener, ya ayo sing sregep sinau, pak Pur ya kepengin sinau terus kok, ok

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming