Cathetan pepisahan karo kancaku sing purna tugas.
Manggon ing restaurant Pring Sewu Ngayogyakarto Hadiningrat dhek dina Sabtu tanggal 17 Juli 2010 klakon dilaksanakake adicara pepisahan karo para guru wis purna tugas. Wis dadi adat yen ana para guru utawa karyawan sing wis lulus ujian alias pensiun ing kantor iki utawa pindah/mutasi mesthi disubya-subya , minangka atur panuwun marang pengabdiane sasuwene iki. Dadi pensiun utawa pindah, ya ora diculke cul ngono .Wis pensiun ya pensiun ndang lungaa kana, pindah ya pindhaha ndang lunga kana ya ora. Mula adat utawa kabiasaan sing apik mau kudu dilestarekake, supaya paseduluran tetep kajaga karukunane. Saliyane adicara pepisahan iya digunakake nglencer ngiras-ngirus ngengar-enggar ati supaya para dwija lan karyawan bisa kalipur, saengga yen wis wiwit nyambut gawe duwe semangat anyar ngadhepi pegawean sing mbutuhake segering swasana.
Dene saka bapak/ibu guru sing wis purna tugas diwakili bapak Haryono,ora kala kocake, nyritakake pengalamane mulang, lan ngajab yen pancene carane mulang bener iya dianggo dene saupama salah mangga dibenerke bareng-bareng amarga tuntutan jaman ora bisa diselaki.
Ngono pesene pak Haryono. Sing paring pangandikan saka komite sekolah bapak Toni, uga ngelingake yen smp2 surabaya wis duwe jeneng wiwit biyen, mula jeneng mau kudu dijaga.Kabeh mau bisa kaleksanan yen para warga wiwit saka kepala sekolah, staf, dewan guru sakaryawane padha ngerti marang kuwajibane. Sugeng pensiun pak Haryono, ibu Hartini, ibu Endang, ibu Siti Rahayu,pak Suwardi, pak Joko, sugeng istirahat ing dalem lestaria anggone momong putra wayah, amin. Yogya sakedheping netra.
apik pak blogne......
BalasHapusalhamdulillah.......
BalasHapusreunian ya pak, temu kangen
BalasHapusAda pertemuan pasti ada perpisahan pak.
BalasHapus