Minggu, 21 November 2010

aku isih kelingan

aku isih kelingan ........yen ing auditorium rri Surabaya tanggal 12 Nopember tahun 2010 sore.....sliramu padha kumpul.....padha maos geguritan lan puisi.....ketang anggone keraya-raya teka ngetokake gembolane ati.....ora perduli ngetokake pira beya sing ditokke saka kantong pribadi.....kanggo kidung nagari.
aku isih kelingan kok mitraku .....
anggonmu maos kebak semangat makantar-kantar .....ngalahke jebluge arga merapi.....
ana kang sedhih .....ngalahke panandhange para pengungsi ing Jogja,Wasior lan Mentawai..... ana uga kang nyritakake panalangsane para TKW .....kang jarene dadi pahlawan devisa ..... ana uga sing maos kanthi kebak rasa asih marang para putra .....
aku isih kelingan kok mitraku....... yen rawuhmu bisa gawe padhange atiku..... bisa gegojekan lan udu panemu .....kanggo jumangkah dina-dina kang lumaku.

2 komentar:

  1. Pak Pur niki geguritan karangan kula :
    Dwi Novitaningsih 9G / 10

    GELANDANGAN


    Kowe urip kelantar ana ing dalan
    Ing tengah kuta metropolitan
    Kowe ngerasake pahite urip
    Nanging ora pernah nesu lan nesel
    Slirahmu pasrah ingkang takdir

    Langit dadi atap omahmu
    Lan bumi dadi lantaine
    Urip susah kanthi sabar kowe lakoni
    Ora peduli rina utawa wengi
    Ora peduli panas lan udan

    Uripmu nusuri dalan
    Ingkang ikhlas jero atimu
    Nerimo urip kayata ngene
    Tansah kowee ora pernah nyerah

    Siji panyuwunmu marang Gusti Allah
    Supaya bisa urip mulya lan sentosa
    Lan kowe bisa nulung wong sing susah
    Mugi Allah bisa nyembadani

    BalasHapus
  2. Pak Pur niki geguritan kula : Silviana Putri 9G/35

    GURU

    Tumindakmu apik… lan mulya….
    Bhakti ingkang bangsa lan negara…
    Jasamu… agung enggo tanah air.
    Rasa… nasiyonalisme… dieling ing jero ati
    Ngabdi setyo ing bidang pendidikan.

    Kowe… aspek penentu peneruse bangsa….
    Harapane bangsa Indonesia.
    Kowe bisa… wujudkake cita-cita negara
    Lan kowe pahlawan tanda jasa….

    Kowe ngabdi… ingkang tulus.
    Ngamalno ilmu.. kanthi sabar.
    Ing para generasi muda penerus bangsa…
    Siji cita-citamu….
    Bisa berguna.. marang bangsa lan negara

    Budimu… bakal terus dikenang..
    Ing jero ati ora bakal ilang.
    Bhaktimu… tulus ingkang negara…
    Ingkang bisa Gusti Allah nyembadani…

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming