Minggu, 28 November 2010

nekani undangan kemanten ing kampung


Wulan Besar, wulan sing apik kanggone wong sing duwe khajad, embuh iku mantu, ngrabekke apa sunatan kabeh diramekake ing wulan Besar iki.Mula ora aneh yen ing gedung, ing kampung dipasang terop ,dipasang penjor ana umbul-umbul mratandani ana wong duwe gawe.Sing paling nyusahake iya anane terop iki. Wis manggone ing dalan,ditutup pisan, ya mesthi wae ta lalu lintas semrawut, matal macet total. Aku tau nyipati dhewe, wis budhalku kawanen, tekan dalan ana terob, wadhuh kepeksa ngubengi gang lan gang mau iya wis macet amarga siji-lan sijine ora gelem ngalah, rebut ducung dhisik-dhisikan. Untung wae tekan sekolahan ora didemo para cantrikku.
Mbaleni bab resepsi. Sawetara wektu kepungkur aku nekani undangan kemanten ing kampung. Saka kadohan wis katon sederhanane.Ora ana kwade sing dihiasi kembang maneka warna, sing ana mung kursi loro dihias sederhana, ora ana pager ayu apa maneh pager bagus, kabeh mung samadya ora ana kesan wah.Kursi meja tamu iya ngono, malah katone mung cukup nyilih tangga kiwa tengen. Manten iya dirias, nanging riase iya sederhana banget, menawa wae sing maesi iya biyunge dhewe.Electon kang biasane ngregengake swasana iya ora ana, sing ana mung tape kang unine kemrosak ora stabil kadang alon kadang banter.Sing rada menjila mung juru foto, menawa wae kepengin ngyakinake yen dina iki , dina kang ora bakal dilalekake, dina kang nyathet yen wong loro wis nyawiji prasetya ing janji nganti tekan kaki nini.Tekaku dipapag kanthi grapyak semanak karo rama ibune kemanten, katon polose .Karo ngrahapi pasugatan aku kober nyawang penganten sakloron, katon bagya banget, mesam-mesem asli. Mesem kalegan amarga kemanten ing bengi iki bakal necep madune katresnan kanggo mbangun kulawarga anyar ing dina-dina kang bakal teka. Nikmate pasugatan ngalahke pasugatan ing gedhong kang kari milih apa sing dipengini , semono uga anggonku lungguh ing kursi, nikmate ngalahake ing hotel utawa ing gedung kang standing party mangan karo ngadeg.Unine music tradisional, ngalahake swarane penyanyi ing hotel lan gedhung kang kerep nglagokake lagu manca kang kadang-kadang ora pas karo kuping tengen lan kuping kiwa.Swasana bengi, swasana resepsi ing kampung , pasamuan kang regeng adoh saka kesan mewah.
Karo nuntun sepeda Jepang metu saka panggonan mau, pikiranku nglantur semono ya bagya mulyane kemanten ing kampung kang adoh saka kemewahan. Kabeh sarwa asli, sarwa polos apa apane. Bagya mulya ora mung diduweni wong sing saben dina keceh dhuwit manggon ing omah gedhong magrong-magrong sing asale dhuwit saka nggarong dhuwite negara utawa jegang ing kursi sing asale dhuwit saka korupsi, nanging bagya mulya ya dadi hake wong sing uripe prasaja, apa anane, ora kakehan tingkah ora kakehan polah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming