Selasa, 09 November 2010

upacara dina pahlawan ing sekolah




Saben tanggal 10 November, kabeh wis mangerteni yen tanggal iku, tanggal kang banget bersejarah ing perjalanan bangsa Indonesia iki.Ya ing tanggal iku uga kabeh pada mengeti utamane arek-arek Surabaya anggone mempertahanke kamardikane. Diwiwiti tekane Landa sing mbonceng tentara Inggris kang ndharat ing Tanjung Perak Surabaya wiwitane ditampa kanthi apik, nanging amarga Inggris culika, wekasan nuwuhake perang brubuh,paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi, dilabuhi taker pati rawe-rawe rantas malang-malang putung.Akeh kusumaning bangsa kang gugur dadi rabuking negara.Kanggo mengeti lekase para pahlawan sing wis dhisiki kondur ing jaman kelanggengan ,kabeh padha ngaturake kormat, kanthi upacara gendera, tabur bunga ing makam pahlawan lan kegiatan liyane.

Bangsa sing gedhe yaiku bangsa sing gelem ngakoni labuh labete para pahlawan. Ing sekolah iki SMP Negeri 2 Surabaya , iya dianakake upacara kanggo mengeti dina pahlawan. Kabeh padha menganggo ala pahlawan, kayata para prajurit kang lagi ngayahi tugas perang ngusir tentara sekutu, sukarelawan PMI ana sing nggawa bambu runcing saweneh ethok-ethok dadi Lanada lan sapanunggalane.Sing dadi pembina pak Sudijanto guru senior, guru sing wis tuwuk ambyur ing jagading pendidikan.

Dene sing dadi petugase wiwit pemimpin upacara ,pasukan pengibar bendera iya para murid sing wis digladhi kanthi disiplin. Wah jan menjiwai banget, mula upacara dina pahlawan tahun iki khidmat. Kabeh padha sadar yen bisa kaya ngene iki amarga iya jasane para pahlawan.Jam 08.00 krungu swara sirine, tandha yen asung kormat donga marang para Pahlawan.

Swasana tambah mrinding bareng disetelake vidio pidatone Bung Tomo, sing intine mbakar semangat arek-arek Surabaya supaya aja wedi karo sekutu sing gamane luwih pepak.Acara dipungkasi adu kawasisan sing dianakake ing bangsal,saben kelas ngirimake wakile supaya mamerake utawa meragakake perang sepuluh Nopember 45, wah meriah banget.Uga peragaan saka OSIS SMP 2 sing kasiL ngrebut juara pengetan dina Pahlawan, sing dianakake Pemkot.Juara 1 piala walikota, juara 1 tatarias terbaik, juara 1 tata gerak terbaik.Jam setengah sepuluh kabehing adicara rampung, para murid banjur mlebu kelas , nampa piwulang saka bapak/ ibu guru.

3 komentar:

  1. iki mau pejuang pejuange smpn2 yang pejuange gedhe gedhe sak munu ,insyaalah para penjajah ora iso nembus pertahanane....:)

    BalasHapus
  2. ora lali uga ing 10 november ndek wingi smpn2 uga nekak ake presiden Ri soekarno,coba sampeyan deleng bab pemimpin upacarane sing ngangge klambi putih iku iku soekarno....hahahahahaha

    BalasHapus
  3. iku mono Soekarno SMP 2 Majid, wah isa-isa wae koeniku, merdeka....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming