Selasa, 02 November 2010

PELATIHAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA

Bapak ibu mangga amersudi ngelmu
tata cara mulang
kanggo ndhidhik putra-putri
setya budya, mbimbing generasi bangsa

Guru iku,aktif kreatif satuhu
inovatif uga
efektif nyenengke ati
guyub rukun anggayuh tujuwan bangsa

cara mulang, maneka warna kang laku
dasaring konstektual
model langsung koperatif
inkuiri model berdasar masalah

Tembang Pucung ing ndhuwur seratane Ibu Sri Sulistyani nara sumber Saka UNESA, nalika dianakake PELATIHAN PENINGKATAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA SMP NEGERI /SWASTA SE KOTA SURABAYA, kang manggon ing SMK 5 Surabaya, tanggal 28 nganti 29 oktober 2010. Manut Bu Lis, sejatine para bapak ibu guru basa Jawa wis kompeten, nanging ora ana alane yen para dwija mau ana penyegaran utawa dicharge, supaya bisa seger maneh lan ora mboseni.Wulangan basa Jawa ora padha karo wulangan liyane, amarga ing basa Jawa mau, ana unggah-ungguh kang magepokan karo tata karma sopan santun.
Ing Indonesia wiwit biyen mula wis kawentar budaya kang adi luhung, kalebu ing tatakrama. Mula nalika anggota DPR sinau tatakrama menyang Yunani, akeh sing nggleges, gumujeng, e tibake ing Indonesia wis ora ana tatakrama maneh ta.La sinau tatakrama menyang Yunani, sinau apa nglencer…..biyuh……biyuh? Akeh materi sing diparingake dening Bu Lis, intine kaya sing sekarake Kinanthi ing ndhuwur.
Narasumber sing kaloro yaiku Bapak Sukarman , ketua jurusan Basa Jawa Unesa.Guru diupamakake pandita kang mulang para cantrik,mula guru kudu sekti. Yen ora sekti, kepriye nasibe para cantrik?
Dene carane kudu anggeggulang ilmu sregep maca lan nulis lan aja ketinggalan infomasi tehnologi. Guru Surabaya yen ora bisa computer wah, kepancal sepur, embuh yen guru Pacitan? Wah-wah iki aku sing rada ganjel, kamangka guru ing Pacitan akeh sing melek computer, ngapunten nggih pak?.Pak Karman paring materi bab RPP(Rencana Pelaksanaan Pembelajaran).RPP saiki kudu berbasis karakter.Indikator nyakup kognitif produk, proses, psikomotor, affektif, keterampilan social.
Semono uga tujuan pembelajaran ,ya kudu nyakup kognitif produk.
Kabeh RPP kudu cocog karo standart isi sing wis ditemtokake, ngono ngendikane Pak Karman.
Kegiatan sing dibukak lan ditutup dening Pak Yusuf minangka wakile Bapak Sahudi awit nindakake ibadah haji,lumaku kanthi rancag. Pak Yusuf ngelingake, bapak/ibu guru aja mung nguber sertifikat wae, nanging luwih saka iku.Tugas guru tambah abot, embuh pirang kwintal abote, apa maneh saiki wis akeh sing oleh TPP.
Para dwija olehe nyemak, kebak semangat, kabukten nalika diparing tugas saka nara sumber bu Lis lan pak Karman ,embuh iku diskusi kelompok, tugas kelompok lan liya-liyane padha nuduhake kawasisane. Jam telu sore sawise adicara penutupan, kabeh peserta kondur nggawa semangat anyar, lan iya ngasta oleh-oleh kanggo para cantrik, nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming