Sabtu, 30 Oktober 2010

warta kanggo mitra

esuk iki ……..esuk iki sliramu ana ngendi? menyang tegal ngirim boga kanggo bapa kang ngudhal- udhal-lemah cengkar …………….apa malah ngudang putra sing ayu-ayu...... utawa tindak pamulangan paring pitutur marang para cantrik cilik-cilik? mitraku…….esemmu kang gawe getering atiku…….sapandurat aku gragap yen sliramu ora ana ngarepku.

mitraku........ kawruhana yen nuswantara nandhang dhuhkita. apa sliramu ora pirsa …………… apa rewa-rewa ora pirsa………amarga ……wakil kita lunga menyang manca perlu sinau tatakrama......aneh ning nyata.

mitraku...... arga Merapi lagi krodha nyebar pepati lan kasangsaya .........akeh rowang kang kebak panandhang....... wisma lan rajakaya datan kapetang
mitraku...... ing wektu iku uga ………..tsunami nggegerke Mentawai………korban pating blasah kasulayah......… prahara sindhung riwut magenturan, lindu kaping pitu mawantu-wantu....parandene menyang endi playune bocah bajang, kang nyekel sada lanang ?

mitraku, yen Gusti wis paring bebendu...... ora ana sing bakal kuwawa anadhahi kang bakal dumadi……….kabeh mau kinarya pepenget, thegkliwere jagad iki ana ing astaNE.

mitraku........ sanajan sliramu ana ing sukuning arga, apa ing gisiking samodra aku tetep setya……

6 komentar:

  1. Pak pur niki geguritan kula .
    Tara Zulafa Amirah IX-G / 38


    PENGAMEN

    kowe urip ing pinggir dalan
    ngelakoni urip susah kanthi sabar
    klambimu compang camping
    nadah tangan marang sing lewat
    anggo tuku mangan nganthi bisa nyambung urip

    Nelangsa temen urip kowe
    cobaan urip sing kowe lakoni
    kanthi sara lan rasane perih
    saben wektu kowe poso yen ra bisa mangan
    naliko ngono atimu Iklas

    Ing jero atimu iku kesirat siji anganmu
    Nanging ra bisa kowe lakoni lan wujutake
    kuwi urip tegar ing megahe kuta
    ing sakitare wong sing urip sugih

    Uripmu kuwi ngantung belas kasihan
    Setitik angan lan impianmu
    bisa urip sentosa lan makmur
    ing dunya lan akhirat .

    BalasHapus
  2. ALIEFIA EDELIN PUTRI 9F/37

    KANCAKU

    Kowe teka ing wektu susah
    Kowe teka ing wektu suka duka
    Messemmu nggawe atiku tentrem
    Kowe mesti ngehiburku
    Lan ngewangi aku saben aku mbutuhake kowe
    Dina-dinaku mesti seneng
    Sebabe ana kowe

    Kowe kancaku
    Nek ora ana kowe
    Aku krasa sepi banget
    Seng tak njaluk tetep jadi kancaku seng paleng apik
    Kanggomu kancaku..

    BalasHapus
  3. MARIZA NURFANNY/9i/21

    PEPADHANG BAKAL TUMEKA

    Angrantu sinambi jumangkah
    Ing dalan kang peteng kebak sandungan
    Mecaki lurung-lurung
    Kang dawa satengahing ara-ara samun
    Bumi kang kapidak kebak sinengker
    Anggawa ganda bacin
    Manuk-manuk dhandang kekitrang wayah sore
    Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

    Wis sinerat ana ing kitab
    Pepadhang bakal tumeka
    Anggawa kabar bebungah
    Kanggo kita jalma manungsa
    kang bakal amadhangi lurung-lurung lan dalan-dalan

    Amadhangi sakendhenging jagat raya
    Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    Kanthi raga nutup babahan nawa sanga
    Mangestu nampi pepadhang . . .

    BalasHapus
  4. LAILATUL FITRIYAH 9I 18

    IBU

    Ibu
    Panjenengan laksana srengenge
    Kang nerangi esuk kula
    Maturi Kehangatan
    Nerangi saben langkah kula

    Ibu
    Panjenengan laksana bulan lan bintang
    Kang nerangi bengi kula
    Nuntun kula saka kegelapan
    Nuju dalan kang terang

    Ibu
    Kasih sayang panjenengan
    Ora ana batas lan wektu
    Maturi kula nasihat
    Lan dadi tempat curhat
    Panjenengan sumber inspirasi kula

    BalasHapus
  5. Vicky Ambar R /31/9I

    WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU


    Wis suwe aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
    saklawase ora nate ketemu
    saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
    gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

    wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
    wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
    ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
    ana cerita rinajut endah

    dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
    pirsanana ana nduwur kae
    ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
    lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

    saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
    simpenen kangenmu ana impenmu...

    BalasHapus
  6. nadya aulia f.m
    9b/28

    UDAN WAYAH SORE

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming