Minggu, 17 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (3)

Halal bi halal PWP
Manggon ing gedung Cak Durasim Gentengkali Surabaya, dhek tanggal 3 Oktober 2010 dianakake halal-bihalal Persatuan Warga Pacitan(PWP).

Dene kok ora manggon ing sekretariat Kedungmangu, duweni pamrih supaya sing ngrawuhi luwih akeh,amarga manggon ing tengah kutha Surabaya,gampang transportasine.
Manut panitia, sing diundang saliyane para warga kang wis pidalem ing Surabaya , uga para pangarsa kang wis pinitaya melu nemtokake ubeng ingering negara.Nganti pandom nuduhake jam 11.30 iya durung ana sing rawuh lan acara iya wis lumaku.

Bapak Bambang DH, mantan walikota Surabaya sing saiki dadi wakil walikota ora rawuh amarga tugas ing Jakarta, pak Yono minangka bupati Pacitan ana kunker ing Trawas lan bapak ketua DPRD Pacitan iya ora saged rawuh amarga tugas sing ora bisa ditinggalake.
Tetep regeng sanajan ora dirawuhi para priyagung.
Sanajan ora dirawuhi para priyagung acara halal bihalal tetep regeng, kabukten nganti purnaning acara para tamu isih akeh sing durung kondur. Kabeh mau awit saka wasise panitia ngatur adicara saengga ora mbosenake.Kesenian sing ditampilake ora nguciwani Reyog Ponorogo sing kober diklaim Malaysia mamerake kaprigelane , bujangganong atraktif banget lan ora lali tari Remo kanggo manembrama para tamu.Dene seni liyane yaiku pethilan tari Gathutkaca Gandrung, ngelingake wayang wong nalika aku ing SD tahun seketan.Sing dadi Gathutkaca priyayine gagah pideksa, sing dadi Pregiwa ayu kuning menik-menik, jan pasangan ideal banget.Apa para nom-noman saiki isih nyipati wayang wong mau ? Tanda pitakon sing angel wangsulane. Dene bapak Slamet isih kober nyekar Dhandhanggula kidung Grindulu wah,jan isih kung tenan swantene.

Aja isin ngaku wong Pacitan.
Biyen Pacitan iku kondhang makanan pokoke gaplek, malah aku isih eling ing ilmu bumi, sing nuduhake makanan pokok saben daerah, upamane Madura makanan pokoke jagung, Maluku sagu lan iya Pacitan iki, makanan pokoke gaplek.Saiki Pacitan wis seje , sega gaplek utawa thiwul arang-arang ditemoni,upama ana iya awujud jajan sing rasane nyeje.Halal bihalal saben tahun kudu dilaksanakake, cunduk karo sesanti “NEDYA NYAMBUNG RASA NGUMPULAKE BALUNG PISAH AJA KONGSI KEPATEN OBOR” ngono ngendikane Bapak Drs.H Subekhan Subagyo, minangka ketua umum PWP Surabaya.Gonge adicara dipungkasi ceramah Agama yaiku bapak H.Moch Untung Margono, SH,MM, dosen Unair, priyayi saka Bolosingo, Pacitan.Alhamdulillahirrabbilalamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming