Senin, 11 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (2 )


JAKARTA JAKARTA.
Mas, cah-cah kepengin dolan menyang Jakarta, kepengin setiren dhewe, ngono omonge nyku ing sawijining wektu.Aku meneng wae.Pancen wis suwe cah loro kepengin setiren dhewe menyang Jakarta.Mung ana sing rada ganjel, wong menyang Jakarta samono dohe kok disopiri dhewe.Kamangka adhike ora bisa dijak gentian amarga cutine wis entek, gek aku dhewe nyopir ya wis ora pati teteh, ngunduri tuwa.Wekasane aku ngalah,diboti anak. Karo maneh pancen wis suwe ora ketemu family utamane Bulik Sri watara telung puluhan tahun, ya kepriye maneh aku kepeksa ngebel yen arep sowan.Bulik piyambak iya ngendika, dolana nyang Jakarta mengko ben dipapak adikmu Agung, aku ngaturake panuwun, wong ora tau komunikasi kok mara-mara sowan. Rabu tanggal 15 September 2010 jam 09.00 sida budhal menyang Jakarta, disetiri mas Arik mantuku.Sing ora melu mung anakku lanang amarga cuti riyaya mung sedhela.Rutene metu jalur kidul, sukur-sukur bisa tekan Jogja isih sore lan mlaku-mlaku ing Malioboro.Lakune gledhegan Jepang lancar lan ngemati banget anggone lelungan.Yen kesel utawa putuku rewel mesthi leren sing penting slamet lan seneng.Tekan Jogja jam setengah pitu dalan nuju Malioboro macet total, lakune gledhegan nggremet, rencana mlaku-mlaku ing Malioboro ora sida.
Anakku kepengin gudheg lan pancen wayahe mangan bengi ya rada suwe anggone nggoleki.Bar mangan, kabeh bingung neruske laku apa leren, kamangka panggonan sing dituju isih adoh.Terus lajeng mawon pak,lan ya dak sambung iya ayo, mas Arik ora kesel ta, lan diwangsusli boten. Aku dhewe ya mung manut arep dak genteni ora gelem.Jogja terus kathik swasana bengi rada grimis, gledhegan Jepang mlaku terus nrabas swasana peteng lan grimis.Kahanan wiwit sepi kendaraan arang- arang mung kadhang kala disalib bus malam sing playune kaya diuber setan.Arep terus nanggung.yen ora terus Jakarta isih adoh isih nglangut.Gledhegan Jepang mlaku terus tekan Wates watara jam sepuluh bengi,lan golek penginepan swasana udan. Esuk watara jam 4 wis padha tangi, mung putuku loro sing isih nglepus,kesel beke.
Udan saya deres lelungan isih nglangut isih adoh.Lakune gledhekan Jepang ora bisa banter, udan saya deres lan aku iya elik-elik marang mas Arik sing ngati-ati. Saya padhang swasana saya rame, ing Ciamis leren kanggo mangan esuk lan kahanan terang.Bulik sing dadi jujuganku ing Jakarta terus mundut pirsa tekan ngendi nang,lan iya dakcaosi pirsa isih tekan ing kutha ngendi aku ditelpon Aku usul apa ora metu Bandung wae, amarga yen deleng peta kok luwih cedhak, malah ing peta mau nyebutake yen Bandung Jakarta ana dalan tol. Bareng ditimbang-timbang lan deleng peta ,wekasan metu Bandung. Sesawangan jalur kidul endah banget, malah nuju Bandung dibangun dalan anyar kiwa tengen dalan sesawangan nengsemake ora lali anakku jeprat jepret ngrekam sesawangan mau.Aku dhewe iya emoh kalah, nanging ing jero gledhekan kok ora bisa maksimal.

Pinggir dalan sisih kiwa akeh nom-noman padha leren ngematake banget dalan anyar mau, mantuku iya kepengin minggir nanging dielingake karo sisihane rak ora teka teka mengko.Watara jam lima tekan Bandung sawise takon mrana mrene nemokake tol nuju Jakarta. Bulik memantau terus lan diutus metu tol Cipularang, mengko ana petunjuk arah Cibubur menggok ngiwa lan terus dipandu.Swasana udan deres, kendaraan akehe ora bisa crita, prasasat kendaraan saIndonesia tumplek blek ing dalan tol mau.Bulik mandu terus lan diparingi nomer hpne dik Agung lan dik Agung iki sing aweh pamrayoga supaya menggok Pondok Gede terus leren ing mall.Sebutne jenenge mall, mengko dik Agung sing mara.Embuh apa jenenge mall mau lan Alhamdulillah ketemu sedulur tunggal eyang.Watara jam sepuluh bengi wis tekan daleme bulik ing kawasan Cibubur, bulik wis ngantu-antu kawit wingi kok ora teka-teka ta nang?Olehku matur nganti glagepan.
Dina Jum’at tanggal 17 September 10 menyang Ancol diterusne menyang Dufan terus nyang kolam renang Atlantik, iku wae mbutuhake wektu sedina jableg.Dina Sabtu menyang Monas,diterusne menyang mall Ambasador, nuruti putu golek kaset ps.Rampung tuku kaset balik menyang Rafles Hill daleme bulik panggonanku ndherek nginep. Ing sajroning perjalanan mau anakku usul apa ora mulih Surabaya saiki wae, amarga ngelingi lelungan samono suwene,lan dina Senin tanggal 20 bocah-bocah wis padha mlebu sekolah.
Yen dina Minggu lagi budhal kuwatir teka Surabaya dina Senin, amarga pengalaman budhale wingi kang mbutuhake wektu rong dina sewengi jableg.Kepeksa matur bulik yen arep nyuwun pamit saiki, bulik ya rada owel nanging kepriye maneh.Sing ngati-ati lo nang lan dak wangsuli inggih bulik, watara jam telu sore gledhegan Jepang ninggalake Cibubur ninggalake Jakarta kang kebak cathetan endah.Matur nuwun marang adhiku Agung ,adhiku Panji, lan nyuwun pangapunten marang mas Tanto, mas Muh, mas Har, mbak Nur muga-muga tansah rahayu ingkang pinanggih , Amin….

Yen budhale metu jalur kidul , mulihe metu jalur lor Pantura.Jam rolas bengi tekan Batang terus Kendal. Ing pom bensin Kendal ngeluk boyok watara jam teluan neruske lakon lan iya mondhak-mandheg manut kaperluan.Lelungan sing gawe sayah nanging seneng, Alhamdulillah watara jam telu awan tekan Surabaya kanthi slamet.Alhamdulillahirabbilalamin…….

1 komentar:

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming