Minggu, 17 Oktober 2010

tata krama murid marang guru

Ing sajroning pamulangan iki ana sawetara kanca sing anggresah, murid-murid saiki angel wulang-wulangane bab tatakrama.

Kudune kepengin mbantah wae, awit duwe panemu yen tatakrama iku kudu dibuwang,awit dianggep kuno,ora modern tinggalane para penjajah lsp.Ana maneh sawetara kanca yen para murid saiki tingkahe saya dadra wiwitane nglanggar aturan, bar nglanggar/ nerak aturan yen dikandhani mbantah, la iki sing paling cilaka, bar mbantah nglawan...... gurune dilawan, wong tuwane dilawan wah gek kepriye yen ngene iki, sapa sing salah? Murid-muridku iki ana sawetara cathetan, mbok manawa ana gunane ing tembe buri.
.Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake bocah-bocah sing sopan.

.Wong menganggo klambi ora dibenikake iku ora apik, ora patut tumrape bocah kang ngerti tatakrama.
.Bocah adus tanpa patelesan bebarengan bareng wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.
.Wong kang gawe geger ing pasamuan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah sekolahan.

Dene murid kang sopan lan ngerti tata krama iku :
.Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkrihi. Balik malah sareh mapagake sarta asung kormat kanthi manthuk.
.Yen ketemu gurune ana ing toko utawa ing panggonan liya ora ndadak banjur ndhelik amping-amping wong liya, nanging panggah tenang kaya-kaya ora ana sapa-sapa.Yen gurune mriksani malah banjur asung kormat.
. Yen ana ing sajroning kelas, arep nyuwun pirsa wulangan ora ndadak ngaturi gurune sarana suwit-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae.Nanging saran a ngacungake tangane sarta matur:"keparenga kula nyuwun pirsa".


Murid-muridku, tulisan ing dhuwur ora ateges guru mundhut dihormati, ora!Nanging adate wong wetanan pancen kaya mangkono. Sing enom asung kurmat marang wong tuwa, suwalike wong tuwa iya kudu asih marang sing luwih enom.(kapethik:bapak Imam Soepardi, tata krama ajur ajer.....

2 komentar:

  1. Bapak Pur,dalem ngaturaken sungkem pangabekti lan matursembahnuwun awit kawigatosanipun bapak dumateng blog dalem.

    BalasHapus
  2. Inggih Bu Sri, matur nuwun kersa pinarak wonten gubuk kula.Dene kawontenan gubuk kula inggih namung mekaten,taksih tebih saking sampurna.Mugi-mugi anggen kita pasedherekan lumantar kaca maya saged lestari, amin.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming