Minggu, 03 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (1)

Tanggal siji wulan Oktober tahun 2010, dinane isih riyaya.Swasana halal bihalal isih bisa ditemoni ing sawetara instansi ,perkantoran lan ing pamulangan.Riyaya tahun iki ana rasa seneng lan ana sing rada ganjel sedhih.Senenge aku bisa kumpul kulawarga lan bisa mudik, dene sing ganjel sedih amarga bapak mara sepuhku seda dhek tanggal 7 September 2010, kanthi yuswa 86 tahun, yuswa kang kanggone priyayi saiki wis kagolong langka.Sedhihe kok ora amarga bapak marasepuh seda ora, nanging aku lan nyku ora kober nuruti pamundhute, kepengin ditunggoni utawa aku boyongan nyang Mojokerto durung kelakon.Durung aku lan nyku ngrumat, wis kedhisikan dipundhut karo Panjenengane.Inna lillahi wainna ilaihi rojiun.Dadi sasuwene bapak gerah nganti sasedane aku kepeksa pp Surabaya Mojokerto.Amarga musibah mau, aku ngomong nyku, apa aku wae sing mulih? Nanging anak lan putuku kepengin banget menyang Pacitan amarga iya kepengin refresing lan nyambangi eyange putri ngiras halal bihalal.Wekasan kabeh sida budhal menyang Pacitan kalebu nyku.Kamis tanggal 9, sawise tahlilan 3 dinane bapak swargi, jam 20.00,aku sida budhal metu arah wetan. Dene rutene ya padha riyaya tahun wingi, Surabaya, Jombang Kediri Tulungagung Trenggalek banjur munggah Karangan Dongko.Tekan Dongko ngancik jam telu kliwat olehe nyetiri anakku kaya diuber setan, aku kelingan arep mampir daleme mas Bonari, nanging sikone sing ora ngepenakake dadi aku ya mung meneng karo dedonga slaman slumun slamet.Arep dak elingake aja banter-banter, mengko gek salah tampa, lan dak badhe wangsulane anakku mburu sholat ied pak.Lakune gledhekan Jepang lancar, nanging yakuwi bareng arep nyabrang kali Cangkring, kaline banjir kepeksa mubeng metu dukuh Minggir ngulon terus desa Bodag, Nogosari, Cangkring lagi Wonodadi.
Pandom nuduhake jam 5 luwih, wah ora nututi sholat ied tenan tahun iki.Temenan teka dhog wis wiwit adzan pratandha yen sholat arep diwiwiti.Mantuku cluluk boten sah siram pak, langsung kemawon, aku meneng bae. Kagawa awak kesel lan lungkrah amarga sewingi bethethet ing dalan, aku mung meneng karo ngrewangi ngudhunake barang sakuwatku.Aku ora sida sholat ied. Dina iku ngepasi dina Jum’at, acarane sungkem dhisik marang ibu lan apura ingapura karo sanak sedulur, terus sholat Jumat.
Ana dulurku sing elik-elik, dina iki Jum’at Legi wuku Klawu, aja paring sodakoh, ora apik lan aku iya manut wae.Bengi iya akeh tamu sing padha unjung-unjung lan crita maneka warna.Riyaya-riyaya, nanging wukune Klawu ya ngene iki, ngono ngendikane sawenehing kadang lan nyritakake yen dina Rebo bengi kali wetan, kali Wonodadi banjir gedhe. Saking gedhene ana raja kaya wedhus, pitik lan bebek kentir ketrajang banjir, untung ora ana korban. Ana crita sing lucu, wong sepedha montoran nyabrang kali tekan tengah kali, lo banyune kok saya tambah saya agung lan butheg.Kepeksa sepeda motor dikebut arep nuju dalan ora nututi dadi terus nuju ngisore wit klapa tengah kali sing rada gasik.Sepedamotor disendhekake, lan piyayi mau mlayu golek slamet, sepedhamotor diglethakake.Ana maneh wong nuntun sepedhapancal, tekan tengah kali lo, kok banyune saya tambah, ora kesuwen sepedha mau ya diglethakake, banjur golek slamet. Bengi mau aku iya kepengin ngobrol rada suwe, nanging kabeh ora bisa dak candhet padha kondur Esuke aku mlaku-mlaku tumuju kali, pancen bener, tipake banjir gedhe isih nabet kabukten suket gajah sing tukul subur padha rubuh, lan banyune isih buthek ngelingake jamane cilikanku nalika bar banjir padha langen gethek gedebok.Sabtu watara jam 10 aku sida bali menyang Surabaya, awit dina Minggune wilujengan 7 dinane bapak marasepuh.
Yen budhale metu wetan, mulihe metu kulon, dadi rutene ya Lorok, Pacitan, ngalor nuju Ponorogo Madiun bablas Surabaya. Ing Pacitan leren sawetara putuku kepengin bakso. Ya nalika andhok bakso mau, aku nyoba halal bihalal karo pak Sugeng, nanging hpne of,manawa wae lagi tindak, apa isih ana keperluan liya .Lakune gledhekan Jepang lancar, sanajan ora pati banter.Dina iku arus balik lan mudik rame banget, tekan Kertosono saya krasa, ramene kendaraan rodha loro lan rodha papat wis ora bisa dicritakake.Apa maneh sing jeneng bus antar kota. Biyuh, longgar sithik wae lampu lighting murub, aweh tandha supaya kendaraan liyane minggir, slodar-slodor mrana-mrene tanpa duwe rasa pekewuh,kaya-kaya dalane dhewe.
Jam 17.00, saka radio Suara Surabaya aku krungu yen ing tlatah Ngawi, bus Sumber Kencono diobong warga, amarga nggawa korban.Wah warga duwe vonis dhewe yen ana kedadeyan sing ora bisa ditampa. Gek jaman apa ta iki ?Kepriye nasibe penumpang ing jero bus mau, batinku.Tekan Jombang leren, perlu mangan awan lan leren sawetara, kahanan dalan macet-cet amarga arus mudik lan arus balik, kathik wektu iku bubar udan dadi pinggir dalan sing ora aspalan ngecembong banyu udan.Watara jam wolu bengi tekan Surabaya kanthi slamet, Alhamdulillah.

2 komentar:

  1. Sajeg jumbleg bena ing mangsa ketigen menika inggih nembe taun menika kok pak Pur .

    BalasHapus
  2. La inggih pak Ugeng, pancen kawontenan kados ngaten.Mbok inggih menawi longgar tindak Wonodadi, supados pirsa gubuk kula.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming