Ora angger wong gampang bisane tumuli turu, apa maneh turu kang angler kepati. Wong gampang turune prasasat antuk kanugrahan saka Pangeran, dene pinaringan gampang enggone arep ngasokake pancadriya lan badan jasmanine.Sawijining panggawe kang perlu banget tumrap kawarasane badan lan pikiran kita.Elinga, sajrone sedina sewengi, 24 jam, meh sapretolene ( 7 jam ), kita kudu turu saperlu ngasokake badan lan pikiran. Dadi yen dipikir dawa, sajroning kita urip ing donya iki, saproteloning umur kita dumunung ana ing paturon. Mula bab turu iku pancen wigati banget manut para ahli kasarasan tumraping kasarasaning jiwa raga. Kudu kita tata murih bisane kelakon kanthi becik : cukup wektune, lerem lan angler.Wong kang wayahe kudu turu ( wayah bengi ), ora turu nanging omong ropyan-ropyan reroyalan minum lan dansa-dansi kang sejatine kang sedyane nggolek kasenengan, sanyatane ora bakal antuk kemareman kang langgeng.
Tumrapa wong kang kang angel bisane turu, kudu ngrekadaya murih bisane ngurangi kangelan mau sarana nidakake patrap kasebut ing ngisor iki :
1.Pepalange wong angel turu iku kang adakan :” rasa pangrasa wedi ( kuwatir ), yen ora bakal bisa turu”. Rasa pangrasa ngene iki kudu kita brantas. Sing bisa mbrantas dudu wong liya, iya dudu dokter, nanging iya awake dhewe. Kudu percaya dhiri pribadi, yen ora wedi ora bisa turu. Kudu yakin, lan ora perlu sumelang yen ora bisa turu. Rasa pangrasa wedi lan was sumelang mau kudu disirnakake. Badan kudu sumeleh, pikiran sumarah, aja mikir kang ora-ora.
2.Tumrap wong kang saben rinane nyambut gawe abot, adate ora nemoni kangelan nalika arep turu ing wengine. Mula tumrap wong kang pegaweane ora ngobahake awak, becik yen gelema nyambut gawe kasar ing ngomah :ngangsu, siram-siram, nenandur lan sapiturute utawa olah raga.
3.Senthong lan paturon kudu tansah resik gumrining.Sanajan sarwa prasaja, nanging diupakara resike, sukur kang ngresepake, apa dene cukup hawane kang kepenak, ora kaganggu dening lemut lan kewan-kewan liyane. Senthong kang rupak, paturone reged, peteng, hawane panas, ganda apek lan sapiturute, memalangi rasa pangrasa gampang turu.
4.Ana sawenehing wong nalika arep mapan turu , sarana memaca buku utawa kalawarti luwih dhisik. Pamrihe supaya mripat dadi sayah, tur pikiran ora ngambra-ambra saparan-paran. Adate iya banjur tumuli ngantuk, lan yen wis banget ngantuke, lagi mateni(nyilikake) lampu, terus turu.
5.Ana uga wong kang nalika arep mapan turu, luwih dhisik nindakake olah raga ing sajroning senthong nuli adus badan sakojur. Perlune supaya urat saraf bisa gampang lereme.
6.Yen ora tahan kopi aja ngombe kopi yen wayah arep turu. Menkono uga panganan kang “panas “ kayadene masakan kanggo mrica, daging wedhus lan sapiturute, awit bisa njalari asambat tansah nggekeng, ora lerem-lerem. Suwalike: powan(susu), sayur asem, kangkung kates lan sapanunggalane, iku bisa mbiyantu gampang lereme urat saraf.
7. Yen kita turu, getih kang ana ing uteg kita, ora akeh kang mili ing kono. Semono uga yen weteng kita isi panganan lan omben-omben, lakuning getih kang akeh iya menyang weteng.Iku sababe dene yen weteng wareg, banjur krasa ngantuk. Mula saka iku, ana sawenehing wong kang marga kepengin ndang bisa turu, banjur memangan luwih dhisik, pamrihe supaya lakune getih supaya medhun menyang weteng.
8. Ana maneh kang migunakake obat turu (obat tidur), kang diedol ing rumah-obat. Nanging ngulinakake ngombe obat turu iki, ora becik tumrap kuwarasan kita sarta njalari tuman. Yen ora obat-obatan malah banjur ora bisa turu. Aluwung yen ora ana reka daya liyane, becik metu ing njaba, mlaku-mlaku ing rattan nganti sayah. Yen wis sayah, banjur mulih mapan turu.Satemene wae kita dhewe kudu ngudi murih bisane gampang turu ing wayahe yen kita kudu turu, sarta ngudi sajrone turu mau bisane pules, angler temenan, nganti tangine ing wayah esuk: badan lan pikiran kita dadi seger buger. Awit mung saranasa badan lan pikiran kang seger buger, kita bisa yambut gawe kanthi becik, kanthi gembira, kanthi rasa-pangrasa entheng, satemah pegaweyan kita bisa ngasilake kaya kang dadi pepenginan kita.
9.Ana maneh nasehat kang luwih penting bisane enggal turu, yaiku : aja mapan turu yen mripat durung arip( ngantuk) temenan.Kaya dene ing bab mangan, panganan bakal luwih krasa enak lan luwih manfaat tumrap badan kita, yen wetenge wis luwe temenan lagi mangan. Mapan turu nalikane mripat durung ngantuk temenan mung bakal ngentek-entekake wektu kanggo memikir sing ora-ora, awit yen mripat durung ngantuk, adate pikiran ngrambyang mrana-mrene tanpa tujuan, mung malah mitunani tumrap kuwarasan lan tumrap ajining pikiran kita.
10.Pitutur kang wekasan, nanging ora kurang pentinge, yaiku kudu duwe keyakinan yen ora ana wong kang mati marga saka kurang turu. Dadi ora perlu was sumelang, suwalike kang ekhlas sumarah marang Kang Maha Kuwasa , kaya dene pakartine Yeanette Mac Donald yen nuju peteng atine , ruwet pikire, banjur sembahyang kanthi nnyipta isine Psalm 23 ing Kitab Injil :
Allah Maha Agung juru pangen kula, kula mboten badhe kekirangan setunggal menapa. Panjenenganipun manggekaken kula ing pangenan ingkang kathah rumputipun. Paring toya ombe ingkang nyegeraken…….”.
Tumrape kaum Muslimin saweneh wis ana kang duwe pakulinan, yen arep mapan turu maca donga :”
niyatingsun turu, aturu badan gumuling, roh madhep iman tetep, ati muji, amuji marang Allah: Laa ilaa ha ilallah. Muhammadur rasulullah.”Apa sebabe turu angler iku iku kalebu perangan sarat urip seneng lan tentrem ?.
Kawuningana, wong mlarat kang bisa turu kepenak ing bale-bale(amben) pring iku luwih begja tinimbang wong sugih kang turu ing paturon”Hero” kang kasure empuk lan membat mentul, nanging sawengi natas mung tnsah klisikan marga tansah was sumelang, ora jenjem tansah nglilir-nglilir.
Anak pangon kang ing rinane nyambut gawe adus kringet, bisa turu senggar-senggor lemek suket garing ing kandhang sapi, satemene luwih begja tinimbang putrane pegawai tinggi kang turu ing paturon, nanging sewengi muput tansah pijer kogat-kaget marga rasa pangrasa ora tentrem lan marga saka sedina-dinane kurang ngobahake badane.
Para maos, tulisan iki dak tulis amarga aku kalebu wong sing angel turu. Bareng nemokke wacan iki, alhamdulillah kok ana owah-owahan, bisa turu kanthi kepenak, nuwun.
(dijupuk saka: seneng lan tentrem, i.spd 1955-1960 disalarasake ejaan anyar).