Selasa, 30 Oktober 2012

PEMBAGIAN KELOMPOK UNTUK DISKUSI

PEMBAGIAN KELOMPOK UNTUK DISKUSI IPS BAB 5, KELAS 8A, 8B, 8E, 8F, SPENDABAYA th. 12 -13.
 Kelompok I( satu) nomer absen : 1, 5, 9,13, 17, 21, 25, 29, 33, 37 = 10 anak.
 Kelompok II(dua ) nomer absen : 2, 6, 10, 14,18,22, 26, 30, 34, 38 = 10 anak.
 Kelompok III(tiga) nomer absen: 3, 7,11, 15,19,23,27,31,35 =9 anak.
 Kelomok IV(empat) nomer absen : 4, 8, 12, 16, 20, 24, 28, 32, 36 =9 anak
 Materi presentasi :
Kelompok I : Proses Kedatangan Bangsa Barat ke Indonesia Sampai Terbentuknya   Kekuasaan Kolonial di Indonesia.
 Kelompok II :Kebijakan Pemerintah Kolonial Belanda di Indonesia . 
Kelompok III :1. Perbedaan Pengaruh Kolonial Belanda antara Pulau Jawa dengan Pulau-pulau Lain dan Antara Satu Daerah dengan Daerah Lain.
2.Persebaran Agama Kristiani dan Islam di Indonesia pada masa Kolonial.
  Kelompok IV :Perlawanan Rakyat Menentang Koloni Barat di berbagai Daerah.

Senin, 29 Oktober 2012

skenario anyar kanggo nylametake curik bali

Urip minangka lambang Provinsi Bali pranyata ora agawe curik bali ( Leucopsar rothschildi ) urip nyaman.Status sing meh cures bisa gawe gendra perampokan lan terus diuber ing Taman Nasional Bali Barat, kandhang alami sing pungkasan. Tony Sumampau(52) kelingan dhek jaman samana ing taun 2005. Wektu iku, curik bali ing Taman Nasional Bali Barat (TNBB), kari enem. Jumlah pancen wis cukup kanggo njlongkrokake curik bali jroning status cures alami. “ Maling pancen ancaman sing paling gawe curik bali klenger. Wiwit biyen mula nganti saiki mungsuhe curik bali dudu kewan predator nanging ya manungsa .”jarene.
Curik bali sawijining kewan endemik ing pulo Bali.Ciri utamane ana ing wulu, sing rupane putih memplak sakojur awak, kajaba pucuke buntut. Ditambah bunderan warna biru ing cedhake matane , agawe sengseme para kolektor manuk. Curik bali diidentifikasi taun 1911, kanthi penyebaran saka Bubunan nganti Gilimanuk kanthi jembar 320 kilometer pesagi. Kiwa tengene taun 80-an, manuk sing ditemokake Baron Sterssmann iki didadekake symbol Provinsi Bali. Ora kepengin kedadean maneh, Forum Konservasi Satwa Liar, Kementerian Kehutanan lan komunitas pencinta satwa bebarengan Taman Safari Indonesia mbentuk Asosiasi Pelestari Curik Bali (APCB ) taun 2005.
Nganti saiki, Tony dadi koordinator.Tujuan ing mburine kanggo njaga lestarine curik bali. Kanggo kasile rencana mau, disetujoni ngajak penangkar pihak swasta supaya gelem ngopeni curik bali nganti bisa ngrembaka, kanggo mbanjiri pasar. Tumindak sing ora biasa ing jagading konservasi amarga ana dol tinuku curik bali. Curik bali yaiku fauna langka jroning katagori Apendik 1 sing ora oleh dol tinuku.
Pancet dimalingi. 
13 penangkar diwenehi silihan 30 babon curik duweke APCB. Syarate, babonan lan 10 persen anakan kudu dibalekake . Jaminane bisa dhuwit nganti sapi. “Program iki sukses. Asil penangkaran wis bisa nambah populasi curik bali.Taun 2010, populasi curik bali ing TNBB ngancik 67. Rega ing pasar maling mudhun saka Rp.15,- yuta - Rp.25.-yuta dadi Rp.6,- yuta manuk siji. Ana kurang luwih 1.200 curik bali sing isih diduweni penangkar “ jarene. Rong mlaku, kemalingan ora ana lerene.Saben manuk siji diregani Rp.6,- yuta pancen mencutake.Pertengahan 2012, 12 curik bali lan kandhange digondhol maling. Sisane angel dideteksi. Warta bab maling curik lan dedagangan slinthutan dudu isapan jempol. Buktine , sing ditindakake dagang manuk ing Jawa Barat wani sumbar yen dheweke sanggup nyediyakake bali saka asile mburu kanthi rega Rp.15,- yuta. Dene yen penangkaran regane Rp.6,- yuta.

Masyarakat diajak ngrumat .
 Kandang kang ukurae 2 meter X 3 meter, arep dadi omah pungkasan curik bali sajodho, Selty lan Scooty, ing penangkaran curik bali Taman Safari Indonesia ( TSI ) Bogor. Sajodho curik bali sing umure telung taun pancen wis direncanakake diculne ing alam bebas sing arep ditindakake APCB wulan November mengko.
Strategi anyar ditindakake. Ora mung dilepaske ing TNBB, curik bali uga bakal menikamati urip anyar ing kawasan Ubud. Manuk mau asil penangkaran ing TSI Bogor, Kebun Binatang Surabaya lan Research and Coservation Center Yokohama ,Jepang. Total 165 manuk sing bakal diculne. Manut Tony, sebagean gedhe curik bali arep diculne ing Ubud.TNBB isih durung aman saka tumndake maling. Ora sepira adoh bedane habitat antarane Ubud lan TNBB. Kasile dikembang biakkan ing Nusa Penida, Nusa Ceningan lan Nusa Lembongan lan fakta sejarah curik bali nate urip ing Bali dadi alasan kuat. Raja Ubud nayogyani nglebokake larangan mburu curik bali jroning awig-awig ing saben panggonan. Kanthi mangkono bisa ningkatake populasi curik bali. Awig-awig diyakini bisa ningkatake kesadaran masyarakat kanggo njaga anane curik bali.Liya saka iku, manuk mau iya dijangkepi mkrocip lan tandha pengenal. Dene pakan alami ing habitat sing anyar, Nunuk Prabawaningtyas petugas penangkaran curik bali TSI Bogor, ngomong yen manuk mau ora gumantung woh Lantana Camara sing dadi panganan asline. Ing penangkaran, saliyane disediyani Lantana Camara, curik bali iya doyan mangan kroto( endhog semut),jangkrik, kates lan gedhang.
Ornitolog ( ahli imu pengetahuan burung) saka Unversitas Padjadjaran Bandung, Johan Iskandar, aweh pamrayoga yen diculne ing habitat anyar kudu bertahap. Manuk asil penangkaran aja diculne cul ngono wae. Kudu dipilih endi manuk sing pancen temen-temen siap utawa digolekke kandhang sing sifate sawetara. Liya saka iku, uga nduweni pangajab supaya sosialisasi marang masyarakat sacehake kono temen-temen kuwat. Aja nganti ana warga sing malah kepencut nlai ekonomis tinimbang nglestarekake kewan khas Bali iki. “Penguatan berbasis masyarakat luwih penting tinimbang ngenteni ketegasane aparat hukum.” jare Johan. Sapa wae kudu njaga curik bali. (sumb.komp231012-p1/15-pjb ).

Jumat, 19 Oktober 2012

Bioskop wiwitan diputer ana ngendi ?

Bioskop saka tembung Yunani, bios tegese urip lan skopeein sing tegese ndeleng. Muncule bioskop iki ora bisa dilalekake saka Athanasius Kircher, wong Italia. Ing taun 1640, dheweke miwiti ngothak-athik gambar saengga ketok obah.
Temuane mau disebut magia catrotrica utawa lentera ajaib. Sawise temuan mau, Simon Ritter von Stampfer, nyiptakake strosboscope, yaiku gambar tembus deleng sing bisa diunggah menyang sunar ing taun 1853.Perkembangane cepet banget sawise iku.Puncake kedadeyan tontonan ing Paris, 28 Desember 1895. Lumiere sasedulur sing nyediyakake gedhong tertutup kanggo ndeleng gambar urip. Tontonan mau dilaksanakake ing warung kopi. Wong kudu mbayar yen kepengin nonton.Sadurunge, tontonan mau wis diputer ing Atlanta (AS), ing taun 1895 lan ing Berlin tanggal 1 Nopember 1895. Nanging wong sing nonton ora perlu mbayar. Mula saka iku tontonan ing Paris tetep dianggep minangka bioskop wiwitan.(sumb, hys5.12.kc91.pjb)

Selasa, 16 Oktober 2012

ASAL-USULE LAMPU LALU LINTAS

Ing taun 1860-an sawetara Negara wiwit ngenalake rambu-rambu go lan stop, sing gantian kanthi manual, minangka system mlaku lan mandhege kendaraan ing prapatan lan dalan kang nyimpang. Nanging ing Inggris, kacilakan antarane mobil lan dokar isih sering kedaden.
J.P. Knight sawijining insinyur Inggris banjur masang lampu lintas sing wiwitan ing London taun 1868.Lampu lalu lntas sing  nggunakake  tenaga gas iki  nduweni nduweni  lampu abang lan ijo kang diatur  wektu murube.
Lampu lalu lintas dianggep ora aman lan ora efisien nalika mbledhos ing taun 1869, natoni polisi sing lagi ngayahi tugas ing sacedhake. Lagi ing taun 1912 ditemokake lampu lalu lintas sing migunakake listrik. Lampu iki digunakake wiwitan ing Amerika Serikat. Warna lampu jroning  alat alat lalu lintas iki isih nganggo rong warna, abang lan ijo lan ditambahi bel sing muni sawanci-wanci warnane ganti. Lampu lalu lintas terus ngalami owah-owahan manut majuning jaman kanthi tambahan warna kuning minangka jeda, lampu control otomatis lan interkoneksi, lampu lalu lintas kanggo wong mlaku, pengguna sepeda, sarta countdown timer lampu lalu lintas. ( hys5-12 kc91-pjb ).

Apa sebabe Amerika Serikat dijuluki Paklik Sam ?

Sebutan Uncle Sam utawa Paklik Sam kanggo AS diwiwiti saka riwayat salah sawijining wiraswasta. Jenenge Samuel Wilson. Dheweke lair ing Arlington, Massasushets, tanggal 13 Septemebr 1766. Bebarengan karo dulure, Ebeneezer, dheweke pindhah menyang Troy, New York, taun 1797 kanggo urusan bisnis. Bisnise maju , amarga dibarengi etos kerja sing onjo. Dheweke salah sijining wiraswasta sing cukup makmur ing Troy wiwit taun 1812. Bebarengan karo iku dumadi perang gedhen mungsuh Inggris. Kanggo nahan gempuran Inggris ing wilayah lor, tentara AS numpuk cadangan panganan, utamane daging sapi. Samuel sing nyediyakake.
Daging-daging iku dilebokke  njerone puluhan tong. Supaya gampang  diidentifikasi barang, tong-tong mau diwenehi label “ US “, inisiale United States. Nanging para tentara mlesetake Uncle Sam,  parabane Samuel. Sateruse jeneng iki sering dianggo minangka lambang  tresna marang negara lan sregep nyambut gawe. Lan rakyat AS mongkok, nyebut awake nganggo Paklik Sam. ( hys5.12.kc90.pjb).

Rabu, 10 Oktober 2012

Apa sebabe setir mobil Indonesia sisih tengen ?

Indonesia kalebu left-driving countries utawa negara sing nggunakake sisih kiwa nalika nyetir..
Mengkono uga ing Inggris, India, Malaysia lan Australia Negara-negara sing duwe kebiasaan nyopir ing sisih kiwa , keh-akehe negara tilase wilayah jajahan Inggris. Sanajan Walanda paling suwe nggegem wilayah Indonesia, nanging jalur lan nyeleh setir ing Indonesia oleh pengaruh saka Inggris. Wektu iku Inggris kober ngejeki ing jamane Herman Willem Daendels lan Thomas Stanford Raffles ing wiwitan abad -19.Pengaruh iki wiwit dicakake nalika dalan Anyer –Panarukan dibangun Daendels.

Rabu, 03 Oktober 2012

MOROTAI , jejak perang donya II sing digadhekake

15 september 1944, pulo Morotai wektu iku dikuwasani Jepang.
Bumi horeg .Saka akasa sekutu ora leren-leren anggone ngajar kanthi nyeblokke bom kanthi wengis. 58 taun wis kepungkur, tilase perang wis amblas kagerus sega sapiring kang kudu disandhing. “Akehe pesawat pasukan sekutu iku , kaya gumebyare lintang ing akasa, akeh banget,” jare Muhammad Yaman(83), warga desa Wamama, Morotai Kidul, Kabupaten Pulau Morotai, Maluku Lor, pertengahan September kepungkur. Ewon manuk wesi sing diawaki 16.915 pilot Angkatan Udara Amerika Serikat lan Australia wektu iku nggempur kanthi sandi operasi “Tradewind”. Sithik mbaka sithik, Morotai bisa dikuwasani AS lan para pasekuthone, sing sadurunge digegem Jepang.
Komandan pasuka AS Wilayah Pasifik Kulon Lor Jendral Douglas MacArthur prentah supaya Morotai didadekne pangkalan militer. Pulo sing jembare 2.314 kilometer pesegi sing ana ing tepining Samudera Pasifik iku dianggep strategis kanggo nguwasani Filipina lan ngincer wilayah Jepang. Saiki dermaga sing dibangun sekutu , tanpa sisa. Sing ketok mung njenggeleke watu kanggo ngayomi dermaga lan sisane waja. Mung siji saka enem landasan sing bisa digunakake , dene sing lima katutup alang-alang. Sekutu pancen ninggalake sawetara peralatan perang ing antara liya bedhil, bom, panser, kapal laut, nganti pesawat terbang. Nanging Walanda sing ngejeki Morotai, sakehing piranti-piranti mau diangkut menyang Papua kanggo mikuwati pertahanan ing tlatahe. Kanthi kahanan kaya mangkono, ing taun 1980 an, BUMN sawijining industri waja njupuki barang-barang mau banjur diolah. Tugelan lan potongan wesi, waja lan aluminium sing blasah ing dhasaring samodra wekasan dadi lahan penghasilane para warga.Warga ya kerep ngedol marang wong-wong sanjabaning Morotai sing sengaja nggolek barang-barang kasebut.Ana uga sing ngolah dadi barang kerajinan. “Gelang, kalung lan pedang samurai digawe saka wesi putih barang-barang tinggalane perang,” jare Ikram Paturoh (32), salah siji saka pengrajin wesi putih ng Morotai. Aktivitas” daur ulang” logam-logam tinggalane perang donya II, sabenere wis lumaku wiwit taun 1970. Omzet saben pengrajin ngancik Rp.10 yuta, saben wulan. Asil kerajinan mau didol ing Ternate, lan Halmahera , Maluku Lor.
 Ana sing peduli. 
 Ing tengahe marak aktivitas ekonomi sing dipungkasi amblase tilas sejarah ing Morotai, Muhlis Eso(32) bebarengan enem kancane duwe panemu nyeje.
Pria sing kagabung ing kelompok Swadaya Pemerhati Museum Perang Donya iku, malah nglestarekake. Dene carane barang-barang mau dituku marang warga sing nduweni. Wiwit taun 2010 barang-barang kayata, sanjata, peluru, koin lan sendok prajurit, dipamerke ing bangunan sederhana ( apayon godong rumbia lan tembok kayu) , ing ngarep omahe Muhlis, Desa Joubela, Morotai Kidul. Ing tembok bangunan mau ditempelake sejarah Perang Donya II ing Morotai. Upaya lan peduline kelompok iki dadi cikal bakal pembangunan Museum Perang Doya II ing Morotai. Barang-barang sing kasil diklumpukake, didadekake alat peraga utama ing museum sing pembangunane arep diwiwiti taun 2013, muga-muga wae. Manut Muhlis, sing ditindakake mau mung saderma amanah saka tete( kakek), “ Awas barang-barang mau aja didol menyang Sekutu lan Jepang sing arep mbalik njupuk maneh.Ngono pesene tete. Ing walike pesen mau, kita eling, tete ora kepengin sejarah perang Morotai dilalekake “ ujare Muhlis. Apa sing dikumpulake ing museum mau, paling ora anyengkuyung saksi para pinisepuh ing Morotai. Yaman, saksi sejarah isih kelingan sakwulan sadurunge sekutu lunga, pesta gedhen digelar ing Pulo Dodola.
Ewon wong tumplek bleg ing pulo cilik kang wedhine putih ing kidul Morotai, kang saiki dadi obyek wisata., “ pancen pesta nanging ing ati sedhih amarga sekutu wis dak anggep sedulur dhewe, “ ujare. Nganti saiki Yaman isih eling jeneng-jenenge prajurit sing raket karo dheweke.Dhewekw iya isih eling lagu-lagu sing sering dinyanyekake sanajan ora ngerti apa judhule lan lirike.Bareng ditlusuri lagu mau “Pistol Packin’Mama” sing dipopulerke Bing Crosby lan The Andrew Sisters taun 1943.Lagu mau dilestarekake ing teknologi digital, sauntara iku jejak sejarah kang ana ing panggonan mau, angup-angup amblas. Urusan weteng pancen luwih dominan tinimbang nggatekake sejarah……..( sumb.kps29912 A.Ponco Anggoro-pjb ).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming