Selasa, 16 Oktober 2012

ASAL-USULE LAMPU LALU LINTAS

Ing taun 1860-an sawetara Negara wiwit ngenalake rambu-rambu go lan stop, sing gantian kanthi manual, minangka system mlaku lan mandhege kendaraan ing prapatan lan dalan kang nyimpang. Nanging ing Inggris, kacilakan antarane mobil lan dokar isih sering kedaden.
J.P. Knight sawijining insinyur Inggris banjur masang lampu lintas sing wiwitan ing London taun 1868.Lampu lalu lntas sing  nggunakake  tenaga gas iki  nduweni nduweni  lampu abang lan ijo kang diatur  wektu murube.
Lampu lalu lintas dianggep ora aman lan ora efisien nalika mbledhos ing taun 1869, natoni polisi sing lagi ngayahi tugas ing sacedhake. Lagi ing taun 1912 ditemokake lampu lalu lintas sing migunakake listrik. Lampu iki digunakake wiwitan ing Amerika Serikat. Warna lampu jroning  alat alat lalu lintas iki isih nganggo rong warna, abang lan ijo lan ditambahi bel sing muni sawanci-wanci warnane ganti. Lampu lalu lintas terus ngalami owah-owahan manut majuning jaman kanthi tambahan warna kuning minangka jeda, lampu control otomatis lan interkoneksi, lampu lalu lintas kanggo wong mlaku, pengguna sepeda, sarta countdown timer lampu lalu lintas. ( hys5-12 kc91-pjb ).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming