Selasa, 16 Oktober 2012

Apa sebabe Amerika Serikat dijuluki Paklik Sam ?

Sebutan Uncle Sam utawa Paklik Sam kanggo AS diwiwiti saka riwayat salah sawijining wiraswasta. Jenenge Samuel Wilson. Dheweke lair ing Arlington, Massasushets, tanggal 13 Septemebr 1766. Bebarengan karo dulure, Ebeneezer, dheweke pindhah menyang Troy, New York, taun 1797 kanggo urusan bisnis. Bisnise maju , amarga dibarengi etos kerja sing onjo. Dheweke salah sijining wiraswasta sing cukup makmur ing Troy wiwit taun 1812. Bebarengan karo iku dumadi perang gedhen mungsuh Inggris. Kanggo nahan gempuran Inggris ing wilayah lor, tentara AS numpuk cadangan panganan, utamane daging sapi. Samuel sing nyediyakake.
Daging-daging iku dilebokke  njerone puluhan tong. Supaya gampang  diidentifikasi barang, tong-tong mau diwenehi label “ US “, inisiale United States. Nanging para tentara mlesetake Uncle Sam,  parabane Samuel. Sateruse jeneng iki sering dianggo minangka lambang  tresna marang negara lan sregep nyambut gawe. Lan rakyat AS mongkok, nyebut awake nganggo Paklik Sam. ( hys5.12.kc90.pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming