Urip minangka lambang Provinsi Bali pranyata ora agawe curik bali ( Leucopsar rothschildi ) urip nyaman.Status sing meh cures bisa gawe gendra perampokan lan terus diuber ing Taman Nasional Bali Barat, kandhang alami sing pungkasan.
Tony Sumampau(52) kelingan dhek jaman samana ing taun 2005. Wektu iku, curik bali ing Taman Nasional Bali Barat (TNBB), kari enem. Jumlah pancen wis cukup kanggo njlongkrokake curik bali jroning status cures alami. “ Maling pancen ancaman sing paling gawe curik bali klenger. Wiwit biyen mula nganti saiki mungsuhe curik bali dudu kewan predator nanging ya manungsa .”jarene.
Curik bali sawijining kewan endemik ing pulo Bali.Ciri utamane ana ing wulu, sing rupane putih memplak sakojur awak, kajaba pucuke buntut. Ditambah bunderan warna biru ing cedhake matane , agawe sengseme para kolektor manuk. Curik bali diidentifikasi taun 1911, kanthi penyebaran saka Bubunan nganti Gilimanuk kanthi jembar 320 kilometer pesagi. Kiwa tengene taun 80-an, manuk sing ditemokake Baron Sterssmann iki didadekake symbol Provinsi Bali. Ora kepengin kedadean maneh, Forum Konservasi Satwa Liar, Kementerian Kehutanan lan komunitas pencinta satwa bebarengan Taman Safari Indonesia mbentuk Asosiasi Pelestari Curik Bali (APCB ) taun 2005.
Nganti saiki, Tony dadi koordinator.Tujuan ing mburine kanggo njaga lestarine curik bali. Kanggo kasile rencana mau, disetujoni ngajak penangkar pihak swasta supaya gelem ngopeni curik bali nganti bisa ngrembaka, kanggo mbanjiri pasar. Tumindak sing ora biasa ing jagading konservasi amarga ana dol tinuku curik bali. Curik bali yaiku fauna langka jroning katagori Apendik 1 sing ora oleh dol tinuku.
Pancet dimalingi.
13 penangkar diwenehi silihan 30 babon curik duweke APCB. Syarate, babonan lan 10 persen anakan kudu dibalekake . Jaminane bisa dhuwit nganti sapi. “Program iki sukses. Asil penangkaran wis bisa nambah populasi curik bali.Taun 2010, populasi curik bali ing TNBB ngancik 67. Rega ing pasar maling mudhun saka Rp.15,- yuta - Rp.25.-yuta dadi Rp.6,- yuta manuk siji. Ana kurang luwih 1.200 curik bali sing isih diduweni penangkar “ jarene. Rong mlaku, kemalingan ora ana lerene.Saben manuk siji diregani Rp.6,- yuta pancen mencutake.Pertengahan 2012, 12 curik bali lan kandhange digondhol maling. Sisane angel dideteksi. Warta bab maling curik lan dedagangan slinthutan dudu isapan jempol. Buktine , sing ditindakake dagang manuk ing Jawa Barat wani sumbar yen dheweke sanggup nyediyakake bali saka asile mburu kanthi rega Rp.15,- yuta. Dene yen penangkaran regane Rp.6,- yuta.
Masyarakat diajak ngrumat .
Kandang kang ukurae 2 meter X 3 meter, arep dadi omah pungkasan curik bali sajodho, Selty lan Scooty, ing penangkaran curik bali Taman Safari Indonesia ( TSI ) Bogor. Sajodho curik bali sing umure telung taun pancen wis direncanakake diculne ing alam bebas sing arep ditindakake APCB wulan November mengko.
Strategi anyar ditindakake. Ora mung dilepaske ing TNBB, curik bali uga bakal menikamati urip anyar ing kawasan Ubud. Manuk mau asil penangkaran ing TSI Bogor, Kebun Binatang Surabaya lan Research and Coservation Center Yokohama ,Jepang. Total 165 manuk sing bakal diculne. Manut Tony, sebagean gedhe curik bali arep diculne ing Ubud.TNBB isih durung aman saka tumndake maling. Ora sepira adoh bedane habitat antarane Ubud lan TNBB. Kasile dikembang biakkan ing Nusa Penida, Nusa Ceningan lan Nusa Lembongan lan fakta sejarah curik bali nate urip ing Bali dadi alasan kuat. Raja Ubud nayogyani nglebokake larangan mburu curik bali jroning awig-awig ing saben panggonan. Kanthi mangkono bisa ningkatake populasi curik bali. Awig-awig diyakini bisa ningkatake kesadaran masyarakat kanggo njaga anane curik bali.Liya saka iku, manuk mau iya dijangkepi mkrocip lan tandha pengenal. Dene pakan alami ing habitat sing anyar, Nunuk Prabawaningtyas petugas penangkaran curik bali TSI Bogor, ngomong yen manuk mau ora gumantung woh Lantana Camara sing dadi panganan asline. Ing penangkaran, saliyane disediyani Lantana Camara, curik bali iya doyan mangan kroto( endhog semut),jangkrik, kates lan gedhang.
Ornitolog ( ahli imu pengetahuan burung) saka Unversitas Padjadjaran Bandung, Johan Iskandar, aweh pamrayoga yen diculne ing habitat anyar kudu bertahap. Manuk asil penangkaran aja diculne cul ngono wae. Kudu dipilih endi manuk sing pancen temen-temen siap utawa digolekke kandhang sing sifate sawetara. Liya saka iku, uga nduweni pangajab supaya sosialisasi marang masyarakat sacehake kono temen-temen kuwat. Aja nganti ana warga sing malah kepencut nlai ekonomis tinimbang nglestarekake kewan khas Bali iki. “Penguatan berbasis masyarakat luwih penting tinimbang ngenteni ketegasane aparat hukum.” jare Johan. Sapa wae kudu njaga curik bali. (sumb.komp231012-p1/15-pjb ).

Tidak ada komentar:
Posting Komentar