Rabu, 03 Oktober 2012

MOROTAI , jejak perang donya II sing digadhekake

15 september 1944, pulo Morotai wektu iku dikuwasani Jepang.
Bumi horeg .Saka akasa sekutu ora leren-leren anggone ngajar kanthi nyeblokke bom kanthi wengis. 58 taun wis kepungkur, tilase perang wis amblas kagerus sega sapiring kang kudu disandhing. “Akehe pesawat pasukan sekutu iku , kaya gumebyare lintang ing akasa, akeh banget,” jare Muhammad Yaman(83), warga desa Wamama, Morotai Kidul, Kabupaten Pulau Morotai, Maluku Lor, pertengahan September kepungkur. Ewon manuk wesi sing diawaki 16.915 pilot Angkatan Udara Amerika Serikat lan Australia wektu iku nggempur kanthi sandi operasi “Tradewind”. Sithik mbaka sithik, Morotai bisa dikuwasani AS lan para pasekuthone, sing sadurunge digegem Jepang.
Komandan pasuka AS Wilayah Pasifik Kulon Lor Jendral Douglas MacArthur prentah supaya Morotai didadekne pangkalan militer. Pulo sing jembare 2.314 kilometer pesegi sing ana ing tepining Samudera Pasifik iku dianggep strategis kanggo nguwasani Filipina lan ngincer wilayah Jepang. Saiki dermaga sing dibangun sekutu , tanpa sisa. Sing ketok mung njenggeleke watu kanggo ngayomi dermaga lan sisane waja. Mung siji saka enem landasan sing bisa digunakake , dene sing lima katutup alang-alang. Sekutu pancen ninggalake sawetara peralatan perang ing antara liya bedhil, bom, panser, kapal laut, nganti pesawat terbang. Nanging Walanda sing ngejeki Morotai, sakehing piranti-piranti mau diangkut menyang Papua kanggo mikuwati pertahanan ing tlatahe. Kanthi kahanan kaya mangkono, ing taun 1980 an, BUMN sawijining industri waja njupuki barang-barang mau banjur diolah. Tugelan lan potongan wesi, waja lan aluminium sing blasah ing dhasaring samodra wekasan dadi lahan penghasilane para warga.Warga ya kerep ngedol marang wong-wong sanjabaning Morotai sing sengaja nggolek barang-barang kasebut.Ana uga sing ngolah dadi barang kerajinan. “Gelang, kalung lan pedang samurai digawe saka wesi putih barang-barang tinggalane perang,” jare Ikram Paturoh (32), salah siji saka pengrajin wesi putih ng Morotai. Aktivitas” daur ulang” logam-logam tinggalane perang donya II, sabenere wis lumaku wiwit taun 1970. Omzet saben pengrajin ngancik Rp.10 yuta, saben wulan. Asil kerajinan mau didol ing Ternate, lan Halmahera , Maluku Lor.
 Ana sing peduli. 
 Ing tengahe marak aktivitas ekonomi sing dipungkasi amblase tilas sejarah ing Morotai, Muhlis Eso(32) bebarengan enem kancane duwe panemu nyeje.
Pria sing kagabung ing kelompok Swadaya Pemerhati Museum Perang Donya iku, malah nglestarekake. Dene carane barang-barang mau dituku marang warga sing nduweni. Wiwit taun 2010 barang-barang kayata, sanjata, peluru, koin lan sendok prajurit, dipamerke ing bangunan sederhana ( apayon godong rumbia lan tembok kayu) , ing ngarep omahe Muhlis, Desa Joubela, Morotai Kidul. Ing tembok bangunan mau ditempelake sejarah Perang Donya II ing Morotai. Upaya lan peduline kelompok iki dadi cikal bakal pembangunan Museum Perang Doya II ing Morotai. Barang-barang sing kasil diklumpukake, didadekake alat peraga utama ing museum sing pembangunane arep diwiwiti taun 2013, muga-muga wae. Manut Muhlis, sing ditindakake mau mung saderma amanah saka tete( kakek), “ Awas barang-barang mau aja didol menyang Sekutu lan Jepang sing arep mbalik njupuk maneh.Ngono pesene tete. Ing walike pesen mau, kita eling, tete ora kepengin sejarah perang Morotai dilalekake “ ujare Muhlis. Apa sing dikumpulake ing museum mau, paling ora anyengkuyung saksi para pinisepuh ing Morotai. Yaman, saksi sejarah isih kelingan sakwulan sadurunge sekutu lunga, pesta gedhen digelar ing Pulo Dodola.
Ewon wong tumplek bleg ing pulo cilik kang wedhine putih ing kidul Morotai, kang saiki dadi obyek wisata., “ pancen pesta nanging ing ati sedhih amarga sekutu wis dak anggep sedulur dhewe, “ ujare. Nganti saiki Yaman isih eling jeneng-jenenge prajurit sing raket karo dheweke.Dhewekw iya isih eling lagu-lagu sing sering dinyanyekake sanajan ora ngerti apa judhule lan lirike.Bareng ditlusuri lagu mau “Pistol Packin’Mama” sing dipopulerke Bing Crosby lan The Andrew Sisters taun 1943.Lagu mau dilestarekake ing teknologi digital, sauntara iku jejak sejarah kang ana ing panggonan mau, angup-angup amblas. Urusan weteng pancen luwih dominan tinimbang nggatekake sejarah……..( sumb.kps29912 A.Ponco Anggoro-pjb ).

1 komentar:

  1. Antawis taun 60-63, ing majalah VARIA wonten memori Prang Donya II, ingkang dipun serat dening Saburo Sakai salah satunggaling pilot Zero - Jepang. Ing seratan mawi irah-irahan SAMURAI wau, dipun cariyosaken bilih Morotai dados salah-satunggaling lesan (target) ingkang kedah kagempur dening skuadron Jepang.
    Kula pados waosan wau ngantos sapunika dereng kapanggih

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming