Sabda Nabi, rong prakara sing mbebayani manungsa. Kapisan
nalika sehat, kaloro wektu senggang. Nalika sehat, wong kerep lali, lan ora
nduweni rasa syukur. Banjur mangan-mangan lan nindakake apa wae sing kliwat
taker nganti ambruk lara. Nalika wektu senggang uga ora digunakake kanggo bab
kang piguna, kang tundhone ngrugekake awake dhewe.
Ing pungkasaning tahun lan ngarepake tumapake tahun anyar
wulan Masehi, ora sethithik wong ing negara
iki nindakake bab-bab sing ora
mumpangati. Bisa uga nyonto , latah kabiasan ing saantero jagad. Nyumet kembang
api, nyumet mercon, lan maneka warna
gemerlaping donya sing kliwat taker. Televisi, hotel , lan panggonan
liyane kanthi mligi padha nganakake mapag tahun anyar kanthi hiburan sing wah
lan jor-joran mewah.
Kabeh wong kerut ing swasana gembira tahun anyar, nuruti
kareping ati. Nalika jam nuduhake etung mundur nganti angka siji, kabeh padha
jingkrak-jingkrak kaya wong kesurupan. “Kegemberiaan sesaat “sumrambah tekan
tekan ing kampung-kampung. Anake manungsa sing jarene modern iki, kerep
kelangan jati diri lan kelangan kendali, ngentekke wektu wiwit jam 00.00 nganti
parak esuk. Ora sithik sing padha nindakake
kang dilarang agama mung kanggo nuruti mapag tahun anyar.Kacilakan lalu lintas wis ora kepetung, mati siya-siya.
Apa sing sing dipikirne wong-wong sing ngaku” berbudaya
modern” lan “mendunia “iku ? Ya budaya lahiriyah, mung ngumbar kasenengan
inderawi. Apa ora eling nalika tahun
anyar teka, umur bakal suda ? Tambah waktu ateges sudane umur. Tambah wektu ateges tambah
sesanggan lan tanggung jawab urip ing donya. Urip sasuwene iki digunakake
kanggo apa, migunani apa mitunani ?
Kabeh bisa njupuk
piwulang sasuwene setahun kepungkur lan mecaki tahun sateruse. Ora krasa wektu
mlaku cepet banget.
Jroning firma-Ne Allah
ngendika bab wektu, kaya kang kaserat ing surat Wal Ashri sing tegese:” Demi waktu, sayekti
manungsa iku temen ana sajroning kapitunan.Kajaba kang padha angestu sarta
anindakake panggawe becik, apa dene weling wineling ing bener, sarta
weling-wineling ing sabar.”( Qs. Wal Ashr. 1-3 ). Saking banget ngregani wektu , nganti Gusti Allah
Kang Maha Kuwasa paring sumpah pentinge ngregani
wektu mau. Mula eman banget nalika manungsa mbuwang wektu kang tanpa tanja lan ora ngisi kanggo iman lan amal sholeh.
Nabi wis paring penget, kanthi sabdane. Elinga lima perkara
sadurunge sadurunge tekane lima perkara liya : urip sadurunge tekane pati, sehat sadurunge lara, wektu longgar sadurunge repot, wektu isih
enom sadurunge tuwa lan nalika sugih sadurunge mlarat. Tegese kabeh
kalodangan sing apik kudu digunakake kanggo saapik-apike, saengga salawase
urip bisa migunani lan maslahat. Ora
suwalike, urip mung kanggo glamour, seneng-seneng lan kebak kamuspran.
Urip pancen cupet banget samangsa mung dianggo “lahwa wa
la’ib” guyon lan dolanan. Kari pira sisa umur kita kanggo amal nandur kabecikan lan urip kang piguna sadurunge Gusti nimbali
? ( sb.sm.ed,n24thk98-16/3112.13/A.Nuha.h62/pjb).