Rabu, 25 Desember 2013

ngisi sisane umur




                          Sabda Nabi, rong prakara sing mbebayani manungsa. Kapisan nalika sehat, kaloro wektu senggang. Nalika sehat, wong kerep lali, lan ora nduweni rasa syukur. Banjur mangan-mangan lan nindakake apa wae sing kliwat taker nganti ambruk lara. Nalika wektu senggang uga ora digunakake kanggo bab kang piguna, kang tundhone ngrugekake  awake dhewe.
                          Ing pungkasaning tahun lan ngarepake tumapake tahun anyar wulan Masehi, ora sethithik wong   ing negara iki  nindakake bab-bab sing ora mumpangati. Bisa uga nyonto , latah kabiasan ing saantero jagad. Nyumet kembang api, nyumet mercon, lan maneka warna  gemerlaping donya sing kliwat taker. Televisi, hotel , lan panggonan liyane kanthi mligi padha nganakake mapag tahun anyar kanthi hiburan sing wah lan jor-joran mewah.
                         Kabeh wong kerut ing swasana gembira tahun anyar, nuruti kareping ati. Nalika jam nuduhake etung mundur nganti angka siji, kabeh padha jingkrak-jingkrak kaya wong kesurupan. “Kegemberiaan sesaat “sumrambah tekan tekan ing kampung-kampung. Anake manungsa sing jarene modern iki, kerep kelangan jati diri lan kelangan kendali, ngentekke wektu wiwit jam 00.00 nganti parak esuk. Ora sithik sing padha nindakake  kang dilarang agama  mung kanggo nuruti  mapag tahun anyar.Kacilakan  lalu lintas wis ora kepetung, mati siya-siya.
                       Apa sing sing dipikirne wong-wong sing ngaku” berbudaya modern” lan “mendunia “iku ? Ya budaya lahiriyah, mung ngumbar kasenengan inderawi. Apa  ora eling nalika tahun anyar teka, umur bakal suda ? Tambah waktu ateges  sudane umur. Tambah wektu ateges tambah sesanggan lan tanggung jawab urip ing donya. Urip sasuwene iki digunakake kanggo apa, migunani apa mitunani ?
Kabeh bisa  njupuk piwulang sasuwene setahun kepungkur lan mecaki tahun sateruse. Ora krasa wektu mlaku cepet banget.
            Jroning firma-Ne Allah  ngendika bab wektu, kaya kang kaserat ing surat  Wal Ashri sing tegese:” Demi waktu, sayekti manungsa iku temen ana sajroning kapitunan.Kajaba kang padha angestu sarta anindakake panggawe becik, apa dene weling wineling ing bener, sarta weling-wineling ing sabar.”( Qs. Wal Ashr. 1-3 ). Saking  banget ngregani wektu , nganti Gusti Allah Kang Maha Kuwasa paring sumpah pentinge  ngregani wektu mau. Mula eman banget nalika manungsa mbuwang wektu kang tanpa tanja lan  ora ngisi kanggo iman lan amal sholeh.
         
                     Nabi wis paring penget, kanthi sabdane. Elinga lima perkara sadurunge sadurunge tekane lima perkara liya : urip sadurunge tekane pati, sehat sadurunge lara,  wektu longgar sadurunge repot, wektu isih enom sadurunge tuwa lan nalika sugih sadurunge mlarat. Tegese kabeh kalodangan sing apik kudu digunakake kanggo saapik-apike, saengga salawase urip  bisa migunani lan maslahat. Ora suwalike, urip mung kanggo glamour, seneng-seneng lan kebak kamuspran.
Urip pancen cupet banget samangsa mung dianggo “lahwa wa la’ib” guyon lan dolanan. Kari pira sisa umur kita kanggo amal  nandur kabecikan  lan urip kang piguna sadurunge Gusti nimbali ? ( sb.sm.ed,n24thk98-16/3112.13/A.Nuha.h62/pjb).

2 komentar:

  1. Alhamdulillah, msh sering lihat postingannya pak pur

    BalasHapus
  2. kesuwun ya Gita,...... masih ingat pak Pur.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming