Sabtu, 30 Oktober 2010

warta kanggo mitra

esuk iki ……..esuk iki sliramu ana ngendi? menyang tegal ngirim boga kanggo bapa kang ngudhal- udhal-lemah cengkar …………….apa malah ngudang putra sing ayu-ayu...... utawa tindak pamulangan paring pitutur marang para cantrik cilik-cilik? mitraku…….esemmu kang gawe getering atiku…….sapandurat aku gragap yen sliramu ora ana ngarepku.

mitraku........ kawruhana yen nuswantara nandhang dhuhkita. apa sliramu ora pirsa …………… apa rewa-rewa ora pirsa………amarga ……wakil kita lunga menyang manca perlu sinau tatakrama......aneh ning nyata.

mitraku...... arga Merapi lagi krodha nyebar pepati lan kasangsaya .........akeh rowang kang kebak panandhang....... wisma lan rajakaya datan kapetang
mitraku...... ing wektu iku uga ………..tsunami nggegerke Mentawai………korban pating blasah kasulayah......… prahara sindhung riwut magenturan, lindu kaping pitu mawantu-wantu....parandene menyang endi playune bocah bajang, kang nyekel sada lanang ?

mitraku, yen Gusti wis paring bebendu...... ora ana sing bakal kuwawa anadhahi kang bakal dumadi……….kabeh mau kinarya pepenget, thegkliwere jagad iki ana ing astaNE.

mitraku........ sanajan sliramu ana ing sukuning arga, apa ing gisiking samodra aku tetep setya……

Senin, 25 Oktober 2010

MATERI ULANGAN BASA JAWA

MATERI ULANGAN HARIAN 2 SEMESTER GASAL 2010-2011 SPENDABAYA.
Murid-murid kelas IX, ulangan padinan bebarengan ka 2 wulangan basa Jawa tiba dina Kamis tanggal 28 Oktober 2010.Sadurunge nggarap, tulisen ukara sing dicetak miring lan ditanda tangani: Kula badhe nggarap ulangan menika kanthi jujur, boten ngrepek lan boten tanglet kanca . ttd…jeneng kanthi jelas. Rampung kok tulis lan kok tanda tangani, lagi wiwit nggarap nomer 1, 2 lan sateruse.Dene sing kudu disinaoni ana ing buku materi pembelajaran :

1.Mangsuli pitakon, ana ing wacana buku materi kaca 11.
2.Wewatakane paraga ana ing kaca 12.
3.Gawe pada pambuka lan panutup naskah pidato/ sambutan.
4.Negesi tembung/kosa kata ing wacana Jawa Tengah.

Akehe soal: 10, aja nganti dikosongi supaya bijine ora 0(nol), yen ora mudheng supaya diwaca bola-bali.
Sing oleh reward UH 1 wingi yaiku :FANNY NURADIYAH kanthi biji 96(sangang puluh enem)kelas 9G nomer absen 11, lumayan bisa kanggo andok bakso.Reward mau bisa disuwun nyang Pak Pur kanthi nggawa print ing postingan iki.

Rabu, 20 Oktober 2010

HI.........RAI....IKU

Dina Selasa tanggal 28 September 2010, wektu wulangan IPA jam pungkasan kira-kira jam 10.30, kelasku ditekani DIKNAS saperlu nindakake imunisasi.
Wiwit mau pancene wis mlebu saben kelas perlu nindakake tugase, la saiki ing kelasku.Durung durung wis prindang-prinding,pikiranku ora karu-karuan mendah neya larane disuntik imunisasi.Kagawa saka rasa wedi aku banjur mundur-mundur pindah lungguh ing bangku buri.Rumangsaku aku ditekani pawongan sing aku ora kenal.Awakku gemeter adhem panas,kepengin ngomong karo kancaku, blangkemen cangkem rasane kaya kakunci.Ambeganku menggeh-menggeh kaya arep tiba, awakku krasa lemes, anehe kanca-kancaku ora ana sing ngerti yen aku kelaran semono uga guruku ya ora pirsa.Ujug-ujug pawongan mau ana ing buriku,sawijining wanita raine rusak rambute dawa diore hi…..Aku wedi banget,arep bengok ora bisa apa maneh ngomong.Ing antarane sadar lan ora guru Agama rawuh manawa wae kancaku iya ngerti kahananku, aku banjur diotong-otong menyang ruang BK.Pawongan wanita rai rusak melu nunggoni aku ing ruang BK.hi……..Pak Nursawi guru sing ngrangkep kadidene paranormal rawuh lan donga supaya aku aja diganggu.Saya suwe aku saya sadar lan aku bisa crita dak tulis ing kertas dak caoske pak Purwito guruku, e tibake ditampilne ing bloge.Muga-muga aku aja diganggu maneh lan janji arep ningkatake ibadah.Sauntara iku Pak Nursawi ngendikan yen aku ora sengaja nyenggol si rai rusak. Omahe ing lorong kelas 9H.Yen kelas 9 H ribut utawa rame pawongan mau mesthi mlebu, ngerti ramene kelas lan melu-melu nunggoni,ngono ngendikane Pak Nur. Wallahualam(critane Wahyu Tri Kuntari kelas 9H).

Minggu, 17 Oktober 2010

tata krama murid marang guru

Ing sajroning pamulangan iki ana sawetara kanca sing anggresah, murid-murid saiki angel wulang-wulangane bab tatakrama.

Kudune kepengin mbantah wae, awit duwe panemu yen tatakrama iku kudu dibuwang,awit dianggep kuno,ora modern tinggalane para penjajah lsp.Ana maneh sawetara kanca yen para murid saiki tingkahe saya dadra wiwitane nglanggar aturan, bar nglanggar/ nerak aturan yen dikandhani mbantah, la iki sing paling cilaka, bar mbantah nglawan...... gurune dilawan, wong tuwane dilawan wah gek kepriye yen ngene iki, sapa sing salah? Murid-muridku iki ana sawetara cathetan, mbok manawa ana gunane ing tembe buri.
.Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake bocah-bocah sing sopan.

.Wong menganggo klambi ora dibenikake iku ora apik, ora patut tumrape bocah kang ngerti tatakrama.
.Bocah adus tanpa patelesan bebarengan bareng wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.
.Wong kang gawe geger ing pasamuan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah sekolahan.

Dene murid kang sopan lan ngerti tata krama iku :
.Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkrihi. Balik malah sareh mapagake sarta asung kormat kanthi manthuk.
.Yen ketemu gurune ana ing toko utawa ing panggonan liya ora ndadak banjur ndhelik amping-amping wong liya, nanging panggah tenang kaya-kaya ora ana sapa-sapa.Yen gurune mriksani malah banjur asung kormat.
. Yen ana ing sajroning kelas, arep nyuwun pirsa wulangan ora ndadak ngaturi gurune sarana suwit-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae.Nanging saran a ngacungake tangane sarta matur:"keparenga kula nyuwun pirsa".


Murid-muridku, tulisan ing dhuwur ora ateges guru mundhut dihormati, ora!Nanging adate wong wetanan pancen kaya mangkono. Sing enom asung kurmat marang wong tuwa, suwalike wong tuwa iya kudu asih marang sing luwih enom.(kapethik:bapak Imam Soepardi, tata krama ajur ajer.....

DINANE ISIH RIYAYA (3)

Halal bi halal PWP
Manggon ing gedung Cak Durasim Gentengkali Surabaya, dhek tanggal 3 Oktober 2010 dianakake halal-bihalal Persatuan Warga Pacitan(PWP).

Dene kok ora manggon ing sekretariat Kedungmangu, duweni pamrih supaya sing ngrawuhi luwih akeh,amarga manggon ing tengah kutha Surabaya,gampang transportasine.
Manut panitia, sing diundang saliyane para warga kang wis pidalem ing Surabaya , uga para pangarsa kang wis pinitaya melu nemtokake ubeng ingering negara.Nganti pandom nuduhake jam 11.30 iya durung ana sing rawuh lan acara iya wis lumaku.

Bapak Bambang DH, mantan walikota Surabaya sing saiki dadi wakil walikota ora rawuh amarga tugas ing Jakarta, pak Yono minangka bupati Pacitan ana kunker ing Trawas lan bapak ketua DPRD Pacitan iya ora saged rawuh amarga tugas sing ora bisa ditinggalake.
Tetep regeng sanajan ora dirawuhi para priyagung.
Sanajan ora dirawuhi para priyagung acara halal bihalal tetep regeng, kabukten nganti purnaning acara para tamu isih akeh sing durung kondur. Kabeh mau awit saka wasise panitia ngatur adicara saengga ora mbosenake.Kesenian sing ditampilake ora nguciwani Reyog Ponorogo sing kober diklaim Malaysia mamerake kaprigelane , bujangganong atraktif banget lan ora lali tari Remo kanggo manembrama para tamu.Dene seni liyane yaiku pethilan tari Gathutkaca Gandrung, ngelingake wayang wong nalika aku ing SD tahun seketan.Sing dadi Gathutkaca priyayine gagah pideksa, sing dadi Pregiwa ayu kuning menik-menik, jan pasangan ideal banget.Apa para nom-noman saiki isih nyipati wayang wong mau ? Tanda pitakon sing angel wangsulane. Dene bapak Slamet isih kober nyekar Dhandhanggula kidung Grindulu wah,jan isih kung tenan swantene.

Aja isin ngaku wong Pacitan.
Biyen Pacitan iku kondhang makanan pokoke gaplek, malah aku isih eling ing ilmu bumi, sing nuduhake makanan pokok saben daerah, upamane Madura makanan pokoke jagung, Maluku sagu lan iya Pacitan iki, makanan pokoke gaplek.Saiki Pacitan wis seje , sega gaplek utawa thiwul arang-arang ditemoni,upama ana iya awujud jajan sing rasane nyeje.Halal bihalal saben tahun kudu dilaksanakake, cunduk karo sesanti “NEDYA NYAMBUNG RASA NGUMPULAKE BALUNG PISAH AJA KONGSI KEPATEN OBOR” ngono ngendikane Bapak Drs.H Subekhan Subagyo, minangka ketua umum PWP Surabaya.Gonge adicara dipungkasi ceramah Agama yaiku bapak H.Moch Untung Margono, SH,MM, dosen Unair, priyayi saka Bolosingo, Pacitan.Alhamdulillahirrabbilalamin.

Senin, 11 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (2 )


JAKARTA JAKARTA.
Mas, cah-cah kepengin dolan menyang Jakarta, kepengin setiren dhewe, ngono omonge nyku ing sawijining wektu.Aku meneng wae.Pancen wis suwe cah loro kepengin setiren dhewe menyang Jakarta.Mung ana sing rada ganjel, wong menyang Jakarta samono dohe kok disopiri dhewe.Kamangka adhike ora bisa dijak gentian amarga cutine wis entek, gek aku dhewe nyopir ya wis ora pati teteh, ngunduri tuwa.Wekasane aku ngalah,diboti anak. Karo maneh pancen wis suwe ora ketemu family utamane Bulik Sri watara telung puluhan tahun, ya kepriye maneh aku kepeksa ngebel yen arep sowan.Bulik piyambak iya ngendika, dolana nyang Jakarta mengko ben dipapak adikmu Agung, aku ngaturake panuwun, wong ora tau komunikasi kok mara-mara sowan. Rabu tanggal 15 September 2010 jam 09.00 sida budhal menyang Jakarta, disetiri mas Arik mantuku.Sing ora melu mung anakku lanang amarga cuti riyaya mung sedhela.Rutene metu jalur kidul, sukur-sukur bisa tekan Jogja isih sore lan mlaku-mlaku ing Malioboro.Lakune gledhegan Jepang lancar lan ngemati banget anggone lelungan.Yen kesel utawa putuku rewel mesthi leren sing penting slamet lan seneng.Tekan Jogja jam setengah pitu dalan nuju Malioboro macet total, lakune gledhegan nggremet, rencana mlaku-mlaku ing Malioboro ora sida.
Anakku kepengin gudheg lan pancen wayahe mangan bengi ya rada suwe anggone nggoleki.Bar mangan, kabeh bingung neruske laku apa leren, kamangka panggonan sing dituju isih adoh.Terus lajeng mawon pak,lan ya dak sambung iya ayo, mas Arik ora kesel ta, lan diwangsusli boten. Aku dhewe ya mung manut arep dak genteni ora gelem.Jogja terus kathik swasana bengi rada grimis, gledhegan Jepang mlaku terus nrabas swasana peteng lan grimis.Kahanan wiwit sepi kendaraan arang- arang mung kadhang kala disalib bus malam sing playune kaya diuber setan.Arep terus nanggung.yen ora terus Jakarta isih adoh isih nglangut.Gledhegan Jepang mlaku terus tekan Wates watara jam sepuluh bengi,lan golek penginepan swasana udan. Esuk watara jam 4 wis padha tangi, mung putuku loro sing isih nglepus,kesel beke.
Udan saya deres lelungan isih nglangut isih adoh.Lakune gledhekan Jepang ora bisa banter, udan saya deres lan aku iya elik-elik marang mas Arik sing ngati-ati. Saya padhang swasana saya rame, ing Ciamis leren kanggo mangan esuk lan kahanan terang.Bulik sing dadi jujuganku ing Jakarta terus mundut pirsa tekan ngendi nang,lan iya dakcaosi pirsa isih tekan ing kutha ngendi aku ditelpon Aku usul apa ora metu Bandung wae, amarga yen deleng peta kok luwih cedhak, malah ing peta mau nyebutake yen Bandung Jakarta ana dalan tol. Bareng ditimbang-timbang lan deleng peta ,wekasan metu Bandung. Sesawangan jalur kidul endah banget, malah nuju Bandung dibangun dalan anyar kiwa tengen dalan sesawangan nengsemake ora lali anakku jeprat jepret ngrekam sesawangan mau.Aku dhewe iya emoh kalah, nanging ing jero gledhekan kok ora bisa maksimal.

Pinggir dalan sisih kiwa akeh nom-noman padha leren ngematake banget dalan anyar mau, mantuku iya kepengin minggir nanging dielingake karo sisihane rak ora teka teka mengko.Watara jam lima tekan Bandung sawise takon mrana mrene nemokake tol nuju Jakarta. Bulik memantau terus lan diutus metu tol Cipularang, mengko ana petunjuk arah Cibubur menggok ngiwa lan terus dipandu.Swasana udan deres, kendaraan akehe ora bisa crita, prasasat kendaraan saIndonesia tumplek blek ing dalan tol mau.Bulik mandu terus lan diparingi nomer hpne dik Agung lan dik Agung iki sing aweh pamrayoga supaya menggok Pondok Gede terus leren ing mall.Sebutne jenenge mall, mengko dik Agung sing mara.Embuh apa jenenge mall mau lan Alhamdulillah ketemu sedulur tunggal eyang.Watara jam sepuluh bengi wis tekan daleme bulik ing kawasan Cibubur, bulik wis ngantu-antu kawit wingi kok ora teka-teka ta nang?Olehku matur nganti glagepan.
Dina Jum’at tanggal 17 September 10 menyang Ancol diterusne menyang Dufan terus nyang kolam renang Atlantik, iku wae mbutuhake wektu sedina jableg.Dina Sabtu menyang Monas,diterusne menyang mall Ambasador, nuruti putu golek kaset ps.Rampung tuku kaset balik menyang Rafles Hill daleme bulik panggonanku ndherek nginep. Ing sajroning perjalanan mau anakku usul apa ora mulih Surabaya saiki wae, amarga ngelingi lelungan samono suwene,lan dina Senin tanggal 20 bocah-bocah wis padha mlebu sekolah.
Yen dina Minggu lagi budhal kuwatir teka Surabaya dina Senin, amarga pengalaman budhale wingi kang mbutuhake wektu rong dina sewengi jableg.Kepeksa matur bulik yen arep nyuwun pamit saiki, bulik ya rada owel nanging kepriye maneh.Sing ngati-ati lo nang lan dak wangsuli inggih bulik, watara jam telu sore gledhegan Jepang ninggalake Cibubur ninggalake Jakarta kang kebak cathetan endah.Matur nuwun marang adhiku Agung ,adhiku Panji, lan nyuwun pangapunten marang mas Tanto, mas Muh, mas Har, mbak Nur muga-muga tansah rahayu ingkang pinanggih , Amin….

Yen budhale metu jalur kidul , mulihe metu jalur lor Pantura.Jam rolas bengi tekan Batang terus Kendal. Ing pom bensin Kendal ngeluk boyok watara jam teluan neruske lakon lan iya mondhak-mandheg manut kaperluan.Lelungan sing gawe sayah nanging seneng, Alhamdulillah watara jam telu awan tekan Surabaya kanthi slamet.Alhamdulillahirabbilalamin…….

Minggu, 03 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (1)

Tanggal siji wulan Oktober tahun 2010, dinane isih riyaya.Swasana halal bihalal isih bisa ditemoni ing sawetara instansi ,perkantoran lan ing pamulangan.Riyaya tahun iki ana rasa seneng lan ana sing rada ganjel sedhih.Senenge aku bisa kumpul kulawarga lan bisa mudik, dene sing ganjel sedih amarga bapak mara sepuhku seda dhek tanggal 7 September 2010, kanthi yuswa 86 tahun, yuswa kang kanggone priyayi saiki wis kagolong langka.Sedhihe kok ora amarga bapak marasepuh seda ora, nanging aku lan nyku ora kober nuruti pamundhute, kepengin ditunggoni utawa aku boyongan nyang Mojokerto durung kelakon.Durung aku lan nyku ngrumat, wis kedhisikan dipundhut karo Panjenengane.Inna lillahi wainna ilaihi rojiun.Dadi sasuwene bapak gerah nganti sasedane aku kepeksa pp Surabaya Mojokerto.Amarga musibah mau, aku ngomong nyku, apa aku wae sing mulih? Nanging anak lan putuku kepengin banget menyang Pacitan amarga iya kepengin refresing lan nyambangi eyange putri ngiras halal bihalal.Wekasan kabeh sida budhal menyang Pacitan kalebu nyku.Kamis tanggal 9, sawise tahlilan 3 dinane bapak swargi, jam 20.00,aku sida budhal metu arah wetan. Dene rutene ya padha riyaya tahun wingi, Surabaya, Jombang Kediri Tulungagung Trenggalek banjur munggah Karangan Dongko.Tekan Dongko ngancik jam telu kliwat olehe nyetiri anakku kaya diuber setan, aku kelingan arep mampir daleme mas Bonari, nanging sikone sing ora ngepenakake dadi aku ya mung meneng karo dedonga slaman slumun slamet.Arep dak elingake aja banter-banter, mengko gek salah tampa, lan dak badhe wangsulane anakku mburu sholat ied pak.Lakune gledhekan Jepang lancar, nanging yakuwi bareng arep nyabrang kali Cangkring, kaline banjir kepeksa mubeng metu dukuh Minggir ngulon terus desa Bodag, Nogosari, Cangkring lagi Wonodadi.
Pandom nuduhake jam 5 luwih, wah ora nututi sholat ied tenan tahun iki.Temenan teka dhog wis wiwit adzan pratandha yen sholat arep diwiwiti.Mantuku cluluk boten sah siram pak, langsung kemawon, aku meneng bae. Kagawa awak kesel lan lungkrah amarga sewingi bethethet ing dalan, aku mung meneng karo ngrewangi ngudhunake barang sakuwatku.Aku ora sida sholat ied. Dina iku ngepasi dina Jum’at, acarane sungkem dhisik marang ibu lan apura ingapura karo sanak sedulur, terus sholat Jumat.
Ana dulurku sing elik-elik, dina iki Jum’at Legi wuku Klawu, aja paring sodakoh, ora apik lan aku iya manut wae.Bengi iya akeh tamu sing padha unjung-unjung lan crita maneka warna.Riyaya-riyaya, nanging wukune Klawu ya ngene iki, ngono ngendikane sawenehing kadang lan nyritakake yen dina Rebo bengi kali wetan, kali Wonodadi banjir gedhe. Saking gedhene ana raja kaya wedhus, pitik lan bebek kentir ketrajang banjir, untung ora ana korban. Ana crita sing lucu, wong sepedha montoran nyabrang kali tekan tengah kali, lo banyune kok saya tambah saya agung lan butheg.Kepeksa sepeda motor dikebut arep nuju dalan ora nututi dadi terus nuju ngisore wit klapa tengah kali sing rada gasik.Sepedamotor disendhekake, lan piyayi mau mlayu golek slamet, sepedhamotor diglethakake.Ana maneh wong nuntun sepedhapancal, tekan tengah kali lo, kok banyune saya tambah, ora kesuwen sepedha mau ya diglethakake, banjur golek slamet. Bengi mau aku iya kepengin ngobrol rada suwe, nanging kabeh ora bisa dak candhet padha kondur Esuke aku mlaku-mlaku tumuju kali, pancen bener, tipake banjir gedhe isih nabet kabukten suket gajah sing tukul subur padha rubuh, lan banyune isih buthek ngelingake jamane cilikanku nalika bar banjir padha langen gethek gedebok.Sabtu watara jam 10 aku sida bali menyang Surabaya, awit dina Minggune wilujengan 7 dinane bapak marasepuh.
Yen budhale metu wetan, mulihe metu kulon, dadi rutene ya Lorok, Pacitan, ngalor nuju Ponorogo Madiun bablas Surabaya. Ing Pacitan leren sawetara putuku kepengin bakso. Ya nalika andhok bakso mau, aku nyoba halal bihalal karo pak Sugeng, nanging hpne of,manawa wae lagi tindak, apa isih ana keperluan liya .Lakune gledhekan Jepang lancar, sanajan ora pati banter.Dina iku arus balik lan mudik rame banget, tekan Kertosono saya krasa, ramene kendaraan rodha loro lan rodha papat wis ora bisa dicritakake.Apa maneh sing jeneng bus antar kota. Biyuh, longgar sithik wae lampu lighting murub, aweh tandha supaya kendaraan liyane minggir, slodar-slodor mrana-mrene tanpa duwe rasa pekewuh,kaya-kaya dalane dhewe.
Jam 17.00, saka radio Suara Surabaya aku krungu yen ing tlatah Ngawi, bus Sumber Kencono diobong warga, amarga nggawa korban.Wah warga duwe vonis dhewe yen ana kedadeyan sing ora bisa ditampa. Gek jaman apa ta iki ?Kepriye nasibe penumpang ing jero bus mau, batinku.Tekan Jombang leren, perlu mangan awan lan leren sawetara, kahanan dalan macet-cet amarga arus mudik lan arus balik, kathik wektu iku bubar udan dadi pinggir dalan sing ora aspalan ngecembong banyu udan.Watara jam wolu bengi tekan Surabaya kanthi slamet, Alhamdulillah.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming