Anane banteng jawa, satwa endemik Jawa ing habitat asline nuju cures. Pancen ironis amarga banteng jawa wis ora ana kewan mangsa karnivora.Sacara populasi, 20 taun pungkasan populasi banteng jawa (Bos javanicus ), suda kanthi ngeget. Adhedasar data Kementerian Kehutanan, jumlahe banteng jawa ing Cagar Alam (CA), Pananjung, Pangandaran, taun 1974 ana 500-an banteng lan suda dadi 80 bantheng enem taun bacute.
Taun 1088,isih nyisa 10 bantheng. Tengahe Oktober wingi , pengelola CA Pananjung nyethakake, yen bantheng jawa nyisa siji, lanang.
“Taun 2002 ing Pananjung, iya isih ditemokake tlethong bantheng jawa telu utawa papat,” jare ahli mamalia ing Pusat Penelitian Biologi Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia ( LIPI ) Maharadatun Kamsi ing Jakarta Senin (22/10).
“Taun 2002 ing Pananjung, iya isih ditemokake tlethong bantheng jawa telu utawa papat,” jare ahli mamalia ing Pusat Penelitian Biologi Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia ( LIPI ) Maharadatun Kamsi ing Jakarta Senin (22/10).
Habitat bantheng jawa wektu iki nyebar ing Jawa Kulon ( Taman Nasional Ujung Kulon, CA Pananjung ing Pangandaran,lan CA Leuweung Sancang ing Garut ). Uga ana ing Jawa Wetan ( TN Baluran lan TN Meru Betiri ). Sadurunge pancen diterangke yen banteng jawa ya wis cures ing CA Leuweung Sancang taun 2003.
Nganti saiki, total populasi ing Jawa durung jelas.”Nanging bisa dipesthekake jroning kurun wektu 20 taun wekasan mudhun ngeget. Iki ironis amarga macan tutul utawa macan jawa minangka pemangsa wis cures,” jarene. Dene penyebab mudhune populasi, Kementerian Kehutanan nduga amarga fragmentasi habitat. Fragmentasi ora bisa dicegah dening pamarentah.
“ Fragmentasi habitat, akibat mundhake pemukiman masyarakat. Bantheng jawa ora bisa urip sesandhingan karo masyarakat, “ jare Direktur Jendral Perlindungan Hutan lan Konservasi Alam ( PHKA )Kementerian Kehutanan Darori.
Gegandhengan populasi bantheng lanang kang kari siji ing CA Pananjung, sing urip karo telu babon sapi bali , Darori nduweni pangarep –arep bakal tambahe bantheng.
” Pancen arep ditambah, saka Ujung Kulon. Nanging saiki isih dikaji fragmentasine ing Pananjung. Aja nganti mengko ya ora bisa bertahan,” ujare.
Genetika.
Manut Maharadatun, kanggo pemuliaan genetika, luwih apik bantheng jawa aja dikawinke karo sapi bali. Salah sijine alternatife, populasi bisa diundhakake kanthi ngawinke karo bantheng jawa koleksi lembaga konservasi utawa kang ana ing kebun kewan.
Sapi bali, sanajan asale saka bantheng jawa sing wis dijinakke, duwe genetik beda. Bantheng jawa nduweni sifat kuwih agresif karo manungsa. Sacara fieik, bantheng jawa dewasa nduweni rupa luwih ireng mengkilat dibandhingne babon sing awarna coklat. Nalika isih pedhet bantheng lanang lan wadon rupane padha, yaiku coklat (Sumb.kom.231012p13 naw.pjb).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar