Selasa, 13 November 2012

Dirancang Penangkaran Macan


Kementerian Kehutanan nyiapake kawicaksanan sing aweh kalonggaran marang individu ngingu kewan macan sumatera. Konsep penangkaran mau disebut “ Tiger Factory “. Dene dhasare kanggo ngayomi populasi macan sumatera ngiras  nuruti sebagean masyarakat sing kepengin ngingu kewan mau kanthi legal. Liya saka iku , iya nambahi dhuwit kas kanggo negara .
“Wis ana wong lima sing kepengin ngingu macan kanthi pola ngono. Wong-wong mau ora kabotan, sanajan kudu setor jaminan Rp1 milyar marang pamarentah,” jare Direktur Jendral Perlindungan Hutan lan Koservasi Alam ( PHKA ) Kementerian Kehutanan Darori ing Jakarta Senin (22/10).
Ing mengkone, saka “Tiger Factory “ bakal ngasilake macan sumatera turunrn kaloro (F2) lan katelu (F3 ), asile perkawinan karo macan alasan. Turunan wiwitan (F1) arupa macan liar ing alas. Perlu wektu telung taun kanggo ngasilake F3.
“Keturunan F3 mengko sing bakal diingu. Ora disewakake, ya kanthi cara ngene, supaya ora ana maneh  ngingu  sacara illegal macan sumatera sing diayomi,” jare Darori. Syarate kudu mbayar dhuwit jaminan Rp 1 milyar, saben macan siji.
Liya saka iku iya kudu nyediyakake panggonan kanggo macan sing diingu kanthi jembar 10 meter x 20 meter saben macan siji. Uga kudu ana tenaga medis. “Intine macan kudu diingu manut aturan,” ujare Darori.
Sertfikasi tumrap macan iya ditindakake supaya temen-temen legalitas.Saliyane nampa dhuwit jaminan, lan manut teori Negara bakal oleh Penerimaan Negara Bukan Pajak (PNBP ), sing tumanjane  arep ditemtokake mengko.(kom231112-pjb)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming