Senin, 17 September 2012

Ana ngendi Palmyra ?

Runtuhe Romawi Purba ing tengah gurun pasir Suriah aweh tandha panggonan sawijining kutha metropolis sing biyene pancen berkembang lan duwe penduduk 200.000 an . Kutha mau jenenge Palmyra. Kutha iki dadi punjere dedagangan, punjere kanggo leren para penjelajah, lan kutha sing menghubungkan Damaskus lan Mesopotamia.Kahebatane kutha purba iki ana ing jroning cathetan-cathetan abad 2 sadurung Masehi.
Ing abad ka 16, Palmyra temen-temen ditinggalake lan diumbar.Bangunan-bangunan sing biyen ngagumake, teater, gedung parlemen, kuil agung, kari puing reruntuhan. Para ahli sejarah lan peneliti, nyelidhiki reruntuhan Palmyra kanggo mangsuli pitakon : Kepriye sawijining kutha kok bisa berkembang rame lan misuwur ing tengahing gurun pasir ? Sawetara arkeolog saka Universitas Polandia wis nemokake wangsulane sanajan ora bener satus persen. Ekskavasi lan uga citra satelit nuduhake ana rong puluhan desa pertanian sing nate makmur ing sakiwa tengene Palmyra. Arkeolog iya nemokake jaringan irigasi banyu lan reservoir sing digunakake tadah udan lan nyimpen banyu. Kebon-kebon pertanian wektu iku budidaya zaitun, woh ara, kacang pistasi lan jelai. Irigasi banyu iku digunakake kanggo irigasi pertanian sekaligus ngoncori banyu menyang kutha sing manggon antarane Romawi lan kekaisaran Persia.(sb.kom9912-h12-pjb).

2 komentar:

  1. kadosdene praja kalingga ing piwucal sejarah kina. Ing pundi panggenanipun?

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun taksih kersa rawuh wonten gubug kula, praja kalingga menika menawi boten lepat wonten laladan Semarang.Praja Kalingga utawi Keling rumiyin ing piwucal sejarah kawentar Ratu Sima, salah satunggaling rajaputri ingkang tegas,ngukuhi dateng aturaning negari boten pilih kasih menawi midana kalepatan,ngapunten lo Mas Paromo, menawi lepat dipun leresaken.

      Hapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming