Minggu, 09 September 2012

Kapupuh sawise lumpuh

Koleksi Kebun Kewan Surabaya suda maneh. Sabtu sore(8/9) kurang luwih jam 15.30, macan putih ditemokake mati ing kandhange.Macan wedok sing umure 16 taun mau, pranyata nandhang lara paru-paru lan lumpuh telung taun pungkasan.
Manut Ketua Harian Tim Pengelola Sementara (TPS) KBS Toni Sumampau, umur macan mau kagolong tuwa manut jinise. Dadi matine ora ngagetake. “ Apamaneh, macan mau wis lara ing dalem kurun waktu sing suwe. Wiwit aku durung dadi pengelola KBS “ Jare Toni. Matine macan kasebut ndadekake koleksi macan putih kari loro. Yen ditambah karo macan sumatera lan macan benggala, koleksi macan ing KBS isih 20.Toni njelasake yen sejatine akeh satwa ing KBS sing lara-laranen lan ya wis tuwa. Adhedhasar data ing KBS, wektu iki ana kurang luwih 4.021 satwa saka 220 spesies. Ing antarane akehe kewan mau, 69 satwa wis tuwa, lara nemen kari ngenteni matine. Dene sing overload ngancik sewuan satwa. Kewan sing mati keri-keri iki total ana telu, yaiku gajah (29/7), macan tutul (24/8) lan macan putih wingi sore. Pancene, satwa ing KBS butuh panggonan longgar supaya ora jejel riyel. Sapa wae sing ngelola KBS kudu mikirke perlu diarangake. Carane, antara liya nyerahke satwa overload menyang lembaga konservasi euthanasia kanggo kewan-kewan sing wis tuwa utawa lara nemen. “Tumindak mau wis dadi rekomendasi para pakar,” jare Toni. Sing dikarepne pakar yaiku saka kalangan akademisi, dokter kewan, lan pecinta satwa sing sasuwene iki nganakake panaliten bab KBS. Sauntara iku, Pemkot Surabaya lan Pemprov Jatim ya wis duwe rencana nindakake ngarangake satwa. Bisa uga, mengko ana program njembarake KBS menyang kawasan Keputih. Nanging kabeh mau bisa ditindakake yen yen KBS wis ditangani pemkot ngliwati BUMD. Kados pundi Pak Menteri Kehutanan ?( Sumb.jp9912/h29-39/pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming