Kamis, 20 September 2012

"BUSHMEAT" SING AGAWE CURESE SATO GALAK

Bushmeat ing kamus Oxford nduweni teges jinising panganan sing asale saka daging sato galak ing Afrika. Kabiasan mangan daging sato galak pancen akeh ditemokake ig Afrika.Nanging, kabiasan mau uga timnemu ing Sulawesi Lor. Ing daerah iki sebagean warga duwe kabiasan mbebedhag lan mangan maneka warna kewan, tanpa pilih-pilih.
Kewan sing dipangan wiwit saka, anoa, babirusa, babi hutan, kuskus, monyet, kucing alas,ula nganti maneka warna manuk kalebu rangkong. Malah kewan sing diingu kayata asu lan kucing iya dipangan.
 Dhuwure konsumsi sato galak ing Sulawesi Lor nyebabake sawetara spesies sing diayomi kaancam cures. Jane Onibala lan Sylvia Laatung jroning Busmeat Hunting in North Sulawesi and Related Conservation Strategies (2007), nyebutake yen sawetara kewan sing kaancam cures akibat diburu yaiku babirusa, anoa lan yaki utawa monyet ireng Sulawesi.
Ora mung kanggo keperluan subsisten, diburune sato galak ing Sulawesi Lor wis ngarah gaya hidup EJ Milner-Gulland lan Lynn Claiton jroning The Trade in Babirusas an Wild Pigs in North Sulawesi (2002), nemokake yen tingkat konsumsi sato galak biasane mundhak ngadhepake pengetan dina gedhe keagamaan. Daging satogalak malah dianggep panganan mewah lan disuguhake ing acara khusus, upamane bayi lair, perkawinan lan dina gedhe.
 Milner lan Clayton uga nemokake yen akehe pemburu lan pedagang sing dodol daging babi liar lan babi rusa saya mundak angel dipenggak. Ing taun 1948 – 1970 mung ana bakul siji sing dodolan ing Sulawesi Lor. Taun 1970 – 1984, akehe pedagang ana telu lan ing taun 1993 saya ndadra dadi 12. Telung taun candhake akehe bakul sato galak saya tambah, ngancik angka 30. Bebarengan karo akehe wong mburu sato galak, populasi babirusa ing Sulawesi Lor terus suda, malah malah ing sewetara kawasan alas diprediksi wis cures.
Saroyo Sumarto, ahli biologi saka Universitas Sam Ratulangi, Manado, ngomong yen nganti saiki sato galak isih terus diburu amarga ora ana tindakan hukum marang pemburu.Akibate populasi yaki utawa monyet ireng khas Sulawesi Lor terus suda. Sasuwene 30 taun, populasi monyet ireng terus mudhun ngeget.Panaliten ing taun 1980, nuduhake isih ana kurang luwih 300 Macaca nigra saben sakilometer pesegi lahan alas ing Bolaang Mongondow lan Minahasa. Sangang taun candhake, populasi dadi 76. Ing taun 1998 populasine kari 26 saben sakilometer pesegi. Ing hutan lindung Tangkoko, akehe Macaca nigra teru suda. Ing taun 1900, isih nyisa 1.900 saka 3.000 Macaca nigra. Wiwit curese sawetara kewan saka alas Sulawesi Lor, ndadekake para bakul nekakae sato galak saka Gorontalo lan kawasan liya ing Sulawesi.( sum.kom1912-pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming