Kamis, 06 September 2012

rangutan,Diumbar ing Kalbar , kepenak ing Sarawak

Sanajan manggon ing pulo kang padha, nasib rangutan ing Kalimantan Barat lan Negara Bagean Serawak, Malaysia ora padha. Ing Sarawak rangutan pancen kepenak dadi aset wisata suwalike ing Kalbar dadi satwa sing diumbar.
Matine rangutan(pongo pygmaeus pygmaeus) lanang sing umure 17 taun ( Rabu29/8 )bengi ing Kalbar ngagetake para pegiat konservasi.Apamaneh iki wis ping pindho matine rangutan ing Kalbar jroning wektu rong wulan, Juni nganti Agustus. “Matine rangutan loro ing wektu kang ora suwe iki ngelingake yen perlune upaya konservasi ora bisa diselaki, “ ujare manajer Program World Wildlife Fund (WWF) Kalbar Hermayani Putera.
Rangutan sing mati Rabu bengi kepungkur, diidentifikasi ngalami komplikasi  dehidrasi, stress, lan kekurangan oksigen. Satwa sing diayomi mau, wiwitane mlebu mlebu kebone penduduk ing Wajok Hilir, Kabupaten Pontianak, banjur ngalami tatu kobong nalika dievakuasi.
Ing pungkasane Juni kepungkur,  rangutan siji umur 1,5 taun , wekasane iya mati  nalika dirawat ing International Animal Rescue ( IAR ) Ketapang. Kewan iki dievakuasi  dening petugas Balai Konservasi Sumber Daya Alam  (BKSDA ) Kalbar saka panggonan ingon ing Kabupaten Sambas, kahanane wis sekarat. Dokter kewan ing Yayasan IAR Ketapang, Adi Irawan nuduhake yen matine rangutan mau amarga tuberculosis..” Nalika diserahke saka pangingone menyang petugas BKSDA, rangutan mau wis koma sawise ngalami demam lan diare sawetara dina,” jare Adi. Malah rangutan mau kangelan diinjeksi infus amarga pirang-pirang dina ora gelem mangan wiwit kena demam lan diare.
Terus kadhesek.
Rangutan sing mlebu ing padunung lan tlatah budidaya penduduk umume sing habitate sanjabaning kawasan konservasi.. “Rangutan sing habitate ing jero kawasan konservasi ora ana masalah. Habitat rangutan sanjabaning kawasan konservasi,  hake pengelola ya pemerintah kota utawa kabupaten ,” ujare Niken.Ing sanjabaning konservasi, rangutan kudu njaga uripe jroning kondisi alas sing saya kadhesek dening kawasan budidaya perkebunan kang pancen gedhen ora baen-baen. Mlebune rangutan menyang padunung utawa kebun penduduk nuduhake yen iku sawijining indikasi kadhesek saka habitat asli. Koordinator Media Kampanye Tumbuhan Satwa Liar(TSL) Yayasan Titian, Wahyu Putra, ngomong yen rangutan biasane  mlebu ing padunungan warga saperlu golek pangan.” Alas minangka habitat alami rangutan saya suda  lan ora bisa maneh nyediyakake panganan” jare Wahyu.
Asil survey WWF Indonesia, nuduhake ana subjinis rangutan ing Kalbar, yaiku Pongo pygmaeus pygmaeus lan Pongo pygmaeus wurmbii. Subjinis pygmaeus ndweni populasi 2000 kewan sarta manggon ing Taman Nasional Betung Kerihun lan Taman Nasional Danau Sentarum, Kabupaten Kapuas Hulu. Subjinis wurmbii, nduweni populasi kurang luwih 2500 kewan, manggon ing Taman Nasional Gunung Palung, Kabupaten Ketapang lan Kabupaten Kayong Utara.
Sanjabaning kawasan konservasi, rangutan uga bisa dideteksi ing sawetara kawasan alas produksi utawa panggonan  produksi l
Lelawanan
Matine rangutan amarga dibantai taun 2011 kawiyak ing Kabupaten Kutai Kartanegara lan Kutai Timur, Kalimantan Timur.Asil panaliten Universitas Mulawarman, Samarinda, nuduhake yen 20 rangutan dibantai ing taun 2011. Tumindak  beda banget kang dialami rangutan sing manggon Semenggoh Wildlife Centre, Kuching Sarawak. Ing kana rangutan setengah galak malah dadi asset wisata sing banget  diandelake. Kawasan sing dibangun  taun 1975 iki, dadi konservasi kanggo sawetara satwa galak, utamane rangutan lan maneka warna manuk, sarta punjere wisata alam.
Atraksi sing ditunggu-tunggu wisatawan ing Semenggoh yaiku sesi mangane rangutan ing wektu esuk lan sore. Rangutan bakal mudhun saka saka alas menyang kawasan yang dirancang khusus minangka panggonan mangan rangutan mau jam 09,00 nganti jam 10.00 lan jam 15.00 nganti jam 15.30. Jroning wektu kang cupet mau, wisatawan bisa nyekseni rangutan dewasa mangan utawa rangutan sing lagi ngajari bayine menek utawa mangan. Semenggoh , salah siji tujuan wisata andelane Kuching. Saben dina ana puluhan malah atusan wisatawan sing teka ing Semenggoh, ya mung kepengin weruh atraksi alami rangutan nalika sesi mangan.
Awewaton saka matine rangutan loro jroning waektu rong wulan, para pemangku kepentingan ing Kalbar luwih apik enggal-enggal aksi nyata  kaya sing ditindakake negara tangga wiwit taun 1975 kasebut.( sumb. Komp3912h1-15pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming