Minggu, 23 September 2012

DONYA NGAKONI BATUR

Taman Bumi Batur ing Kabupaten Bangli, Provinsi Bali, wekasane cinathet minangka sabagean saka Global Geopark Network sing dibawahi UNESCO, yaiku Organisasi Pendidikan, Ilmu Pengetahuan lan Kebudayaan Perserikatan Bangsa-Bangsa.
Cinathete saka lembaga internasional kasebut, Taman Bumi Batur perlu dikelola kanthi intensif lan ngrangkul pemangku kapentingan, kalebu ahli geologi. Dipilihe Batur minangka anggota Global Geopark Network (GGN),diananakake ing dalem Konferensi Geopark Eropa Ka 11, ing Portugal tanggal 19 – 21 September. Ing forum mau, Taman Bumi Batur rebut unggul mungsuh 16 taman bumi liya negara.
 Kepala Badan Geologi Sukhyar mratelakake, kabar kasebut ditampa dina Kemis(20/9) bengi, saka tim Badan Geologi, sing dipimpin Sekretaris Badan Geologi Yunus Kusumahbrata, sarta tim saka Kementerian Pariwisata lan Ekonomi Kreatif. “Iki lo geopark internasional wiwitan ing Indonesia,”omonge, dhek dina Jumat(21/9), ing Bandung Jawa Kulon. Wektu iki Cina , siji-sijine negara kang paling akeh nduweni taman bumi internasional ngancik 26 lokasi. Negara tanggane Indonesia kayata Malaysia wis duwe taman bumi internasional Langkawi lan Australia iya duwe Kanawinka. 
Taman Bumi Batur, sawijining kawasan kang jembare 100 kilometer pesagi kang nyakup Kaldera Gunung Batur lan tlaga. Sukhyar nerangke, katagori taman bumi berskala internasional kudu nduweni bentang alam sing unik sarta wangunan geologi sing narik kawigaten. Salah siji faktor sing nyengkuyung kapilihe Batur yaiku budaya kang sesandhingan karo kawasan geologi kasebut, antara liya Desa Trunyan, Kecamatan Kintamani.
 Desa iki nduweni budaya sing umure atusan taun kayata mepasah, nyeleh jenazah cedhake wit sing aromane wangi. Sukhyar nerangke, Badan Geologi nduweni ancang-ancang ngajokake sawetara panggonan maneh, kayata Taman Bumi Merangin ing Jambi, sing nduweni kaunikan geologi fosil saka flora. Sateruse daerah Toba ing Sumatera Lor, Pacitan ing Jawa Wetan, Raja Ampat ing Papua Kulon.
 Kintamani antusias
Masyarakat Kintamani, Kabupaten Bangli, Bali mangayubagya prastawa diakoni Taman Bumi Batur dening UNESCO. Sadurunge iku pancen wis nyiapake sosialisasi geopark iki menyang sekolah-sekolah wiwit rong taun kepungkur.Camat Kintamani Wayan Dirga Yusa mratelakake, masyarakat antusias ngenani usul kawasan Kaldera Batur supaya diakoni dening UNESCO.Fakta sosial budaya ora direkayasa lan apa anane ing kawasan geopark iki, jarene.Entitas budaya, pendidikan lan ekonomi pancen wis ana kanthi natural ing kaldera Batur.
Pamarentah ing Kabupaten Bangli bebarengan masyarakat wis nyiapapke 22 side ing kawasan kaldera. Papan-papan jeneng wis dipasang ing sakabehing side, kayata side budaya ing desa Trunyam lan side ekonomi ing Desa Buahan. Perbekel (Kepala Desa) Buahan I Wayan Antara rumangsa bombong kanthi anane pangakon mau.( sumb.kom. kc.22.22912.pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming