Pring pancen cedhak karo panguripan rakyat Indonesia. Ana 156 jinis pring kang ana ing negara iki. Ana 1500 piranti digawe saka pring kang digunake masyarakat. Zaman owah gingsir. Masyarakat modern ing negara pring , saya adoh karo barang sing jenenge pring mau.
Swarane kolecer utawa mainan saemper kitiran saka pring lan kertas iku sigrak kaprungu ing Assembly Hall Jakarta Convention Center(2/9) minggu awan. Dolanan mau didum marang atusan penonton sing nyekseni tontonan Komunitas Hong, sawijining komunitas sing diedegake kanggo nglestarekake dolanan tradisional.
Sawetara jinis dolanan sing ditindakake lan dipamerke jroning acara mau , mung sebagian sethithik saka atusan dolanan tradisional ing Indonesia.
“Saka akehe dolanan sing nggunakake alat, 60 -80 persen digawe saka pring “, jae Zaini Alif, pendiri komunitas Hong.
Minggu awan iku bocah-bocah saka komunitas mau tampil ing acara Festival Bambu Nusantara Ka-6 sing dilaksanakake Kementerian Pariwisata lan Ekonomi Kreatif sarta Republic of Entertainmen, penggagas maneka warna festival saka Bandung. Bocah-bocah saka komunitas Hong mraktekake maneka warna dolanan saka pring, digabung karo warna-warna dolanan liya. Ana bocah sing dolanan egrang saka pring,ana sing dolanan bedil(pistol) jepret lan tulup. Uga wayang, gasing lan mobil-mobilan. Kabeh saka pring.Pring sing digunakake manut kabutuhan. Tulup digawe saka pring wuluh, egrang digawe saka pring sing kuwat yaiku pring ijo lan pring ireng.
Kena dijagakake kanggo panguripan.
Ing kampung Kabandungan, desa Sindangasih,Kecamatan Karangtengah, Cianjur Jawa Kulon, pring isih dadi panguripan. Meh penduduk ing kampung iki duweni profesi minangka pengrajin kurungan manuk, sing bahane saka pring. Sanjabaning kampung iku, pring pancen dadi andelane warga Cianjur. Nam-naman saka pring bisa disulap dadi tampah, baki, tudung saji, wadhah tisu, lampu duduk lan sapanunggalane.Terus menyang Kabupaten Tangerang , Banten, kerajinan pring arupa topi nate dadi primadona. Wiwit tahun 1813 topi pring saka Tangerang malah ngrajani pasar ekspor ing Perancis lan Amerika. Pesenan topi pring sing rada gedhe nganti saiki saka Negara Jepang lan Australia.
Ketua Komunitas Topi Bambu Tangerang Agus Hasanudin mratelakake, luwih saka 80 persen masyarakat padesan ing Tangerang bisa ngenam pring. Wolak waliking jaman mode topi pring internasional, saiki topi pring dimanfaatke kanggo topi pramuka , kanthi pesenan 30.000 kodi saben wulan saka akehe pengrajin .
Emane sanajan Indonesia nduweni maneka warna pring, pring mau ora bisa dimanfaake kanthi maksimal. Mukoddas Syuhada saka Banten Creative Community, ngomong yen ing Banten pring mung digunakake kanggo pager omah lan wong-wongan ing sawah.Panemu sing padha Jatnika Nanggamiharja, tokoh sing wis 20 taun nggeluti pring, lan salah siji minangka eksportir omah pring. Manut Jatnika sanajan Indonesia sugih maneka warna pring, masyarakat negara iki isih kalah “bersaing “ karo, China, India lan Jepang jroning migunakake.”Iki amarga masyarakat Indonesia isi ngandelake keahlian tradisional nalika ngolah pring saengga kalah kwalitas dibandhingne Negara liya “ jare Jatnika.
Panemu sing salah.
Pring pancen dadi kabudayan bangsa Indonesia kabukten saka kepriye carane manen, ngawetake, lan carane ngolah sing diwarisi kanthi turun-tumurun mbah-mbah buyut kita.
Jatnika, sawijining pawongan pelestari pring kanthi nandur ing bantaran kali Ciliwung, Cisadane, Ciluwer, sarta ing pinggire kali Cimande, lan wis ndhata 1.511 produk kerajinan sing digawe saka pring.
Nanging yakuwi, amarga pring lan produk saka pring dianggep murahan, kampungan, ndesa lan identik karo kemiskinan dening masyarakat kita, mula ora nggumunake yen ing jaman modern iki kita saya ‘terasing’ karo pring, pring klenger kebanting.
Saka total 156 jinis pring ing Indonesia, akeh sing punah utawa sekarat nuju punah. Wit pring euleul sing saben rose sing ngadhung banyu lan dipercaya bisa ngobati sawetara penyakit, wis angel ditemokake. Sawetara jinis pring liyane, kayata pring sing mrambat, pring sing duwe woh, nganti pring sing awedhak putih, wis amblas tanpa tilas.Tanduran pring diumbar, thukul karepe dhewe. Ora ana sing gelem nandur kanggo keperluan industri. Akibate, produk kerajinan pring angel digarap lan dipasarake kanthi ajeg.
Kamangka, minat masyarakat Internasional tumuju eksotisme produk pring isih dhuwur. Tuladhane ya Jatnika iki, dheweke wis kasil ngeksport omah pring menyang Malaysia, Jerman lan Timur Tengah.Wiwit taun 2000 nganti saiki, Jatnika wis mbangun luwih saka 3.500 omah pring. Saliyane nduweni rega ekonomis, pring akeh gunane kanggo lingkungan. Pring kuwawa nyimpen 90 persen banyu saka lingkungane, dene tanduran liyane mung bisa nyimpen maksimal 45 persen. Saben wit pring bisa ngasilake 1,2 kilogram oksigen , cukup kanggo wong loro saben 24 jam.
Saka pring, embah-embah biyen mulang nganggo falsafah pring, kayata leuleus jeujeur liat tali. Falsafah basa Sunda sing nggambarake lemese pring lan ulete tali sing digawe saka pring iki nduweni makna yen jroning nglakoni panguripan iki, diperlokake ketekunan, kasetian lan kelenturan. Saking cedhake pring karo panguripan lan budaya Indonesia, nganti Jatnika duwe panemu “Yen pring ora ana, budaya bangsa ilang. Ateges kekuatan negara ya ilang “ Wah…(jarwan tulisan mawar kusuma&yulia saptiani, harian kompas 9912,h1 dan -11-pjb).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar