Selasa, 04 September 2012

NUSWANTARA, Sumber Inspirasi Wallace

Alfred Russel Wallace lair taun 1823 ing Usk, Monmouthshire, Inggris. Wiwit cilik, Wallace sering diejak kulawargane pindah-pindhah panggonan. Ing tembe, anggone ngumbara mau dterusne Wallace meh sadawane uripe. Sadurunge lelana pulo-pulo ing Nuswantara sing suwene wolung taun (1854 – 1862, dheweke nate lelana uga ing Amazon, Amerika Kidul sing suwene patang taun. Nalika isih remaja dheweke uga nate lelana ngubengi Inggris.
Wallace metu saka sekolah nalika umur 13 taun.Nanging kepenginane ngerti samubarang ndadekake luwih sregep sinau lan ngumbara.Dheweke seneng maca buku, utamane matematika, geometri lan botani. Ora mung seneng maca lan ngumbara, Wallace uga sregep nulis buku lan makalah ilmiah. Kapinterane nulis kanthi otodidak.Buku wiwitan Narrative of Travels on the Amazon and Rio Negro, diterbitke taun 1853. Taun candhake dheweke budhal menyang Nuswantara. Ing wulan April taun 1854, teka ing Singapura, banjur nerusake laku menyang Sumatera, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, Halmahera, Ternata, Bacan, Timor, Seram, Kepuloan Aru, lan Kepala Burung(Papua).Sasuwene ing Nuswantara, Wallace nglakoni urip lan bisa interaksi karo masyarakat. Dheweke ngumpulake maneka warna spesimen kewan. Ora kurang saka 300.000 kulit manuk sing kedadeyan 1000 spesies, 20.000 kupu-kupu lan kumbang saka 7000 spesies, lan maneka kewan sikil papat sarta cangkang siput darat. Ora mung trima samono, dheweke iya nyathet suku-suku lan basa sing digunakake kepuloan Nuswantara.
Adhedhasar pengamatan lan ketekunane sasuwene ing Nuswantara iki, Wallace bisa nemokake rumus pemikiran sing menjila. Saka akehe spisies sing dikumpulake, Wallace ndeleng sawijining bab kang penting bab satwa ing alam: ing antarane individu saben spesies ditemokake variasi beda siji lan sijine. Wawasan iki penting banget kanggo ngrumusake gagasan bab evolusi seleksi alam. Wawasan iki banjur ditulis awujud makalah lan dikirim menyang Charles Darwin saka Ternate ing taun 1858, setahun sadurunge Darwin nulis bukune Origin of Spesies(1859). Ing tembe mburi Wallace dikenal minangka perintis biogeografi evolusi, yaiku kajian bab spesies apa, manggon ing ngendi lan kena apa. Dheweke uga dianggep minangka peletak dhasar bab mimikri adaptif lan penyeru maneka warna hayati.Penjelajahane ing Nuswantara iku dai inspirasi sawetara bukune, utamane buku The Malay Archipelago (1869). Buku mau banjur diwenehi panghargyan Royal Medal dening Royal Geographikal Society. Buku liya sing ditulis yaiku Contribution to the Theory of Natural Selection, Miracles and Modern Spiritualism, Geographical Distribution of Animal, Tropical Nature and Other Essays, Island Life, lan The World of Life. Buku pungkasan sing ditulis yaiku Social Environment and Social Progress, diterbitke taun 1913. Ing taun iku uga, dheweke seda kanthi umur 90 taun. Sanajan ngasilake karya agung, malah banjur diakoni minangka penemu teori evolusi bebarengan Charles Darwin, jeneng Wallace ing Indonesia, jelmaan saka Nuswantara kurang dikenal. Mung kanggo jenenge dalan wae, iya dilarang. Ing taun 2008, jeneng AR Wallace nate dianggo sawijining dalan ing kutha Ternate. Dalan sing sadurunge diwenehi Dalan Nuri, dipercaya yen biyene ana omah sing dipanggoni Wallace nalika manggon ing Ternate. Nanging ing taun 2010 jenenge dalan mau diowahi dadi Dalan Juma Puasa nganti saiki(sum.Komp.1912, 41pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming