Minggu, 26 Februari 2012

9c cerdas



9 Che
Aji Sudiro, Alfindo Prayogo, Andreas Tommy, Daniswara, Deo Ekoputra, Diana Pangesti, Eka Adi, Eka Prasetya, Ferry Yundiarto, Fransisca Maria, Indira Afandi, Intan Septiawati, Intan Windy, Jihan Maulana, Kania Ayu, M. Oktabian, Maimunah, Maria Ulfa, M. Nasir, M. Ilham, Nadya Agustarina, Ni Nyoman, Novan Rahmanto, Nurul Komariyah, Olivio Bramastya, Prita Dewi, Putri Febri, Ridea Prisvalina, Romiz Dyiaul Haq, Sofia Faradila, Tara Rahendya, Theressa Angela, Yohana Nensy, Yolanda Swastika, Zana Perwitasari, Yovie Aldian, M. Ivan.

34 komentar:

  1. KONCO SAKLAWASE

    Biyen mulo sliramu wes tak aturi
    Golek kanca seng tresno welas sejati
    Pungkasane sliramu digawe loro
    Ora wurung saikine dadi nelongso

    Kabeh mau ora perlu digetuni
    Janjiku biyen aku saguh ngenteni
    Kowe lan aku mugo dadi kancane
    Muga-muga dadi kanca saklawase

    BalasHapus
  2. KANGEN


    Saben sesawangan
    kang daktemoni
    nggowo wewayanganmu
    ngrerindhu batin.
    Mula, kudu dakakoni
    ora dakselaki
    pranyata, angel anggone ngilangi
    saka kalbu tumekaning pandulu
    amarga,
    aku wis kadhung
    ketaman sawijining panandhang
    “kangen sliramu”

    BalasHapus
  3. DIANA PANGESTI RAHAYU27 Februari 2012 pukul 05.18

    GEGURITAN
    BEBARENGAN KARO KONCO
    WONG KANG GAWE AKU
    NGECULAKE SUSAH
    NGERASAAKEN SENENG
    WONG SING BISA NGERTENI AKU
    TANPO DEWEKE
    AKU ORA NDUWENI ARTI BABAR BLAS
    ORA DUWE CERITA
    ORA DUWE WERNA
    DEWEKE SING NGAWEHI WERNO ING URIP
    GUYON, NGAMUK, LARA, SENENG
    BEBARENGAN AWAKDEWE LAKONI
    MLAKU BARENG
    NROBOS KARANG,NGRASAAKE ANGIN
    SAIKI PEDAL WIS MUTER
    KABEH WIS MARI
    AKU LAN DEWEKE SAMPUN DEWASA
    SAMPUN DUWE KEWAJIBAN DEWE-DEWE
    NANTANG MASA DEPAN
    NANGING KABEH GAK BAKAL TAK LALEAKE
    BAKALAN TAK SIMPEN
    ING MEMORI SING PALING NJERO

    DIANA PANGESTI RAHAYU
    IX che

    BalasHapus
  4. Babad Wedhi Pasisir

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    pinaes ganda aruming mawar
    rarasing riris dhadha kumesar

    NADYA AGUSTARINA SAPUTRI / 9C / 21

    BalasHapus
  5. BIYUNGKU

    Dheweke biyungku
    Wong wedhok kang gagah perkasa.
    Nganggo klambi sederhana.
    Wong wedok sing wani.
    Ngerelaake nyawane kanggo kulo, buah atine.

    Dheweke biyungku
    Wong sing dhidik lan ngeterake kulo ing dalan sing bener
    Wong sing mesti ndungoake kulo saben isuk, awan, lan bengi.

    Dheweke biyungku
    Wog sing nduweni kerut ing rupane
    Wong sing ora kuat kaya mbiyen
    Wong sing sering tak larani.
    Nanging, ora ana sitik dendam ing atine.

    Biyung kulo nyuwun pangapunten
    Kulo mboten saget njaga perasaanipun panjenengan
    Kulo mung bisa ngecewaake lan ngelarani panjenengan
    Kulo mung bisa ndunga, supaya gusti pangeran awit sayang kale biyung kaya bene biyung sayang kale kulo.



    INDIRA AFANDI 9CHE 11 :)

    BalasHapus
  6. fransisca

    Ibu

    wektu aku nangis
    wektu aku susah
    tanganmu sing ndhekep awakku
    pangucapanmu nentremake atiku

    ora ana panggon liya
    ora ana wong liya
    yen ora ing dhekepanmu
    yen ora ing pangkuanmu

    nyuwun pangapunten Ibu
    yen anakmu iki
    mung bisa nggawe lara lan gela
    urung bisa mbahagiakake Ibu

    delengen aku Ibu
    yen sesuk aku wis sukses
    aku janji bakal nyenengake Ibu

    doaku lan haturku
    anakmu,
    kanggo Ibu

    BalasHapus
  7. Madu Lan Ati

    Wayah wis mungkurake awakku
    Nanging aku kepingin mbangun katresnan
    Lan nulis sebait geguritan endah
    Kang nggambarake impenmu sing keburu

    Lan karo madu
    Aku arep ngenal luwesmu
    Njalani sepi sing tanpa daya
    Nggugah peteng sing dhedet

    Lan karo ati
    Ketulusan katresnan kang tumeka
    Lan tumeka karo awakmu sing nglokro
    Saka beban sing kowe tumpu dhewe

    Zana Perwitasari Soetedjo-9C-35

    BalasHapus
  8. Putri Febri Anggraini / 9C /27

    Biyung


    Biyung.....
    Biyung iku wanita sing adi derajate
    Sukma wanita seta nirmala
    Wanita sing nduweni galih tulus
    Wanita sing gelem seda kanggo putra-putrine

    Biyung.....
    Biyung wenehi maneka warna ing uripku
    Panjenengan uga sabar
    Uga werdi batu karang

    Matur suwun.....
    Tresnamu kanggo putra lan putrimu... :) :)

    BalasHapus
  9. TANGISMU KAKUBUR ESEM

    Tumuruning udan salju kang ngiris atis
    Rikala rendheng mertamu
    Lan aku gupuh ngupaya
    Kemudi lan layar jiwa kanggo nyebrangi..
    Samudra panguripan
    Akehing tatu jroning atimu
    Kuwi pilihan ku
    Kanggo jampi jantung kang nangis
    Jroning dina - dina mu
    Aku tansah yakin
    Sliramu bakal bali kaya wingi uni
    Nalika bisa mahargya tatu kuwi
    Minangka hapsari kang patutmbokluberi
    Ketersnanmu asi




    JENENG : INTAN WINDY SYAQINAH
    KELAS : 9C
    NO ABSEN :13

    BalasHapus
  10. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  11. DESAKU

    Adoh saking keramaian kutha
    Adoh saking kebisingan kendaraan
    Sopan lan santun isih dilakokake

    Desaku …
    Hamparan pari menguning
    Akeh wit-witan ijo royo-royo
    Gemricit manuk ing wayah esuk
    Gemricik banyu ing pancuran
    Mbekta hanyut sukma

    Desaku…
    Ing kene aku dilahirake
    Ing kene aku dielus lan digedekake
    Ing kene pisan aku badhe
    Dharma baktiken ilmu pengetahuan
    Kangge sukses pembangunan


    Nurul Komariyah 9c/24

    BalasHapus
  12. SANG SURYA

    Sang Surya…
    Kowe pancarke sinar ing donya
    Menehi katerangan marang donya
    Amarga kowe
    Aku bisa deleng kaendahan donya
    Lan amarga kowe
    Aku bisa duwe wernane panguripanku

    Sang Surya…
    Kowe uripku
    Kowe ciptaan Tuhan sing agung
    Kowe pancarke sinar kagungan
    Ora pernah enteke
    Kowe nyinari jagad raya

    Kaendahan langit biru
    Kembang warna-warni
    Lan banyu segara sing biru
    Dak wernani uripku
    Iku kabeh merga sinar dak kowe pancarke
    Matur nuwun kang aku ucapke
    Marang kowe Sang Surya


    Nama: Yohana Nensy
    Kelas: 9c
    No.absen: 33

    BalasHapus
  13. KULA TARA RAHENDYA ELFRIDA IX C 31 :)

    PERCAYA AWAKKU


    Aku kelangan awakku
    Njajal nyaingi seng liya
    Lan mesti dadi ambruk

    Ora ngerti nang endi
    Suku iki kudu mandek
    Gawe ngelakoni rutinitas iki

    Aku kersa ngubah dalanku
    Lan aku seng eruh

    Aku ora kersa ajrih
    Aku kapingin tangi
    Nggangge rasa endah
    Dina iki

    Lan aku weruh
    Yen aku isih bagus
    Amarga ben manungsa
    Sempurna ing cara ne
    Dewe – dewe

    Dadi,
    Aku percaya awakku

    BalasHapus
  14. Yolanda Swastika1 Maret 2012 pukul 01.28

    LABUHAN

    wujud urip ngobahake wewangunan
    ing saben panggonan
    ngoyak ayang-ayang
    ing saben rantaman
    ing saben ampiran


    ketiban mangsa labuhan
    wis wancine nampa Kahanan Sarwa Cahya
    amarga srengenge pijer kemul mega
    dheweke ora bisa sulaya
    ora kuwawa ngirengake warna


    dheweke kentekan pilihan
    Sandhi Aksara apa Tanda Pajangka
    Sumadya nampa kabeh owah-owahan.



    nama : yolanda swastika y.
    kelas : 9c
    absen : 34

    BalasHapus
  15. Suroboyoku...


    Suroboyoku...
    Biyen kowe peperangan
    Pada ngerebut nyowo
    Isak tangis padha keprungu
    Akeh tetumpahan getih ing ngendi-ngendi
    Peluru nusuk ing njero batin
    Kabeh kepingin bersatu maneh

    Hy Belanda...
    Nasibmu tergantung karo awakmu
    kabeh rakyat menderita lan kelaparan
    ojok pisah karo kita sedoyo
    Geneyo kowe pisah karo kotaku sing wis dak tresnani
    Emboh nasib sing nentokake


    Nama :Maimunah
    Kelas:9c
    No :17

    BalasHapus
  16. Bapak..
    Bapak pahlawanku
    Bapak bisa nggawe aku seneng
    Bapak sing bisa ngerti aku
    Bendino rela banting tulang gawe keluwarga
    Bapak rajane atiku
    Sing ana gawe aku kapan wae
    Bisa nenangake atiku
    Bapak aku tresno bapak saklawase

    kania ayu khuzaimah
    15/9c

    BalasHapus
  17. Theressa Angela Natasha2 Maret 2012 pukul 03.07

    Kancaku
    Kancaku...
    kowe iku kanca sak playonanku
    Kowe iku kanca critaku
    Lek aku ana masalah
    Kowe seng nulungi aku

    Kancaku...
    Inget.o aku iki
    Inget.o seng wes kita lewati
    bareng-bareng
    Suka duka..
    guyu tangis..
    kabeh dadi siji

    Kancaku...
    Kowe ora bakal tak lalino
    aku pengen kita isok barengan terus saklawase
    Matur suwun kancaku...



    THERESSA ANGELA NATASHA N. IXCHE/32

    BalasHapus
  18. Kula Andreas Tommy 9c/03 pak
    iki geguritan kula sing asli original kula pak

    TRESNAKU

    Pelangi endah ing sonten iki
    Ngelingna aku karo awakmu
    Yen awakmu bisa nang kene
    Lan ora lunga ninggalna aku

    Yen kowe bisa nang kene
    Ngguyu lan semringah karo aku
    Aku mung bisa nyawang kepriye bungahe atiku
    amarga aku ...

    Tresna karo kowe

    Andreas Tommy 9c/03

    BalasHapus
  19. AKU LENA

    Aku nangis nalila surup
    Srengenge meh angslup
    Angin wiwit alon tumiyup

    Tangisku jalaran
    Winih-winih kang dakdhedher
    Jebul cepet ngrembaka
    Kakehan gegodhongan
    Tanpa woh-wohan

    Aku nangis nalika
    dina ngancik wengi
    tangisku jalaran
    akeh wewayangan
    saka wit-witan
    winih-winih kang dakdhedher
    dakrupaka dakpager
    pang-pange pating semplah
    gegodhongan njelma uwuh
    mblasa ing lemah

    aku kelangan daya
    lena.

    Nama: Aji sudiro /9c/01

    BalasHapus
  20. Tsunami

    Tsunami
    Tekanmu ngagetake
    Ngelelepake kabeh
    Gak ana sing kasisa
    Tsunami
    Tekanmu ora diarepake
    Tekanmu mesti gawa bencana
    Tekanmu gawa petaka

    eka prastiya/9c/08

    BalasHapus
  21. Pembuktian Ora Mung Omongan


    Ora mung omongan sing kok umbar
    Pembuktian iku sing perlu
    Ngumbar janji-janji sing ora ono temenane
    Sajake gampang kaya mung nebar kembang

    Bukti iku perlu
    Marga yen ngomong ,tanpa bukti
    Apa migunane
    Kita ora bakal dipercaya uwong
    Marga akeh omong,ora ono bukti
    Sajake tong kosong nyaring unine
    Buktino yen kowe ora mung gedhe omongan

    maria ulfa 9c/19

    BalasHapus
  22. BAPAK

    bapak
    gede tegep
    lanang tumprap
    gagah lan kebek tresno.

    bapak ya bapak
    bapak beda saka ibu
    bapak nresnani aku
    pada dene kaya ibu.

    bapak sangar ing njobo
    ketok garang lan teges
    nanging ...
    dewek'e sing bakal pertama khawatir
    ning sampe wengi aku durung moleh.

    bapak,
    tresno kasijiku.
    bapak,
    lanang kang aku kagum

    sepurane nggih pak,
    ning anakmu iki mung nggawe bapak lara ati,
    mung iso megelno ati bapak.
    pak, kula mung isa njanjeni kasuksesanku suk mben
    dheleng pak,
    bocahmu bakal dadi wong sing kok karep.


    geguritan khusus gawe bapakku
    :) asli tanpa pengawet

    SOFIA FARADILA AZIZAH
    IX C (30)

    BalasHapus
  23. buntu

    aku tangi ing tengah wengi
    adus keringet lan sesek ati
    cagakku ilang
    cekelanku musnah

    urip ora ana simpangan
    rasane kaya mlaku tanpa ujung
    sepisan urip ora tau ngabdi

    saktetes nanging isa ngibarake keimananku sing wes peteng.
    aku sadar yen urip iku mung gawe pengeranku

    BalasHapus
  24. Kanjeng Rama

    Panjenengan damel gesang kula
    Dados pimpinan wonten kaluarga
    Dados cagak gesang kaluarga
    Kados suket ingkang boten saget
    ambruk saking prahara

    Atos ing jawi alus ing mlebet
    Kadang kiat kadang lemah
    Panjenengan mboten nate kesupen
    wonten gesang kula
    Matur Nuwun Kanjeng Rama





    jeneng : Olivio Bramastya Nugraha
    kelas : IX C
    Nomor : 25

    BalasHapus
  25. nama: Alfindo prayogo
    Kelas: XI-C / 02
    Jaman saiki
    Wis begjamu thole
    ora tepung lesung
    wis begjamu thole
    ora brikut uthut
    mbelah pari

    semasa panen teka
    kari mbabat lan ngeregi
    samasa butuh beras
    kari nggilingne nyangkud

    aji banget tenaga
    ora kena muspra
    yen milik mulya lan wektu dadi dewa
    kuwasa murba misesa

    wis begjamu thole
    ora bisa basa krama
    awit sendike wis ora kena
    jaba yen ndilat tungkak
    kapan bisa

    wis begjamu thole
    ora tepung ilu-ilu banaspati
    gendruwo setan lan kemamang
    wis boyong mobil-mobilan
    saiki

    BalasHapus
  26. Tak Tunggu Tekamu

    Udan rintik-rintik ing dalan cedhak omah
    Ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    Dikaya ngapa lemah wis kebanjur teles

    Sesuk esuk yen sang surya wiwit tangi
    Lan manuk kepodang mencolat-mencolot ing wit gedang
    Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    Tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan rintik-rintik
    Marakake gawe kekesing ati
    Manuk kepodang wis mabur ing wetan
    Nanging tetep tak tunggu tekamu...

    Novan Rahmanto 9c/23

    BalasHapus
  27. KANCA


    Kanca..
    Wong sing bisa dipercaya
    Njaga crita rahasia
    Prasangka apik sing digawa
    Ngademake ati lan pikiran

    Kanca..
    Pada bareng seneng lan susah
    Njalakake donya dolanan
    Ngadepi tantangan ing donya
    Tabah sing mesti digawa

    Senenge duwe kanca
    Kanca sing mbarengi menyang akhirat
    Kanca sing bisa gawe kabeh "galau" sirna
    Kanca sing nentremake jiwa lan raga


    ferry/09

    BalasHapus
  28. Aku tresna kowe

    Wes suwi aku ngenteni kowe
    Awan bengi, isuk peteng mung kowe sing duk pikir
    Pengarepku mung siji
    Aku iso ndheleng kowe, masio gudek ambek
    Aku sandingan

    Nanging niki akhir kabeh
    Isuk bengi, njungkir walik aku ngenteni kowe
    Saiki ora ana hasil
    Wes, mung samene wae
    Sing penting
    Aku kepingin kowe ngerti
    Yen ...
    Tresnaku pancet gawe kowe o:)

    Muhammad Ivan Hernang/37

    BalasHapus
  29. GURU

    Sliramu kaya sang surya sing tansah menehi cahaya ing urip ku.

    Sliramu kaya wulan sing tansah menehi pepadang ing wengi kang peteng kanthi ilmu mu.

    Sliramu kaya lintang sing tansah hiasi dina dina ku karo ilmu sing manfaat

    BalasHapus
  30. Pak Pur ..Niki Ilham kelas IX-C No absen 20 .. pak sadurunge kula sampun gawe geguritan ,,menawa di kongkon gawe dewe dadi kula gawe dewe maneh nggeh..Niki geguritan gaweane kula dewe

    =================================

    Karo Kowe


    Awakmu sing ing kono
    sakjane
    kula tresno kowe
    kula seneng kowe

    mbok menawi
    punapa kahanan
    sing misakno awakdhewe
    punapa awakdhewe
    ora oleh bareng-bareng

    mengko
    awakdhewe mesti ketemu
    lak sakjane awakdhewe pancen jodohe
    awakdhewe mssthi bareng-bareng
    nglakuake urip
    saklawase :)

    Sekedik mawon geguritan soko kula.. yen ono kakurangan lan salah kula njaluk sepuro nggeh :) matur nuwun :)

    Nama : Muhammad Ilham Ramadhan
    Kelas : IX-C
    No absen : 20

    BalasHapus
  31. IBU

    Aku ora lali djroning urip
    Ora ilang dening wektu
    Mung siji sing tak elingi
    Awakmu siji-sijine

    Ibu...
    Widadari ing djroning urip
    Nerangi atiku
    Ngadem ake jiwaku

    Pahlawan kangguku
    Ora nyerah nganti kapan
    Cintamu ora arep mati
    Kanggo aku

    Matur nuwun ibu
    Tanpa ibu ora ono artine
    Aku ora lali jasa-jasamu
    Ing djroning uripku



    Nama:AJI SUDIRO. 9C/01

    BalasHapus
  32. Pak Pur, niki geguritan kula sing anyar. kula gawe dhewe.


    SRENGENGE

    Rintikan embun esuk
    guyurake rimbunan gegodhongan
    udara seger ing esuk
    nguatake raga

    srengenge sing ana ing wetan wis tangi
    cahayane nyinari kauripan
    ketok elok banget
    alam sing nyenengake ati

    sateruse srengenge mlaku
    panase kaya ngobong awak
    kaya geni sing munclak-munclak
    ngilangake kabeh sing ana

    saiki wis wayahe
    srengenge turu
    ing kulon srengenge turu angkler
    diganteni rembulan

    peteng dedhet wayah bengi
    ngilangake elok mu
    kelap-kelip bintang hiasi
    rembulan ketok ayu



    nama : yolanda swastika y.
    kelas :9c
    absen : 34

    BalasHapus
  33. Alfindo prayogo 9c9 Maret 2012 pukul 03.40

    Konco juang

    awakmu iku bagaino
    prangko ambek amplop
    gak iso di pisah
    ambek opo bae

    konco sak perjuangan
    kurang sithik wulan maneh
    awak dewe....
    kape ninggalake Smp 2 tercinta

    unas mbinjing
    awak dewe kudu
    damel nilai kang apik
    lan iso banggakno jeneng smp 2

    BOLO ku....
    belajar sing giat
    ojo lali dungo marang
    GUSTI PANGERAN.

    nama : alfindo prayogo
    kelas: IX-c / 02

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming