Selasa, 21 Februari 2012

Pulo karang Kwajalein .

APA PULO KARANG KWAJALEIN ISIH DADI PANGGONAN KANGGO UJI COBA SANJATA ?
Pulo karang Kwajalein , bagean saka pulo Marshal, manggon kira-kira 3.700 kilo meter sisih kulon kidul Hawaii. Pulo karang iki sawijining lokasi paprangan antarane pasukan AS mungsuh Jepang ing Perang Donya II.
Ngadhepake invasi AS menyang Kwajalein , luwih saka 3.600 bom diceblokne dhisik, lan iku dadi prastawa pengeboman sing paling “terkonsentrasi “ ing Perang Pasifik. Sarampunge perang, pulo karang iki dadi wilayah militer AS “ lan dadi lokasi program jangka panjang uji coba sanjata nuklir utawa “ operation crossroads “. Nalika program uji coba leren sawetara ing era 1960an, fasilitas ing Kwajalein diowahi dadi fasilitas kanggo uji coba rudal antibalistik. Wektu iki, Kwajalein dadi salah siji stasiun pengontrol “ Global Positioning System” (GPS).
Ing wiwitan tahun 2011, generasi anyar persenjataan dicoba maneh ing Kwajalein.Sanjata-sanjata canggih hipersonik , uga sanjata-sanjata rudal tanpa awak sing duweni ping lima kecepetane swara, diluncurake saka Kepuloan Hawaii lan tekan pulo karang mau, kurang saka 30 menit.
Rudal-rudal anyar diluncurke ing dalem wektu telung tahap dorongan lan dirancang kanggo nggayuh target papan ngendi wae ing bumi jroning wektu sakjam. Uji coba rudal hipersonik sing ditembakake saka Hawaii iku nggayuh lapisan atmosfer sadurunge, banjur diceblokake kanthi kecepetan 6.000 km/jam lan ceblok ing perairan Pasifik cedhake Kwajalein.( kom.19212).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming