Kamis, 23 Februari 2012

IKI LO IX B( baik) , spendabaya11-12


Wali kelasku Bu Ninik Suminarti (ipabiologi), ngrangkep menteri lingkungan hidup spendabaya, amarga tlaten banget yen ngajari arek-arek supaya ramah lingkungan.
jenenge lan fotone kancaku, ya ana ing kene, ja lali karo spenda ya.....
Fadil, Alifia, Aw, Ifah, Aca, Ayu, Azkya, Bidmen, Bintang, Rama, Dyah, Elvira, Farah, Firly, Happy, Jova, Laisa, Nani, Lilis, Linda, Lope, Patikur, Lidya, Muhajir, Kholis, Arifin, Ali, Nadya, Niken, Mila, Dho, Okur, Oktav, Mega, Tyas, Rendra, Tacik, Jupe

33 komentar:

  1. Buwanaku

    Kahanan ijo kang royo
    Sumebar kebak ing buwanaku
    Nglamlami ati...
    Loh jinawi sinawang soca

    Wana lan sawah
    Ngrembaka semi saamban-amban ing bantala
    Miguna gawe manungsa nggone bebrayan
    Uga miguna gawe sato ing njerone

    Arga lan segara
    Gedhe,cilik,amba,ciut kinumpul...
    Nambahi sugihe buwanaku
    Buwana panggonanku miyos...


    Indonesiaku tanah airku
    Buwana kang dak tresnani
    Buwana kang dakgungake
    Buwana sing ora kaetung basa,tata cara,lan
    ragam budaya daerahe

    Buwanaku,Indonesia
    Bakal dakjaga kalanggenganmu
    Bakal dakjaga kasugihanmu
    Bakal dakjunjung derajatmu...

    Laisa 9B 17

    BalasHapus
  2. Curiga

    Ora bisa nahan emosiku
    Tansah pitakon
    Kandane opo anane
    Adu omongan ora apik

    Uga kowe ngerteni
    Sampe akhire kowe ngerteni

    Apuranen aku ora ono maksud
    Terus nakoni kowe
    Apuranen sikapku nganti kowe kuciwa
    Aku mung nutupi rasa curiga

    Senajan aku ngerti kowe ing kono
    Nanging tetep ae aku ora tentrem
    Tak tolak curiga sing ana ing jroning atiku
    Nanging ora bisa


    Jeneng : Nadya Aulia F.M
    Kelas : IX-B/28

    BalasHapus
  3. Pahlawanku
    Getih kang wutah ing palagan
    Perang agung
    Angin sumilir
    Padhanging surya
    Kabeh dadi seksi
    Perjuanganmu
    Mbelani negara iki
    Senajan amung gegaman
    Wujud ring lancip
    Antebing atimu
    Dadi peluru
    Ampuh ... ampuh ... ampuh ...

    Pahlawan merdeka mbela negara
    Ninggal kaluwarga
    Adoh omah adoh sawah
    Nggembyan para penjajah
    Mbelani negeri ibu pertiwi


    Nama : Yulia Istitania
    Kelas : IX-B/38

    BalasHapus
  4. Rah Kamardikan

    Rah kamardikan...
    Rah paperangan
    Ngelawan, Nerkam
    Ora kenal nyowo

    Ngeterake ing mangsa kamardikan
    Gegayuhan negara tak kunjung teko
    Gumeleger Mmeriam meriam tuwa
    Mateni nyowo-nyowo sing ora duwe daya

    Tekad sing gilig pantang nyerah
    Berjuang tanpa kenal lelah
    Senapan-senapan kukuh
    Ancur ra onok sisane

    Tangis-tangis dungo
    Ing tengah rah kamardikan
    luka-lukane jiwo
    Bertarung, dadi siji RAH KAMARDIKAN


    By: Dyah Sulistya Y. IX B / 11

    BalasHapus
  5. Udan Wayah Sore..

    Tekamu dakenteni
    Ing kursi tuwa werna coklat iki
    Angin....
    Sliwar-Sliwer kaya mantau aku
    Dakpikir....
    Kowe ora penting
    Nanging....
    Kabeh iki daklakoni amarga tresna
    Udan wayah sore iki
    Ngancaniku nangis
    Udan wayah sore iki
    ngelenganke ku ing sliramu

    BalasHapus
  6. lintang abang


    Dak sawang lintang
    Kebak kuning kelap kelip
    Cilik indah ngeresepake mata
    atiku melu seneng,kreasa ayem
    gagak, kalong pada kesengsem sajak
    kepranan
    nanging aku sedih
    dak sawang maneh rupamu
    katresnanku ilang menyang atiku
    netes banyu mata
    sesek menyang ati
    katresnanku ilang ora mbalik maneh....


    m. nor k
    IXB/25

    BalasHapus
  7. Tangis
    Aku luwih seneng krungu swara tangis
    Tinimbang lagu dhang-dhut apa campursari
    Apa maneh tembang kang ampang
    Mung dadi barang dagangan
    Amarga wiraswarane gantheng utawa ayu

    Tangis luwih indah saka sewu lagu
    Awit tangis ngandhut sewu pangrasa
    Tumibane dhadha tandha panrima
    Marang kawicaksana-Ne


    M.ARIF ARIFIN 9B/26

    BalasHapus
  8. Sapa sing Ora Adil?

    Iki ndonyamu, ndonyaku, ndonya sakabehe
    Langitmu, langitku, langit sakabehe
    Bintangmu, bintangku, bintang sakabehe
    Sapa sing ora adil?

    Yen kowe ora bisa..
    Nggayuk bintangmu,
    ndeleng langitmu,
    mlebu ing ndonyamu,
    aja salahna aku..

    Sakabehe ana dalane
    Dadi hakim ing dalanmu dhewe
    Aku ana ing dalanku dhewe
    Sapa sing ora adil?

    MAULIDYA TIARAYU PUTRI

    BalasHapus
  9. Mustahil Rasane

    Pengenku ndeleng kowe sediluk wae
    Nanging koyo srengingi sing muncul saka ufuk barat
    Mustahil rasane...

    Sampek kowe ra ngijinno aku gawe nyopo kowe
    Angkuhmu nggede ngeliwat wates
    Sudi opo ora kowe?
    Ngekei aku salam lan sapa sing manis
    Nanging kaya ngguyu sing teko bareng tangis
    Mustahil rasane...

    Bimasakti iki dadi saksi
    Ketemenane atiku sing kokoh iki
    Nanging gawe nduweni awakmu
    Mustahil rasane...

    -Putri Ayu M. S-

    BalasHapus
  10. -PAs Aku Iling Awakmu-

    Indah yen tak kenang
    Manis yen tak bayangno
    Seneng yen tak rasake
    Lan agung yen tak harapne
    Rasane urip iki mewah mergone
    Kebungkus bungah lan tangis
    Ngerajut ing njero puteran tresno

    Puteran tresno sing kadang nggarai aku sedih
    Nggarai aku loro, kecewa, lan nggarai aku rapuh karo kisahe

    Gusti...

    Kongkonen ngaleh gejolak rasa iki tanpa perih
    Musnah tanpa bekas
    Ilang tanpa jejak
    Ben aku ra ngrasa pahit yen iling
    Pahite gawe ngrungokno
    Pas aku eruh kowe mbalik maneh

    -Azkya Firdauzi (07)-

    BalasHapus
  11. Buwana

    srengenge ndelik ing walik awan
    awan putih ngesemake
    alas ijo ngagumake
    suarane banyu bening gemricik
    alasku, pulauku,negaraku
    geneya saiki ora bisa ndeleng neh awan putih
    orandeleng neh alas ijo
    buwana nrimo tanpa nguntabake
    buwana, geneya iki tanda ancur?
    asta-asta kuwi
    ndadeake polusi nutupi awan
    renungake, mikiro, mandekake
    sakdurunge bencana iku teko


    Nama : Bidadari Mentari
    No : 08

    BalasHapus
  12. Lintang ing Langit


    Wujudmu cilik apik lan narik ati
    Diseneng wong akeh
    Cahyo nyuminar ing bengi
    Sijipun ora onok sing surem

    Nalika dak sawang nyenengake
    Putih kedap - kedip suminarmu
    Nyejukno ati ing njero kalbu
    Ati ayem lan tentrem

    Sapa wae sing ndeleng
    Pasti kesengsem lan katresnan
    Maha sempurno ciptaan Gusti Allah
    Ora onok sing bisa nandingi

    BalasHapus
  13. ifah15.blogspot.com3 Maret 2012 pukul 21.09

    Ora Biso

    senadya bisa lali
    saiki kowe wes tak lalike
    senadyan bisa nyingkrih
    saiki kowe seng tak singkirke
    senadyan bisa mati
    saiki aku pengen awakmu mati

    kembang mekar bakal mati
    ndeleng awakmu, podo karo
    sumringahku ilang
    yen ketekan awakmu

    ora ana wektu lan panggon
    kaya dek biyen kanggo slirahmu
    cekap wingi aku loro
    ora usah, ora biso yen balen
    aku kulino ora ana awakmu
    aku coba kulina mungkasi
    dalanan tresna iki

    -arifah 9b 04-

    BalasHapus
  14. AKU...

    Kaya wengi tanpa bintang
    Kaya kembang tanpa kembang
    Kaya istana tanpa tiang

    Amarga ana aku
    duduk sampeyan
    Amarga ana aku
    duduk awakdewe
    Bunda...

    tirta suci ananda
    9b/37

    BalasHapus
  15. Rekasane Tukang Sapu

    Srengenge durung ono ing panggone
    Si jago durung ngetokake suwarane
    Seretan sikil, nyapu dalanan
    Tangan, nyekel sapu coklat tuwa
    Nyapu resik sampah lan regetan
    Rai adus kringet lan ora rupa maneh
    Kesiram awu dalanan
    Tulus ikhlas tanpa pamrih
    Dilakokake
    Demi panguripane
    Demi kaluwargane
    Hinaan ditampa gawe sarapan
    Duh Gusti....
    Nyiksa tenan rasane
    Golek rezeki
    Dikancani sapu tuwa
    Pancen luhur jasamu, pancen mulya
    Nanging opo sing arep ditindakake
    Takdir wis ditulis
    Lan ngene iki dalane
    Ngene iki anane
    Sengsarane tukang sapu dalanan


    ELVIRA W. P. 9B/12

    BalasHapus
  16. Tekane Udan

    Udan mudhun maneh
    Elingno kowe sing ning ati
    Lan aku pengen iki gak cepet mari
    Kenangan kowe lan aku

    Udan teka maneh
    Segerna ati sing lara
    Pingen rasane ketemu kowe
    Lan cidek karo kowe

    Udan akhire mandek
    Ilang kabeh kenangan kita
    Tapi aku tetep tresna
    Tresna karo kowe

    Nama : Rendra Mei R.
    Kelas : 9b/36

    BalasHapus
  17. "Parengana Aku Nresnani"

    Umpama kowe marengi
    Meski sadilut ndeleng
    Takbuktikno marang kowe
    Aku nduweni rasa

    Tresna sing tak pendem
    Ora sempe tak ungkapno
    Amarga kowe wes milih
    Nutup pintu atimu

    parengana aku mbuktikno
    Iki tenanan rasaku
    Parengana aku nresnani

    Tresnaku
    Rungokna isi atiku
    Tresnaku
    Rungokna isi ing atiku


    Nama : Nugroho Margo M.
    Kelas : 9B/31

    BalasHapus
  18. Nemoni UNAS

    Tik...tik...tik...
    Detike jam padha keprungu
    Ngelingno yen wektu terus mlaku

    Salembaran ilmu dakbukai
    Sarapan soal daklakoni
    Mbangun mental kanthi kokoh
    Supaya siap ing wayah perang

    Unas ora suwe
    Pangeranku...
    Ku sujud lan ngarep pitulungan-Mu

    Nama: Nova Melasari 9b/30

    BalasHapus
  19. ***Saumpama***

    Saumpama aku iwak
    Aku iso ngubengi segoro
    Iso ndeleng njerone laut
    Ngerasakno pemandangan laut wayah sore

    Saumpama aku manuk
    Aku iso mabur ing angkasa bebas
    Ndeleng lintang lan wulan ing wayah bengi
    Ndeleng srengenge wayah esuk
    Nontok apike ndonya

    Nama : Lutfiana
    Kelas : 9B/21

    BalasHapus
  20. TAWANG MANGU

    Yen sinawang saka kadohan
    Kadyo barisane manuk kuntul
    Putih memplak
    Kiwalan tencene ijo royo-royo
    Dipaesi sawernane kembang
    Yen ing wayah esuk rame
    Swarane manuk kang podo
    Ngoceh saut-sinaut

    Ora mung wong cedak wae
    Kang kepengin ndelok keasriane
    Nanging uga saka njaba kuta
    Malah ana wong sing saka mancanegara
    Ya iku keasriane Tawang Mangu

    Nama : Lilis Hidayatus Soliha
    Kelas : IX-B/19

    BalasHapus
  21. ESEMKU

    Ing timur
    Matahari mbuka mripate
    Kewan cilik mulai ngomong
    Nembus ademe isuk
    Nembus embune isuk
    Atiku seneng nemen
    Nikmati dina-dina
    Ambek kaluwarga
    Ngumpul bareng
    Guyonan muncul maneh
    Esemku mekar
    Ndeleng kaluwarga sing harmonis
    Gusti..
    Aku ngarepake
    Iki ora tau ilang maneh

    BalasHapus
  22. "DAKSUWUN AKSAMAMU"

    dhuh Gusti
    geneya ombake segaraku
    nyabet bangsa lan tanah wutah rahku
    geneya gunung-gunungku njeblug
    ngobong lan ngurug desa sarta sabarang darbekku
    nerak lan ngerusak sabarang kang tinemu

    dhuh Gusti
    daksuwun aksama-Mu
    awit bangsaku mula wis akeh kang padha ninggal wewaler-Mu
    daksuwun aksama-Mu
    awit bangsaku wis akeh kang njarah alas
    njarah barang apa wae kang dudu darbeke lumunturing aksama-Mu
    dakantu kanggo mbengkas reretu



    Nama: Okta Kurniawan
    Kelas/No absen : IX B/32

    BalasHapus
  23. "Ilmu"

    Ilmu
    Sedoyo ngerti kowe
    Sedoyo butuh kowe

    Ilmu
    Kulo nyinaui kowe
    Sregep lan tanggep

    Ilmu
    Kitab asalmu
    Maca, nulis lan ngerungo'no
    dadi dalan nang kowe.

    Ilmu
    kadhos panganan,
    sing kulo pangan.
    Kadhos panggonan,
    sing kulo panggoni.
    Kanggo uripe kulo.

    Ilmu
    kanggo uripku saiki,
    mene lan kanthi nafas terakhire kulo.

    Ilmu
    Kulo ora bisa nemu kesenengan,
    kesenengan dunio lan akhirat
    yen awakmu ora onok.
    Yen uwong-uwong ora nyinaui kowe.

    Muhammad Ali 9B 27

    BalasHapus
  24. SANDIWARA

    Dalan crita iki
    Akhir crita iki
    Bareng mbukake tabir
    Kita wes podo weruh
    Sutradara wes weruh
    Pemain yo wes weruh
    Ono penonton sing wes weruh
    Lan sing ora nonton wes podo weruh

    Ono penonton sing nangis
    Ono sing ngakak ing jero ati
    Nanging sandiwara iki tetep apik
    Karo ketemenan pemain
    Lan kebolehan sutradara
    Pertama kaline koran memuji
    Sandiwara iki bener-bener apik
    Apik tenan

    Nama : Ahmad Fadhilah 9b/01

    BalasHapus
  25. Babad Wedhi Pasisir

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    pinaes ganda aruming mawar
    rarasing riris dhadha kumesar


    kulo mochammad muhajir
    9b\24

    BalasHapus
  26. Rembulan Tanpa Lintang

    Wengi iki dak enteni
    Ananing kahanan kang ayem
    Hawa adem ing jero ati
    Ora ana sak petik lintang
    Nanging ana sak klibat rembula
    Ora ana mendung nyelimuti

    Padhang jinglang cahyane
    Udan ya ora wani ngusik pesonane
    Tentreme wengi iki
    Rasane wengi iki
    Ora bakal pernah keganti



    Ayu Fathur R
    9b/06

    BalasHapus
  27. Aja Dumeh

    Aja dumeh isa mesem ngguyu
    ngemut legining gula ngenyam manising madu
    Aja dumeh isa ngadeg gagah
    Ngguyu latah-latah
    Ngalor ngidul entuk waaah

    Aja dumeh isa ongkang-ongkang
    Sila tumpah lingguh jegang
    Nendhani rowang
    Nyemplang kadang

    Rungokno kandhaku !
    Wingi dudu saiki !
    Sing wingi mesem ngguyu
    Saiki dai tugu watu

    Sing wingi gagah
    Saiki dadi lemah
    Sing wingi ongakang-ongakang
    Saiki uga dadi batang

    M.Patichur Ramadhani
    9B/22

    BalasHapus
  28. AKU NYANYI

    Wong telu
    Aku
    Hatiku
    Lan Bayang-bayangku
    Nyanyi bareng

    Lungguh ing lemah
    Segara sing adem
    Bayang-bayangku seneng
    Ing tengah segara
    Hatiku gemeteran

    Angin lewat
    Saka arah
    Sing ora takkenal
    Ing segara
    Lan langit dukur

    Aku nyanyi
    Lewat mulut
    Hatiku kecut
    Oh segara ?
    Bayang-bayangku ing kene ?

    Nama : Jova Rizki Renando 9b/16

    BalasHapus
  29. Ngelmu

    Aku ora butuh maneh wewarah
    aja kaya wong ngangsu ngisi kolah
    Grojog-grojog amber amblabar
    Apa ora malah cabar

    Mengko ndak nyiduk dhewe
    Sumur jala tundha mburi omah
    Lagi ndak ronce
    Tali suket kalanjana
    Bandhule kanthi melati
    Siwure klas bangka

    Piwulang
    Wengesi ngejar atiku dadi kriwikan
    Ngrante sikilku kaya paukuman
    Aku ora butuh maneh wewarah
    Dak ngadeg jejeg

    Atiku wis padhang
    Pandelengku wis wening
    Ngelmu sing dak goleki ana ing walike
    Kembang kopi

    Nama: Bintang Soekarno Adji 9b.09

    BalasHapus
  30. KORAN

    Tak tunggu tekmu
    Saben dina ing omahku
    Kabar kang daktunggu
    Saka awakmu
    Nambahi wawasanku
    Mosak-masike donya
    Maju mundure nagara
    Minangka warta
    Koran minangka alat Komunikasi
    Kang kudu diwerdi
    Mula ora ketinggalan informasi

    Nama : Ardiyan Abi Winata 9b.03

    BalasHapus
  31. INDONESIAKU
    Telung atus skeet warsa
    Dijajah bangsa manca
    Wargane urip lan lara lapa
    Urip kalunta-lunta

    Indonesiaku…
    Saiki wus mardika
    Gumregah ambangun praja
    Gayuh urip kang sampurna
    Cukup sandhang lan boga
    Tata tentrem raharja
    Adhedhasar Pancasila

    Alifia helgawati 9b/02

    BalasHapus
  32. ORA PASTI

    Godhong emas tiba saka singgasana
    Nari endah bareng alunan angin
    Nglayang nganti wektu rasane tuwa
    Ora ngerti ing ngendi akhire
    ra nentu...ra pasti...
    Kaya uripku

    Ora ngerti pastine sikil nglangkah
    Ora ngerti apa sing kudu takgapai
    Ora ngerti kepriye aku mengko
    Apa tetep bertahan
    Apa ngilang tanpa tanda

    Latifatul Ainiyah
    9B / 18

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming