Rabu, 22 Februari 2012

KELAS IXA-SPENDABAYA 2011 -2012



Kelas Songo Aaaaphikkk…
Wali Kelas Ibu Lilik Haruri, guru Bahasa Indonesia ing SMP Negeri 2 Surabaya.
IKI LO KANCA-KANCAKU, KAPAN-KAPAN REUNI REK .
Alfan Dea, Alfangga, Alfin, Alifah, Andhini, Arya, Astri, Benita, Choirun, Connie, Cynthia, Demaas, Dion, Dwi Ambar, Febri, Fajar, Fathimatuz, Gabriel, Graciella, Hana, Dara, Indah, Iqbal, M. Adam, Made Ayu, Merry, Naurah, Prima, Rezky, Rizal, Rommy, Savirra, Siti Aisyah, Yawanda, Chandra, Fransisca.

45 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Sepi


    yen aku ing lungguhan

    dheke kang dadi saksi

    yen aku deleng nang lintang

    dheke iku kang ngancani

    yen aku yo takon werdine urip

    dheke kang ngewangi ngudharai

    yen aku wedi yo ngancani

    dheweke ora lungsi ngguyoni

    lan setia ngandhani terusna kang

    menawa asile kena nggo mbayar utang

    ora ana wong cubriya.

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  5. UDAN WAYAH SORE

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  6. Pelangi Sawise Udan


    Pitu warna ora tahu kepisahaken..
    Abang,Jingga,Kuning,Ijo,Biru,Nila lan Ungu..
    Saben sawise udan,
    Teka bebarengan, ngilang yo bebarengan..


    Pelangi
    Teka sawise udan
    Layake ing kauripan
    Dheweke teka sawise muwun.


    Saben muwun ing kauripan,
    Kabehne bakal indah ing wektune.
    Saben udan ing kauripan,
    Bakal ana pelangi endah sing teka.

    BalasHapus
  7. Endahne Kekancan

    Ora ana mutiara sebening tresna ..
    Ora ana sutra sehalus welas asih ..
    Ora ana embun sesuci ketulusan kalbu ..
    Lan ora ana hubungan saendah kekancan ..
    Rencang senes matematika sing bisa diijir bijine ..
    Utawa ekonomi sing ngarepake isi ..
    Senes uga Pkn sing dituntut marang undang-undang ..
    Tapi ,,
    Rencang iku ,,
    Sejarah sing bisa dieling sadawanipun urip ..

    Dening : Merry Agustina S / 26

    BalasHapus
  8. SEDYAKU

    Wis, Jeng…
    Aku sumeleh
    nyelehake pangarep-arepku
    marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
    yen nyatane amung semene
    cunthele lelakonku…

    Pepenginku tansah sumandhing
    lan nresnani sliramu
    kudu dakprunggel
    sing luwih wigati, Jeng
    donga lan pengestumu wae
    tansah mili kanggo aku

    Wis, Jeng
    aku pamit
    becik njembarake pikir
    nggayuh kabegjan
    mring ati lan katresnan satuhu
    tan ora binagi ing liyan
    sempurna ing guritan siji…

    BalasHapus
  9. PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  10. Paseduluran Salawase
    Orah kerasa saiki deweke arepe mentas saka SMP 2
    Yen di eling – eling akeh kenangan mung sing ora bisa dilaliake
    Kenangan nakal bareng, seneng bareng, nelangsa bareng lan akeh maneh
    Opo mane arekdewe ngukir bareng – bareng

    Mbokmenawa sesuk yen kita wes tua ,kenangan iki bakal ditutup dening wektu sing terus muter
    Nanging aku ngarepke kenangan sing kita ukir bareng – bareng ing spendabaya
    Bisa dadi kenangan sing indah dan terus dikenang ing njero ati sing paling njero
    Lan yen ana kesempatankita kumpul bareng – bareng maneh
    Aku ngarepke kesempatan iku bisa dadi kedadean sing bisa nggawe kita sumanak kaya biyen maneh

    Kanca – kancaku aku maturnuwun banget awit kenangan indah paseduluran iki bisa langeng selawase
    Lan aku ngarepke opo sing kita kepingini bisa dadi kanyatan

    BalasHapus
  11. Mutiara Kanca

    Mutiara endah
    Pelangi aneka warna
    Mawar endah di sawang mripat

    Kancaku...
    Kowe sanes sedaya kuwi
    Lan kowe sanes pelangi
    Endah ingkang dhateng trus ical
    Amarga kowe sing ngelukis
    Warna dhateng dinten ingkang aku langkung

    Lenggah mriki kancaku...
    Kancani aku langkung dinten
    Wonten duka serta lara
    Mangga kita cariyos tentang sedaya ingkang wonten aku, kowe serta dheweke
    Amarga kita kanca mesti wonten
    Mboten kenal wektu kanggo ngitung
    Mutiara kanca..


    Connie Jason Patricia.S
    IX A / 10

    BalasHapus
  12. NALIKA SEPI

    pasuryanmu sing bening
    tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
    saya suwe tansaya adoh
    ninggalake sepi

    tan ana sabawa gumrisiking alang alang
    aku mung bisa nyawang
    pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
    nganti datan katon kasaput pedut

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kere Pinggir Dalan

      Ing kutha tengah wengi
      delengan sing padha turu
      neng pinggir dalan

      Turu kepati
      kinemulan mendhung kekancan ratri
      saya bengi saya adhem
      lan ati kekes dadi siji

      Jroning atiku nangis
      ndeleng dheweke turu
      ana ing dalan-dalan
      tanpa ana sing nggatekaku uripe

      Bedhug subuh keprungu ing pungkasaning wengi
      sing padha turu kepati banjur tangi
      amarga kawiak sunaring srengenge
      lan wis wayahe luru golek urip

      Dheweke iku padha karo kowe
      golek pangan esuk lan bengi
      tanpa migatekake wayah

      Hapus
    2. dwi ambar anggraini2 Maret 2012 pukul 01.35

      Blog basa jawa miku wekane kula dwi ambar anggraini 9a-14

      Hapus
    3. Wektu

      Yak opo cepete kowe ninggalno aku
      Kerasa kowe gak isok ngekei aku kesempatan
      Gawe nikmati ben langkahmu
      Utawa aku sing terlalu gak ngreken awakmu
      Sehigga ora kurasakno tekananmu
      Meskipun kowe iku kesempatan
      Gawe ngrai mimpi
      Gawe ngerai cita-cita
      Wahai wektu
      Maafno aku
      Aku wes gak ngreken kowe
      Dungkano kowe isok tak lupakno


      Dwi Ambar Anggraini 9a-14

      Hapus
  13. DWI AMBAR ANGGRAINI29 Februari 2012 pukul 04.31

    geguritan ing dhuwur "Nalika Sepi" iku geguritan kulo dwi ambar anggraini

    BalasHapus
  14. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  15. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  16. Wektu

    Iki sepotong kisah
    tentang perdalanan
    Seorang insan
    menjajali jejak keuripan
    Dheweke lahir ing ndunya
    tekan keluarga
    Ora miskin kurang sugih yo tapi bersahaja
    Bapak dodolan ibu ngasuh dheweke ing omah
    Tekan cilik sinau susah mek bersikap pasrah
    Sempat sediluk
    weruh A.S.I tekan ibu
    Nyukuri rahmat oleh singkat nyicip ilmu


    Dheweke gak’kan gentar
    meski gledek arep nyambar
    alar melintang
    ora iso gawe pudar
    hanya nyukuri anugerah
    soale wis takdir
    dheweke ora akan menyerah
    terus berjuang sampek akhir

    dalanono jejak diri
    wujud'no lah mimpi
    lan yakinlah
    kan kowe raih
    lakonono tekan ati
    ke’I sing terapik
    pasti kowe raih

    iqbal maulana 9a/23
    pak pur
    ojo lali pak

    BalasHapus
  17. Srengenge Esuk


    Kumencar kuning emas
    Awekh salam liwat cendhela
    Sugeng esuk bocah bagus
    Sugeng esuk bocah ayu

    Pereng – pereng gunung dieambati
    Geger – geger ombak diusap – usap
    Tangan – tangan uwit sing ngawe –ngawe
    Mega lan mendhung disunari

    Kumencar soroting srengenge
    Nggawa panguripan ing bumi
    Aweh kekuatan lan kasantosan
    Kanggo mlangkah tekan pucuk dalan

    BalasHapus
  18. Rembulan

    Nerangi ing wengi sing surem
    Ing angkasa, dikancani para lintang
    Mancarna sinare sing indah kuwi
    Dadhi lampu gedhe sing nerangi bumi

    Rembulan ...
    Setiamu marang bumi iki
    Ora onok niatmu ninggalake bumi
    Ngancani nangdi bumi iki
    Ora bisa dipisahake,
    Mung penguasa alam iki sing ngehendaki

    Karya Gusti Allah sing sempurna
    Yen nyawang kaendahan sinarmu, rembulan
    Ing angkasa sing luas
    Susah, sedhih lan bungah bakal musnah


    Astriningrum D.K.K
    IX-A/07

    BalasHapus
    Balasan
    1. Rembulan

      Nerangi ing wengi sing surem
      Ing angkasa, dikancani para lintang
      Mancarna sinare sing endah kuwi
      Dadhi lampu gedhe sing nerangi bumi

      Rembulan ...
      Setiyamu marang bumi iki
      Ora ana niatmu ninggalake bumi
      Ngancani nangdi bumi iki
      Ora bisa dipisahake,
      Mung penguasa alam iki sing ngehendaki

      Karya Gusti Allah sing sempurna
      Yen nyawang kaendahan sinarmu, rembulan
      Ing angkasa sing luas
      Susah, sedhih lan bungah bakal musnah


      Astriningrum D.K.K
      IX-A/07

      Hapus
  19. Niki Geguritan kulo, Pak.
    Kulo Choirun Nisya, absen 09 ing kelas IX-A


    MUSLIM

    Yen muslim, ayo shalat!
    Sadurunge disholati karo wong liya
    Kaping lima, pitu welas rakaat
    Lakoni ing dunya, sadurung budhal menyang akhirat

    Yen muslim, ayo zakat!
    Kanggo sangumu ing akhirat
    Sathitik-titik saben dina Jumat
    Sing penting bisa nulung kerabat

    Yen muslim, ayo moco surat!
    Akeh artine masi sak ayat
    Apalaken lan terapaken artine
    Mumpung durung ing akhirat

    Muslim..
    Eman yen ora tau shalat
    Pelit yen ora tau zakat
    Percuma yen ora tau moco surat

    Iling-ilingen jare ustad,
    Percuma sugih dunya, yen miskin ing akhirat!


    Pesan : Pak, ada beberapa kata yang berbeda dari buku besar. Sepurane nggih Pak, niki puisi sing wis kulo sempurnaaken. Mugi-mugi aphik. Matur nuwun sanget, Pak.

    CHOIRUN NISYA / 09 / IX-A

    BalasHapus
  20. PETANI

    Srengenge isih durung nampak
    Embun isih netes ing kembang-kembang
    Nganteraken petani lunga menyang kebonan

    Para petani kerja ora kenal wektu
    Langkah-langkahe ora mandheg nyusuri kebonan

    Sedhih lan susah amarga asil panen ora dipikir
    Swara cangkul tetep kuwat lan kokoh
    Langkahe mesthi tegap ora ana beban

    Matur nuwun para petani
    Amarga jasamu
    Ora ana dina tanpa sega ing tanah airku

    BalasHapus
  21. BIYUNG

    Oh biyung
    luwih ageng tresnamu
    luwih ageng pangorbananmu
    karo sutamu

    oh biyung
    panjenengan dadi aruna ing atiku
    lan ora ana sing dadi panggantimu
    pawana, brama, lan tirta
    wis dak liwati kanggo sutamu
    sing dadi astra pangarepanmu



    Rezky R.W
    IX A/29

    BalasHapus
  22. Gunung Kidul

    Adoh ratu, cerake mung watu
    Gunung Kidul, iku kan dadi aranmu
    Pegunungan sewu kang dadi bentengmu
    Lemahe nela, kondhang yen larang banyu
    Nadyan ngono, rakyate sayuk girang gumuyu
    tansah memuji mring Gusti, amrih rahayu

    Gunung Kidul, sliramu pancen kesrakat
    Nanging tanah ngeluri adat
    rasulan, campursari, reyog lan jathilan
    Urip Ngrenbaka marga tansah jinaga
    Dhimen budaya Jawa tetep ngrembaka
    Bocah ndeso kurang tata
    Unggah - ungguhtansah dijaga
    Titi tentrem kang jinaga
    Saiki rekasa, nanging mbesuk urip mulya

    Bener tlatahmu larang banyu
    Anane mung padhas karo watu
    Watu iku andhalan kanggo maju
    Handayani, pepoyan kang dutuju

    BalasHapus
  23. TSUNAMI
    Jerit-jerit manungsa
    Lunggu tetenggengen
    Mung nyebut jenenge Gusti
    Kang klindes banyu segara

    Saiki kabeh ambles
    Rata ambek lemah
    Lan puing-puing bangunan


    Jiwa-jiwa mabur
    Mripat kang katutup rapet
    Lan lambe mbisu
    Langit dadi mendung
    Udan tangis nangendi-endi

    Ya Gusti..
    Apa niki ukuman marang awakdhewe?
    Supaya kita sadar marang kelakuan kita
    Sing sak enake dhewe marang dunya niki ?



    FATHIMATUZ ZAHRO
    9A/17

    BalasHapus
  24. BASANTA

    Oh Basanta
    Sosokmu dadiaken uripku luwih becik

    Oh Basanta
    Sosokmu panerang ing uripku

    Sinarmu lambangaken cita-citaku
    Sliramu panerangku ing tengah Ratri

    Oh Basanta
    Sliramu panggonku nitipaken isi kalbuku

    Naurah Darin
    IX-A/27

    BalasHapus
  25. KUTHAKU ORA MESEM MANEH
    Isih ileng dakcilikku
    Kuthaku sing asri
    Kuthaku sing endah
    Atiku ngrasa ayem
    Daksawang kuthaku ijo royo-royo
    Taman sing jembar lan pawana sing seger
    Ngawe aku ora bisa lali marang kuthaku
    Nanging atiku perih
    Nalika daksawang kuthaku saiki
    Taman sing jembar dadi gedung tingkat pitu
    Pawana sing seger wis kecampur polusi
    Wit sing ngadeg dadi lampu dalanan
    Godong sing ijo dadi sampah pinggiran
    Katresnaku ilang
    Ndeleng kuthaku ora mesem maneh


    Alifah Sukmadita
    IX-A/04

    BalasHapus
  26. MAWAR

    Dak sawang sliramu
    Ngelingaken aku karo tesnamu
    Abang semburat
    Gambaraken tresnaku marang sliramu

    Nanging netesing bun
    Kang musna kapangan surya
    Oh mawar...
    Wibawaku ing sliramu.


    IDA AYU DARA MENTARI
    IX-A/21

    BalasHapus
  27. Pak, punya saya yg atas itu salah.. Diganti yg ini saja.

    OMAH

    Tak sawang suryaning rembulan ing pelataran
    Emperku peteng lan hawane adem
    Ora ono swarane, opo maneh ayang-ayang
    Kajaba para sadulur, pada lunga.

    Kadang kala perlu nang omah
    Utawa ora mulih nang omah
    Crita lan ngilu marang dina-dina kang dak lakoni
    Omahku kang jembar kaya dene critane kang dewa.

    Rikala aku krungu swara kang dumadakan
    Rasane atiku melu krasa isin
    Tanpa rasa dek-dekan lan rasa sombong
    Saiba senenge rasane ati.

    kadang kala sadurung mlebu omah
    Aku nyawang menduwur lan pitakon
    Apa isih rasa seneng ing kajeron omah
    Saiba agunge rasa urip, nalika atiku ora susah.

    BalasHapus
  28. Rommy Syahrul M. IX-A /314 Maret 2012 pukul 03.55

    Biyung

    Dentang ambeganmu ngomong dinten dugi peteng
    Ra ana kesel
    Ketok ing pasuryan ayumu
    Budimu ra ana mari-marine.

    Panjenengan sampun berjuang kanggo kula
    Nalika kula sebut asmamu
    Rangkulanmu ngoten anget
    Dugi kula tansah dijaga wonten turuku.

    Pengin kula cedak lan nangis ing pangkuanmu
    Swargaku sing wonten ing ngisor telapak sukumu
    Ingkang tansah ngarep
    Supaya sawijining ingkang apik kanggo kula.

    BalasHapus
  29. Indonesia

    Indonesia
    Negari katulistiwa
    Tentrem ayem karta raharja
    Ijo royo-royo pemandangane
    Elok lan endah suminar kahanane

    Indonesia
    Negeri nusantara sing sugih budayane
    Sabang merauke kabeh becik bebudine
    Gemebyar ngedap-ngedapi kaya lintang
    Pepadang kanthi rembulan

    Indonesia
    Murah sandang pangan
    Makmur santosa loh jinawi
    Bebungah sarana pada saeka praya
    Mbangun katrisnan sing utuh
    Gawe ngugemi urip bebarengan
    Nyengkuyung kekarepan sing utama
    Negari adil lan makmur

    Indonesia
    Tetep jaya
    Tetep mardika… Salaminya

    demaas dana dalmatia
    IX A / 12

    BalasHapus
  30. KANCA

    Oh kanca ...
    Perawakanmu ngartiaken uripku
    Rudatos lan sumringah
    Dak lewati karo berpangku

    Oh kanca ...
    Sliramu dadi kartika ing uripku
    Kita kayata mandhala lan isine
    Sing dadi penyemangat uripku

    Oh kanca ...
    Slirami dadiaken uripku rekasa

    BalasHapus
  31. KAMURKAAN MU

    gulung gulung ombak gedhe
    ing segara tapal wates
    deres miline tirta
    dhelengaken kamurkaan Mu
    kanggawe pintandae
    pada para insan Mu

    ora ukur
    opo sing nang arep Mu
    katerjang bak pawana

    oh widiku apa iki
    pituturmu
    kang elingaken insanmu

    BalasHapus
  32. pak,niku mau yudhistira pak...raja jin,okeh pak...

    BalasHapus
  33. Kembang Mawar

    warnamu endah
    ambumu wangi
    mekar berseri ing taman
    menambah ati dadi seneng
    putih lambang kesucianmu
    abang kewanianmu
    kuning keelokanmu
    kabeh gelem memilikimu

    BalasHapus
  34. Gusti

    Gusti ..
    panggonanku njaluk ..
    Kabeh dungaku ..

    Gusti ..
    Panggonanku crita ..
    kabeh masalahku ..

    Made Ayu D.P.H / 25

    BalasHapus
  35. ARGA

    Katon gagah prakosa katutup maga
    Ora obah katerak bayu
    Tambah endah ngagem permadani ijo
    Ora ukur ora mungkur

    Nanging yen anggonmu murka
    kabeh pada binasa
    cilik gede, enom tuwa
    ora ana sing kaluput
    Gusti...
    sepuraken kawula, yen ora saged njaga endah'e
    ciptaan-Mu

    BalasHapus
  36. Katon gagah prakosa katutup maga
    Ora obah katerak bayu
    Tambah endah ngagem permadani ijo
    Ora ukur ora mungkur

    Nanging yen anggonmu murka
    kabeh pada binasa
    cilik gede, enom tuwa
    ora ana sing luput
    Gusti...
    sepuraken kawula, yen ora saged njaga endah'e
    ciptaan-Mu

    CYNTHIA C.ANDARYSMARA 9a.11

    BalasHapus
  37. ARGA

    Katon gagah prakosa katutup mega
    Ora obah katerak bayu
    Tambah endah nganggo permadani ijo
    Ora ukur ora mungkur

    Nanging yen anggonmu murka
    kabeh pada binasa
    cilik gede, enom tuwa
    ora ana sing luput
    Gusti...
    sepuraken kawula, yen ora saged njaga endah'e
    ciptaan-Mu

    BalasHapus
  38. ARGA

    Katon gagah prakosa katutup mega
    Ora obah katerak bayu
    Tambah endah nganggo permadani ijo
    Ora ukur ora mungkur

    Nanging yen anggonmu murka
    kabeh pada binasa
    cilik gede, enom tuwa
    ora ana sing luput
    Gusti...
    sepuraken kawula, yen ora saged njaga endah'e
    ciptaan-Mu

    CYNTHIA C.ANDARYSMARA 9a.11

    BalasHapus
  39. Bangsaku

    Bangsaku bangsa Indonesia
    Bangsaku bangsa mahardika
    Edhum sangisore gula klapa
    Sang Dwiwarna Merah Putih pusaka
    Nggaduh semangat garudha

    Cukat prakasa mabur dhuwur ing akasa
    Delengan ing saben dhadha dhadha ngliga
    Dhadha dhadha prawira sinatriya
    Dhadha dhadha atameng waja
    Tameng tameng Pancasila

    Bangsaku bangsa kang jujur
    Ngudi jumbuhing adil lan makmur
    Ngudi persatuan, kesatuan,mamrih sempulur
    Ngudi semangat nasionalisme ja nganti luntur

    Bangsaku kang sumeh lan sopan
    Marang sadhengah bangsa dhemen memitran
    Suthik marang tumindhak peksan
    Suthik marang penjajaha

    Gabriel J T / 18

    BalasHapus
  40. INDONESIAKU

    Telung atus seket warsa
    Dijajah bangsa manca
    Wargane urip lara lapa
    Urip kalunta - lunta

    Indonesiaku
    Saiki wis mardika
    Gumregah ambangun praja
    Nggayuh urip kang sampurna

    Cukup sandhang lan boga
    Tata tentrem raharja
    Adhidasar Pancasila

    Alfangga Desmontha Asmarayuda / 02

    BalasHapus
  41. Layangan

    Delengen ing langit biru
    Lelumban ing langit biru
    Ngiwa nengen munggah mudhun
    Sajak duwe nyawa
    Nanging nyatane
    Yen angine sepi

    Rizal Ibnu Meiwanto 30/IXa
    Ceblok ing lemah
    Kegedhen angin pedhot
    Kabur karo angin
    Ora karuwan tibane

    Aku kabeh uga layangan
    Layangan pada karo wayang
    Gumabtung karepe si Kuncung
    Sing nyekel benang
    Kang dadi dhalang

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming