Selasa, 28 Februari 2012

La iki IXE ........


Kelas IX E, kelase ing pojok lor wetan, wali kelasku Mam LILY,Asma jangkepe Dewi Sri Suka Lestari Lily Indrawati, moyang Priyangan , Jawa Kulon wih adohe rek. Mam Lily guru basa Inggris.Fotone cilike, aku endi ya, iki rak gara-gara Pak Pur, sing kepengin duwe kenang- kenangan arek sing pinter-pinter, ganteng-ganteng lan ayu-ayu he... Jenenge kancaku ya kaya ing ngisor iki, iki jeneng beken lo rek.
Kacong,firman,singgih,rian,aida,andhini,anziza,tita,duy,elisa,elva,fara,pepi,lia,emon,intan,uwik,kemal,lutfia,atus,mega,ilham,adit,fia,nisa’ul,nugroho,riris,hira,sarah,saad,teguh,fani,yudha,fira,dhika,faruq,erfan,nindi

46 komentar:

  1. Babad Wedhi Pasisir

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    pinaes ganda aruming mawar
    rarasing riris dhadha kumesar

    NAMA:UMAR FARUQ
    ABSEN:36

    BalasHapus
  2. Crita Saka Manca

    ing papan sarwa salju, aku
    ngangen-angen lawang gubug binuka
    ana bedhiyang lan lincak

    nanging wis kebacut dadi salju
    guritan apadene kekarepan
    nglinthing bareng tumiyupe angin
    nunjem-nunjem dom periih
    sadawane wengi

    kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
    sing durung kober kababar unine prasasti

    nama:teguh hindarto
    absen:31

    BalasHapus
  3. Kanggo Bumiku

    apa aku kudu crita marang donya
    menawa bumiku dina iki dirudapeksa dening sedulurku
    satemene aku bora mentala nyawang bumiku
    nangis ngaruara
    sesambat lan banjur tiba glangsaran njlimeti
    sisaning ati
    nanging aku tanpa daya
    nanging aku tanpa daya

    sedulur
    geneya kowe tega natoni bumiku lan bumimu
    coba wengakna nuranimu lan jlumatana tindakmu
    budinen pangudi dimen ora murangsarak
    udinen pambudi dimen ora kumalungkung
    sempalana crita durung rampung

    sedulur
    dakkira isih ana wektu semaur marang sambate bumidakkira isih ana wektu nambani tatune bumi
    dimen ibu pertiwi
    ngidung kinanthi
    werdine nglumpukake pribadi
    anyar minangka tameng
    ngayomi ubenge bumi

    JENENG : FITRI AYU AMALIA
    KELAS : 9E
    NO. : 14

    BalasHapus
  4. Daktiteni

    Daktiteni...
    Apa-apa sing wis kokomongake
    Dakcathet...
    Apa-apa kang wis kokwanti-wanti
    Ana ing sajroning ati
    Ana ing telenging sanubari
    Mbledhuki paugeran kang pinesthi

    Lelakon iki,
    Wis nuduhake sapa sejatine
    Lamun sliramu kabeh mlbanjani janji
    Marang wong-wong kang kaya aku iki
    Wong kang ora nduwe aji
    Kang kadlarung-dlarung, ora kumanan
    Ora duwe sandang, pangan, lan papan
    Janjimu...,
    Esuk dhele, sore tempe
    Elinga sadurunge mati!

    JENENG : INTAN DWI AMALIA
    KELAS : 9E
    NOMER : 16

    BalasHapus
  5. Jeneng : Duy Kusuma Dewi
    Kelas : IXE
    No.abs : 9

    Mlayua


    Mlayua yen kudu mlayu
    Tanpa rasa susah ing atimu
    Anggawa katresnan kang gedhe,
    Marang Pangeranmu

    Mlayua yen kudu mlayu
    Nanging aja lali tanggung jawabmu
    Katinggal ing sajroning ati
    Marang sesepuhmu

    Mlayua yen kudu mlayu
    Kalakon nggawa imanmu
    Kependhem ing ati cilik
    Mrang penuntunmu

    Mlayua apa anane
    Anggawa kaparingane ing awakmu
    Kang karo sih kacipta ing donya
    Mresep lakuning uripmu

    BalasHapus
  6. Jeneng : Anziza Ismaqurotin
    Kelas : IX - E
    Nomer : 07

    PEPADANG BAKAL TUMEKA

    Angrantu sinambi jumangkah ing dalan
    Kang peteng kebak sandungan
    Mecaki lurung lurung kang dawa
    Satengahing ara-ara samun
    Bumi kang kapidak kebak sinengker
    Anggawa ganda bacin
    Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

    Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    Kanggo kita sami jalma manungsa
    Kang bakal amadhangi lurung-lurung
    Dalan-dalan lan ara-ara samun
    Amadhangi sakendhenging jagat raya
    Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    Mangestu nampi pepadhang

    BalasHapus
  7. Mung Bisa Nyawang

    Apa sing dadi angenku
    Kaya ora bakal dadi
    Kaya cebol nggayuh lintang
    Pengarep-arep kang gedhi
    Ora bakal kelaksanan
    Nyandhing pepujaning ati




    Nama: aida istiqomah
    No: 05
    Kelas:IX E

    BalasHapus
  8. Mung Bisa Nyawang

    Apa sing dadi angenku

    BalasHapus
  9. Jeneng : Faraqanita Dwi Novianti
    Kelas : IX - E
    Nomer : 12


    Yen…

    Yen aku ngrerindhu slirahmu
    aja pisan-pisan nyebut jenengku
    Amarga kembang ing taman kuwi
    Isih setya marang aku

    Yen aku ora butuh slirahmu
    Tinggalen aku ing pinggiring samodra
    Lan lunga’a kang adoh!
    Aja lali ninggal tatu ing ati
    Amarga aku bakal tega ngedol atiku

    Yen aku goroh marang sliramu
    Lalekna aku lan kamanungsanmu
    Tumamakna pusakamu ing dhadhaku
    Yen sliramu percaya
    Aku mesti tumekeng pralaya

    Ing kajujuran kang tanpa topeng
    Jiwa raga iki kanggo sliramu
    Ing sawijining wengi kang sepi lan suci
    Sukmaku bakal tumuju marang sliramu

    BalasHapus
  10. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  11. Jeneng: Elisa Septiardiyani
    Kelas: IX-E
    No.: 10


    KANG TAK PUJA KANG TAK PUJI

    Kang tak puja kang tak puji
    Kang tak sembah kang tak abdi
    Sabeninging hasta warih mili
    Ya suku kalawan surya piniji
    Maes pethaking putih
    Tak suntak sakabehing wadi
    Jroning ening swaraning asepi
    Munajatku Hyang Widhi
    Kang tak puja kang tak puji
    Kang tak sembah kang tak abdi

    BalasHapus
  12. Jeneng: Elva Nur Lestari
    Kelas: IX-E
    No.: 11

    OMAH

    Omah...
    Papan panggonan kanggo mulih
    Papan pamggonan kanggo ngenam penggalih
    Papan panggonan kanggo ngarih-arih
    Sakehing penggayuh kang lagi digalih

    Omah...
    Digawe ora kudu nganggo dredah
    Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
    Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
    Apa iya bisa gawe berkah?

    Omah...
    Sing digawe ora kudu mewah
    Nanging bisa nambah berkah
    Amarga dadi lambang kamulyan
    Berkah amarga bisa njunjung derajat
    Ora nglelara atine rakyat

    BalasHapus
  13. jeneng : risky amelia r
    kelas : IX E
    no.abs : 27


    MALEM GANJIL

    kabeh padha manekung ing punjering urip
    embuh apa sing diucapke sajroning ati
    malem ganjil, sing dadi seksining alam
    aja selak apa kandhane suwara-suwara

    pilih sugih apa mlarat, pilih luwe apa wareg,
    pilih susah apa mulya, pilih ayu apa ala
    pilih pangkat apa derajat, pilih mati apa urip
    pilih donya apa akherat,

    kabeh suwara-suwara keprungu ing langit
    ora ana kang bisa nutup-nutupi
    ora ana kang ngalang-alangi
    ora ana kang nggandholi

    ngucapa, ngucapa, ngucapa
    jujura, jujura, jujura
    elinga, elinga, elinga
    sapa sejatine sira

    BalasHapus
  14. Sasi Maret

    Cahyane bagaskara kang katon mentor-mentor
    Kaya nandhang kasmaran ing rasa iki
    Lumaku tumuju sasi maret
    Maret kang mratandhani setaun
    Gegandhengan mecaki dalan panguripan
    Nambahi sumringahing batin
    Roti coklat kang dadi seksine wulan iki
    Bakal dak eling nganti tumekane pati
    Muga bakal bisa abadi
    Nganti tumekane lingsir wengi


    JENENG : Rosintya Roudhotul Zahirah
    KELAS : 9E
    NOMER : 28

    BalasHapus
  15. jeneng : Andhini Putri Rahmawati
    kelas : IX-E
    no.absen : 06

    WUTAH GETIHKU

    Gumelar jembar bumi asri
    Sumunar sumringah sunare bagaskara
    Padhang sumilak hanelahi jagad nuswantara
    Bumi pusaka wus kuwntar
    Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
    Wutah getihku daktresnani

    Kawulamu. . .
    Guyub rukun anambut kardi
    Jroning swasana tentrem lan mardhika
    Giliging tekad manunggal
    Cumitahak jroning ati
    Bebarengan ambangun

    Aku lila. . .
    Korban jiwa raga kanggo bumiku
    Nadyan awak ajur dadi sawur
    Lan getihku mblabar nuli
    Netesi bumi pertiwi
    Labet raharjaning nagara

    Lumantar iki. . .
    Isining atiku ginurit
    Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
    Njaga langgening kamardikan
    Donga pujiku kebak kaendahan
    Kanggo wutah getihku

    BalasHapus
  16. Jeneng : Mega Fitri Sulistyowati
    Kelas : 9e
    No. Absen : 21


    TRESNAKU

    Kayungyun duk samana nalika dak sawang
    Runtut gunemmu
    Dakik-dakik seratanmu ing nawala

    Aku ngerti,
    Merga suket godhong lan rembulan
    Dadi mitramu sejati
    Rina wengi tan bisa goling

    Aku rugi.......
    Merga aku lali

    Banjur....
    Tresnaku kaseret pedhut
    Surup....
    Esuk....
    Lan kapan wae
    Mesthi bakal ana wayah manembah
    Pucuking angen-angen

    TRESNAKU ndak sok mring GUSTI....

    BalasHapus
    Balasan
    1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

      Hapus
    2. Termenung/ Ngelamun

      Bengine dino..
      Aku lungguh ing pinggir jendelo..
      Ndelok bintang lan rembulan..
      Seng mesem-mesem nyawangi kula..

      Aku iri karo bintang lan bulan..
      Ora pernah musuhan..
      Sak ben dino akur, ora tau tukaran..

      Yen wayahe budal dheweke barengbareng..
      Yen wayahe mulih dheweke barengbareng..
      Ewadene bedo, nanging pancet bolo..

      Sumanggakno aku yo biso koyo dheweke..
      Pasti aku bungah urip ing dunyo iki..
      Onok konco seng biso dipercaya..
      Nang seneng utawa susah..

      Aku ra sadar..
      Dadakno waspaku netes..
      Ya Allah, balikno koncokoncoku iku..
      Sadarno koncokoncoku iku..

      Sak lorolorone atiku..
      Aku yo ora tego..
      Yen ndelok koncoku nangis niku..
      Aku tresno marang koncokoncoku..

      Hapus
  17. aku nduwe rasa


    kidung lembayung
    kidung ati kang wuyung
    aduh biyung

    crita karipta cinipta
    ciptaning rasa
    rasa sukma larabranta
    aduh rama .

    bungah lan susah
    garising urip jalma tinitah
    ngrekso rasa lan ukara
    yen .. tho pance aku nduwe rasa tresno


    nama :nafisah arfiani
    kelas : 9e /24

    BalasHapus
  18. Jeneng : Tifani Tiara Suci
    Kelas : IX. E
    No. Absen: 32



    RON GARING


    Wengi sansaya atis
    Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    Kang digawa dening angin

    Prasasat tan kendhat
    Anggonku kulak warta adol prungu
    Ananging isih mamring

    Aku wis pingin cecaketan
    Obormu kang makantar-kantar
    Madhangi jangkah lan jagatku

    Ana ngendi papanmu
    Lelana tapa brata
    Tanpa pawarta tanpa swara

    Aku kadya ron garing
    Kumleyang kabur kanginan
    Ing jagat peteng lelimengan

    Krasa luwih abot
    Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    Mlakuku ora mantep

    Kagubet ribet lan ruwet
    Adoh saka cahyamu
    Pedhut ing sakindering pandulu

    Panjenengan
    Guruku, sihku, oborku
    Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

    BalasHapus
  19. Jeneng : Aditya Firman Nugraha
    Kelas : 9E
    No. Absen :02



    SEDYAKU

    Wis, Jeng…
    Aku sumeleh
    nyelehake pangarep-arepku
    marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
    yen nyatane amung semene
    cunthele lelakonku…

    Pepenginku tansah sumandhing
    lan nresnani sliramu
    kudu dakprunggel
    sing luwih wigati, Jeng
    donga lan pengestumu wae
    tansah mili kanggo aku

    Wis, Jeng
    aku pamit
    becik njembarake pikir
    nggayuh kabegjan
    mring ati lan katresnan satuhu
    tan ora binagi ing liyan
    sempurna ing guritan siji…

    BalasHapus
  20. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  21. Lintang-lintang

    lintang-lintang abyor ing tawang
    cumlorot sliweran nalika alihan
    kumleyang mencok ing socamu asihku
    cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    lintang-lintang alihan
    cumlorot telu ana pundhakku
    kawitan lintang abang lintang perang
    kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

    absen tiga tiga pak !!

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nama : Mar'Atus Sholichah
      Kelas: 9e
      Absen: 20

      Werdining Katresnan

      Werdining katresnan punika
      rerakit lumampahing mangsa kang ngukir lembaring dalu rina
      kang sinerat dening astaNya.

      Werdining katresnan punika
      reroncening trenyuh kabagyan,
      kang medal saking panangis lan gumuyu,
      trus rumesep ing telenging kalbu.

      Werdining katresnan punika
      angaksami tumrap sadaya kalepatan,
      nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.

      Werdining katresnan punika
      sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang
      lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.

      Werdining katresnan punika
      rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;
      awit katresnan salaminipun langgeng.

      Werdining katresnan punika
      peparingan Gusti Allah
      katresnan kang mekar ing telenging manah,
      konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…

      Hapus
  22. Jeneng:Adrian Lesmana
    Kelas:9E
    No.abs:04



    PETENGING WENGI

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  23. KEKUDANGANKU


    o, ngger sang ponang jabang bayi
    bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
    sira wus lahir kanthi slamet
    nyawang gumelaring jagat raya

    yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
    kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
    yen sira mesem tak kudang tak liling

    o, ngger sang ponang jabang bayi
    tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe


    Jeneng : Jatu Dwi Cahyanti
    Kelas : IX-E
    No.Absen : 17

    BalasHapus
  24. Lutfia Rizki Ananda8 Maret 2012 pukul 13.18

    Kebang Mawar Biru

    Kumleyanging rasa mecaki wengi
    Kagawa obah musike ati
    Gumunku ngrasake urip iki
    Pindhaning palwa saumpami

    Kabuncang angin tan kuwawi
    Sambate tekan lungiting ati
    Pancen dinulu urip pindaning sandiwara
    Manut kandane bakul sinambi wara
    jejering garwa sigaranig nyawa

    Nanging ngapa malah dadi memala ?
    Tuwuhing peputra sapa ora bungah
    Awit Putra kinarya brana tan kinira
    Nanging yen tibane padha murang tata
    Apa keluwarga ora dadi sumber brahala
    Nanging gumelaring jagad jatining semu

    Kadya jejering kembang mawar biru
    Tuwuh kadya pepethaning uripku
    Bisa dadi sesawangan kang nentremke atiku
    Nadyan tekaning asru ngreridu laku

    Nanging bisa dadi tanda tuwuhing tresnaku
    Kedaling lathi lilanana aku nyawang sliramu
    Sanadyan hamung sakedheping nitraku
    Pranyata Sliramu kang bisa nglipur atiku

    Endahing slira bisa ngelingake kang nyipta
    Embuh endahing esem, bisa gawe tentrem
    Endahing busana, ngluhurake Pangeran
    Awit kaendahan iku lenggahing Pangerana

    Mula edahing mawar biru
    Pindhaning pisungsunging mungguhing urip ira
    Kang dadi srananing manunggaling rasa
    Ing kono tuwuhe kabegjan jati

    Jeneng : Luthfia Rizki Anada
    Kelas : IX E
    No.Absen : 19

    BalasHapus
  25. NEGERI LARAHAN

    AKU ORA NGGUMUN MANEH
    NUSANTORO IKI DIPENUHI SEGORO SAMPAH
    NANG KONO-KENE AKU NYAWANG
    LARAHAN-LARAHAN MANUNGSO SING WIS ONO
    SLAMETE...
    JEK ONO WONG-WONG KUWI
    WONG-WONG KUWI GELEM MILIHI LARAHAN IKU
    JARNO WAE...
    ISI WETENGE WONG-WONG KUWI YOIKU OLEHE NYAMBUT GAWE

    NAMA:ADITYA SINGGI PRAYOGI
    KELAS: 9E
    NO. ABSEN:03

    BalasHapus
  26. MATUR NUWUN GURU

    guru
    matur nuwun sampun maringi kula kawruh
    matur nuwun sampun maringi kula impen
    matur nuwun sampun maringi kula angen angen

    sedaya ingkang mboten kula mangertos
    saged kula mangertosi
    sedaya ingkang mboten kula ngerteni
    saged kula ngerteni

    sedaya ilmu ingkang panjenengan paringaken
    wonten manfaatipun
    dumateng kula lan konco-konco
    dumanteng bangsa lan negara

    panjenengan supados penerang
    penerang saka donya ingkang peteng
    peteng impen lan angen angen
    angen angen saged panjenengan dados cetho

    maringi semanagat lan motivasi
    motivasi supados berhasil
    berhasil nggayuh napa ingkang di angen-angen
    matur nuwun guru

    BalasHapus
  27. jeneng : fitri ayu amalia
    no.abs : 14
    kelas : 9e

    BalasHapus
  28. JENENG : INTAN DWI AMALIA
    KELAS : 9E
    NOMER : 16


    BIYUNG


    Biyung,
    Ing garbamu aku nate ngrasakake angeting katresnanmu
    Uga ademing panggulawentahmu
    Kang tanpa upama nglejarake langkahku tumuju ing karaharjan tanpa ninggalake paugeran lan kasusilan
    Ing waspamu kang nyimpen luhuring bebana aku kaajap bisa dadi jalma kang utama

    Biyung…
    Sliramu gawe kangening ati
    Sanadyan aku asring gawe gela
    Nanging biyung tetep sabar
    Surga ana ing telapakanmu
    Ngampurane biyung…
    Aku kangen, Biyung
    Marang pangajapmu kang ora nate kendat paring pandonga kanggo jembar lan lancare langkah-langkahku

    BalasHapus
  29. Randu Kuning

    Papan nggonku ngulukake layangan
    Saiki jembar bawero ngilak-ilak
    Kebak wedhi, krakal lan watu
    Kiriman saka Merapi

    Swara jangkrik kang gawe ayem tentrem
    Gumanti swara glumudhug nggegirisi
    Banjir lahar wis ora ngumani
    Tlatah Randu Kuning tanpa tabet

    Mbok, reneo
    Dalanku mung munthui wedhi
    Aku gawe kraton dhuwur, mbok
    Angen-angenku kareben ora kentir
    Kaya sawah lan tegalanmu
    Sawangan, 17 Desember 2010

    Jeneng : Luthfia Rizki Ananda
    Kelas. : IX E
    No.absen : 19

    BalasHapus
  30. Kembang Mawar

    Mawar abang....
    Wernamu sing endah
    Ambumu sing wangi
    Rupamu sing ayu
    Gawe wong terlena
    Gawe wong terpanah
    Jero buaian keendahan

    Mawar abang....
    Mahkotamu sing abang
    Lambang kewanian....
    Godhongmu sing ijo
    Lambang kahidupan....

    Mawar abang....
    Kau dadi lambang cinta
    Dadi ungkapan isi ati
    Lan dadi ungkapan rasa cinta
    Gawe wong sing onok ing jero ati


    nama:aida istiqomah
    no: 05
    kelas:9e
    pak niki sing anyar

    BalasHapus
  31. Endahing Alam Dunyaku


    Esuk iki wektu aku mbukak mata
    Katon srengene ngintip saking wetan
    Cahyane nyinari kahuripan alam semesta
    Nggawe bungah kabeh insan ing ndunya

    Embun esuk tansah nelesi gegodongan
    Manuk-manuk padha nyanyi ing pucuking wit-witan
    Angin semilir nggoyangake tandur-tanduran
    Bocah-bocah padha dolen beblayon ing tanah lapang

    Kanca-kanca
    Ayo padha rene
    Dedolen bareng ing kene
    Geguyon ing ngisore srengenge

    Kanca-kanca
    Mlayuo merene
    Ndeleng endahing alam bebareng
    Supaya ati dadi bungah lan seneng

    Ya Gusti, Kang Maha Asih
    Sembah agung kula aturaken Pangeran-Ku
    Panjenengan nyiptaaken kaendahan alam kang sampurna
    Syukurku marang-Mu Gustiku. . .


    Jeneng : Tifani Tiara Suci
    Kelas : IX.E
    No. Absen : 32

    NB : Pak Pur, niki geguritan kula inkang enggal.

    BalasHapus
  32. Jeneng:Elisa Septiardiyani
    Kelas: IX-E
    No. absen: 10


    SEKOLAH


    Gedhong ngadeg njenggereng
    Esuk kabeh teka bareng
    Nggawa ati kebak seneng
    Nampa piwulang kanthi enteng
    Mbukak buku isi ngelmu
    Manut pitutur guru
    Nora sayah lan ngelu
    Wanci ngaso rame cemuwit
    Bocah cilik anjerit
    Playon... guyon... sesendhon

    BalasHapus
  33. Jeneng: Elva Nur Lestari
    Kelas: IX-E
    No. absen: 11

    ESEMMU


    Esemmu bocah cilik
    Yen wis bisa playon
    Ora mreduli regane trasi
    Ora mreduli arep mbedhi

    Esemmu bocah cilik
    Kaya dolanan jamuran
    Marang pangeran
    Esemmu bocah cilik

    BalasHapus
  34. Nama: Devi Tita R.
    Kelas: 9e
    Absen: 08
    JANJI SEPI

    dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha

    prasasat isih dawa janjimu

    kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku

    nlusup ing balung sungsum

    angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa

    netramu yen lagi nyawang jagad

    agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara

    ora kuwat nyangga bumi

    ora kuwat ngreksa budi

    angin isih nggoleki aburing kupu

    mangsa rendheng udane nggrejih

    nanging kali durung akeh banyune

    rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke

    ngebaki guwa pertapan asri

    kekidungan dhewe tan kena dipenggak

    kadya lali purwa duksina

    angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nama : Mar'Atus Sholichah
      Kelas : 9e
      Absen : 20

      SEPI

      iki sepine sopo?
      kathik ono sepi sepo....

      langit peteng kagubeng dening mendung....
      tanpa angin tanpa wicara...
      tanpa lagon tanpa gending...

      yen sliramu isih rumongso tresno
      gunemu bakal dak anti...
      nadyan getir rasaning ati....

      sepi....
      iki sepine sopo
      kathik ono sepi sepo...

      Hapus
    2. Nama: Nisaul Sholihah
      kelas : 9e
      absen: 25
      PESAKITAN

      urip kang abot

      ngene kleru, ngono luput

      ngetan ora bener

      ngulon ora gathuk

      meneng salah, obah ora kena

      dikungkung

      dipingit

      dipasung

      dikunjara

      dirante

      dibanda

      dirut

      diidak

      dikurung

      dilebur

      dijur-jur

      diobrak-abrik

      diosak-asik

      dijuwing-juwing

      angen-angene

      pepenginane

      gegayuhane

      kamardikane !

      Hapus
  35. Sadawane Uripku

    Nalika Baskara lumaku mangulon
    Ninggalake Cahyo moyo-moyo kang mung kari ana raya
    Ngentire gangsir muter lagu dedamen
    Kang mrucut saka pangimpen

    Ing perange kebonan
    Mung bisa gak temokake
    Swara kumrisike walang kayu
    Delengan para jutawan

    Isih lungguh ngatur wektu
    Nanging aku mung bisa lungguh ana sakpinggire dalan
    Yen menawa isih ana,
    Kang menehi welas marang awakku

    Jeneng : Rosintya Roudhotul Zahirah
    Kelas : 9e
    No.Absen : 28

    BalasHapus
  36. - KANGEN BAPAKKU -

    Bapak.. siji jeneng sing nduwe sejuta arti
    Bapak.. tak syukuri tau ngrasakake tresnamu
    Bapak ngilangake rasa kesel gawe anak lan Biyung
    Watu landhep omongane manungsa mbok singkirno

    Bapak ndhawuhi aku pangerten sing ora aku ngerteni
    Lan ngajari aku pamulangan sing ora aku ngerteni
    Bapak iku kayata guru uga jaksa sing adil banget kanggo kaluwargane
    Kanthi Bapak ngerasa sayah lan kesel banget
    Lan bapak nitipake aku marang Biyung
    Aku seneng nduweni Bapak kayak Bapakku

    Aku tresna banget marang Bapakku..

    Jeneng : Tresnamayu Rahma Dika
    klas/absen : 9E/35

    BalasHapus
  37. jeneng: Rumaisha Az Sahra
    kelas | absen : IX-E |29


    "Biola"

    sing nggesek dawai iki
    rasan-rasane aku sing nggerakake
    nanging sabenere, aku sing nggerakake
    terus-terusan, tekan detik kanthi detik
    memori iki, ngerekam nada nada iki
    lan ngira yen iki permainan sing ayu sanget
    ora, iki Symphony Orchestra
    lan ing tanganku mung ono siji biola

    manungsa, kayata keris sing di celupke marang segara
    nganthi kira yen segara iku serangkane berpagut
    setithike wong sing weruh
    yen dheweke kekurung ing njero endhog sing mambu
    tangane terpasung ing khanthi pinggir dagu
    ora tau netes, opo maneh urip
    ndelenge cedhak, nanging ing tepine mata sing kang wulu

    nganti opo artine manungsa sayuta-yuta
    ing ndukur dunya budayane heboh karonta ronta
    opo mung dadi tanda sing akhire urup dadi pelita
    sadhela terang lan bali dadi gulita

    rungokake jawabane tekan jerone meditasi
    jiwa arahe nang nyelem menyang tentrem
    jawabane podho
    urip kanggo Shymphony Orchestra
    lan ing tanganku mung ono siji biola

    BalasHapus
  38. Jeneng : Duy Kusuma Dewi
    Kelas : IX E
    no.abs : 09

    "Percaya"


    Percaya....
    Percaya yen kowe bisa
    Percaya yen iku nyata
    Percaya kang bisa kecapai

    Tanpa ana rasa wedi
    Ing njeroning usaha
    Ora tahu ngomong ora
    Angge wujudake pengarepan

    Usaha, doa lan kapercayaan
    Kang dadi dasar
    Ing njeroning ati
    kang ana motivasi

    Kowe kudu percaya
    Kowe bisa nembus srengenge
    Kowe bisa ngawujudake
    Kabeh seng dadi pengarepanmu

    BalasHapus
  39. JENENG : ZHAFIRAH ZAHRAH
    KELAS : IX E
    NO : 34

    pak purwito, niki geguritan seng nggawe kulo dewe

    IBUKU
    Ibu,
    Meningi donya kang sangsaya tuwa,
    sliramu panggah mesem ngujiwat,
    jroning duhkita sing pait kasangsaya,
    sliramu panggah santosa ing budi...

    Ibu,
    sliramu iku jati dhiri manusa prakosa,
    sing tansah nggantha lan nglari panguripan,
    datan ngrasa kasayahen lan kamomotan,
    tansah asung jurung pamuji,
    mring jiwa-jiwa kang rengka,
    tansah paring winihing katresnan,
    setya nepusi dina lan sasi,
    dene lungiting angin lan samudramu,
    ngimbuhi greget prauku lelayaran,
    ngupadi tentreming ati,
    ing sangkan paraning dumadi...

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming