Selasa, 21 Februari 2012

PDIM -Partai Dagelan Indonesia Malaysia

Pertandingan badminton antarane Indonesia mungsuh Malaysia, Sabtu(18/2), mesthine dadi tontonan sing menarik. Rivalitas rong regu mau biasane dadi bumbu nyamleng sing ndeleng.Nanging asa kanggo nonton partai sing narik kawigaten ora maujud. Sing ana mung dhagelan sing dikuwatirake bisa ngrusak nilai sportivitas olah raga. Tim loro mau sajake wis ora temenan nindakake pertandingan iki. Dene sebabe, antarane Indonesia karo Malaysia wis nggegem tiket ing putaran final Piala Thomas ing Wuhan, China, Mei 2012.Posisi katelu ing kualifikasi zona Asia wis ora duwe greget.Kamangka status turnamen mau iya minangka kajuaran beregu Asia.
Saka susunan pemain, Indonesia nemtokake Simon Santoso, Tommy Sugiarto, lan Dionisiyus Hayom Rumboko ing tunggal, dene dobele Alvent Yulianto/ Hendro AG lan Markis Kido/Hendra Setiawan. Sing ngagetake yaiku susunan pemain Malaysia, ora serius ing pertandingan iki.
Ing tunggal, Lee Chong Wei lan Muhammad Hafiz Hashim ora dimainke. Sing dipasang Daren Liew lan Mohammad Arif Abdul Latif. Ing tunggal katelu, la iki sing” istimewa”. Malaysia milih Koo Kien Keat, sing cetha wela-wela dudu pemain tunggal. Koo Kien Kiet iku pemain dobel Malaysia sing biasane gandhengan karo Tan Boon Heong. Dobel Malaysia malah milih Goh V Sem/ Hoon Thien How.
Endheke kualitas tetandingan mau wiwit krasa nalika Simon mundur saka glanggang ing game wiwitan kanthi alasan cedera engkel. Partai kaloro antarane Alvent/ Hendra mungsuh Goh V Sem/ Hoon Thien How iya nuduhake tanpa greget. Ora ana adu reli utawa smes get-getan sing diarep-arep penonton. Partai kaloro iki dimenanganke pasangan Malaysia, 21 – 14, 21 -18.
Ing partai katelu, Tommy main serius, nanging amarga mungsuhe ora imbang dadi partai iki anyep nyep malah nyebelake.Padha karo partai sadurunge, Kido/ Hendra ya ora oleh mungsuh sing sababak saka Lim Khim Wah/ Theo Kok Siang, Kido/Hendra mung mbutuhke wektu 25 menit kanggo mungkasi game mau.
Dagelan satemene yaiku ana ing partai kalima yaiku Hayom mungsuh Koo Kien Keat. Ora ana sportif blas amarga Koo ora serius, ndagel. Bola-bali ngguyu nalika gagal mbalekke kok, semono uga nalika oleh poin.
Tim Malaysia dhewe ora rumangsa isin kanthi anane tetandhingan mau “ La apa serius, wis gak ana gunane gak ana manfaate.Padha karo Indonesia, timku wis lolos , ora perlu menangke ing tetandingan iki” ujare Manajer Malaysia Abdullah Sayed Abu Bakar, pranyatan sing meh padha karo kang diucapake Wakil Manajer Indonesia, Yacob Rusdianto.
Malaysia lan uga Indonesia sah-sah wae duwe alasan kaya ngono. Nanging iki ironis amarga ora nggatekake sing diarani sportivitas.Yen terus mengkono, ora aneh yen badminton bakal ora narik kawigaten lan bakal ditinggal penonton. Biyuh….( kom19212).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming